44. Ad-Dukhan
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1Haa miim
2Demi Kitab Al-Quran kang nerangake
3Ingsun nurunake kitab al-Quran mau ana ing wengi kang berkah, Ingsun ngelingake manungsa kelawan al-Quran
4Sarupaning perkara kang tinamtokake padha dipilah - pilan kanthi wicaksana
5Dipilah - pilah terang saka Ingsun, Ingsun kang ngutus para Rasul
6Minangka sih piwalesing Pangeranira, satemene Allah iku mireng tur nguningani samu barang
7Kang ngratoni bumi lan langit lan samu barang kang ana antarane, menawa sira wis terang (yakin)
8Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang nguripi lan mateni yaiku Pangeranira lan leluhurira ing zaman kuna biyen
9(Wong kafir) padha mamang bakal uripe wong kang wis padha mati sarta nggeguyu
10Sira mung ngentenana qiyamat nalika langit lan bumi ngetokake kebul ngebaki antarane langit lan bumi
11Kebul mau nampek manungsa, siksa kang nglarani
12Manung mau banjur munjuk ing Allah, "Pangeran kawula, Paduka mugi ngluwarna kawula saking siksa punika, sapunika kula sami pitados
13Manungsa wis padha didhawuhi terang dening Rasul mulane nalika turuning siksa panelangsane ora migunani
14Banjur padha mlengos (marang Muhammad) Pangucape, "Iku muride wong edan
15Hiyata, Ingsun hentas saka siksa sawetara, nanging sira banjur bali kafir maneh
16Ing kono Ingsun niksa marang wong kafir sarana nandukake gegaman kelawan sengit
17Biyen sadurunge dheweke (wong Mekkah) Ingsun nyoba Fir'aun sabalane kang mulya (Musa lan Harun)
18(Dhawuhe Musa), Para kawulane Allah, aku iki utusaning Pangeran, dipercaya nerangake marang kowe padha mituruta marang aku
19Lan kowe aja padha lumuhur - luhur ora gelem ngertekake dhawuhe Allah, tekaku iki kanthi tandha yekti kang terang. Mratandhani yen aku iki utusane Allah
20Aku nyuwun pitulung ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu aja nganti kok balangi watu
21Manawa kowe padha ora ngandel marang aku, mung aja nandukake pihala wae
22(Musa) munjuk ing Pangerane mratelakake yen Fir'aun sabalane padha puguh kafir (muga ditindakna ana kang dadi bener)
23(Dhawuhing Allah marang Musa), "Sira lan para kawulaningsun padha lungaa (saka Mesir) mangkata ing wayah wengi sira bakal diburu
24Menawa sira tekan segara gitikna kelawan tekenira banyune mesthi piyak. Satemene Firaun sabalane bakal Ingsun tungkepi banyu ana satengahe segara
25Fir'aun ninggal palemahan lan kali pirang - pirang kang mili (ing Mesir)
26Lan ninggal tetanduran lan gedhung pirang - pirang kang indah
27Lan ninggal bondho akeh kang mane dianggo bebungah
28Wis mangkono karsaningsun tininggalane Fir'aun sabalane mau, Ingsun paringake dadi warisan marang wong liyane
29Bumi lan langit ora nangisi kasangsarane Fir'aun tumpes tanpa disrantekake maneh
30Wong Bani Israil wis padha Ingsun paringi slamet saka siksa lan siya - siya
31Saka panggawane Fir'aun kang kebangeten anggone gumedhe
32Satemene wong Bani Israil mahu padha Ingsun pilih, kaparingan kaweruh lan kapinteran akeh ngungkuli wong sajagad
33Lan Ingsun gelari kahelokan akeh kang tetela dadi coba
34Satemene dheweke (wong turun Qurais) iku temen - temen padha ngucap
35Anggonku mati mesthi mung sapisan wae, ora bakal diuripake
36Yen pangucapmu mau bener pada uripna para leluhurku kang wis padha mati
37Apa dheweke (wong musyrikin) luwih gagah prakosa lan sugih karo ummate Tubba' lan para ummat sadurunge. Hewa dene kabeh padha ditumpes awit padha kafir
38Anggon-Ku gawe bumi lan langit apadene barang kang ana antarane ora dolanan tanpa gawe
39Anggon-Ku gawe bumi lan langit mau wis mesthi ana gunane, nanging kang akeh padha ora weruh
40Satemene besuk Qiyamat nalikane para kawulaningsun padha dipisah - pisah dina mau dadi karampungane perkara kabeh
41Hiya iku dina nalikane para sanak utawa mitra padha ora bisa tulung - tinulung apa - apa, ora bisa nulak siksaning Allah
42Kajaba wong kang diasihi Allah hiya iku para mukmin, satemene Allah iku Maha Mulya tur Maha Asih
43Satemene wit Zakkuum
44Dadi pangane wong duroko
45Rupane koyo lengo kang reged, yen dipangan ana sajeroning weteng umub
46Kaya dene umube wedang
47(Wahai neraka) Wong kafir iku cekelen banjur laraken marang tengahe neraka jahim
48Nuli padha grujugen wedang, siksa saka dhuwuring endhase
49(Hai wong kafir), Rasakna siksaningsun, awit ngaku maha mulya tur wicaksana
50Siksa iki kang padha sira paido biyen
51Sarupane wong kang padha bekti ing Allah, ana panggonan tentrem
52Hiya iku ana ing suwarga kang ana bengawane mili
53Padha nganggo sandhangan sutra tipis lan kandel, serta padha patemon karo kancane
54Wis mangkono karsaningsun wong mukmin padha diparingi jodho widadari kang mripate blalak - blalak
55Wong mukmin mau ana suwarga jaluk woh - wohan warna - warna marang kang ngladeni, woh - wohan mau ora bisa entek
56Ing suwarga ora bakal nglakoni mati salawase, kajaba mati sapisan kang wis dilakoni ing donya. Allah ngreksa wong mukmin ora kacemplung neraka Jahim
57Iku minongka sih kanugrahane Pangeran aran kabegjan kang gedhe
58Surasaning al-Quran iki Ingsun gampangake tembungira (Arab) supaya manungsa padha nampani pitutur
59Sira ngentenana pitulunging Pangeranira, wong kafir hiya padha ngarep - arep rusakira
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath