36. Yaseen
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1YaaSiin(Allah piyambak kang wuninga tegese lan karepe)
2Demi Al-Quran kang hisi kawicaksanaan
3(Muhammad) satemene sira iku hewone para utusane Allah
4Netepe lan mulang ana dalan kang bener
5Hiya iku Quran kang wis didhawuhake dening Allah kang Maha Mulya tur Maha Asih
6Supaya sira ngelingake marang wong akeh. Para leluhure biyen, salowonge para Nabi ora ana kang ngelengake mulane padha lali (ngabekti ing Allah)
7Wong mahu kang akeh padha tinamtokake nandhang siksa awit padha ora percaya
8Gulune wong mau padha Ingsun kalungi blenggu, wong mau padha handhangak
9Ing ngarepe lan burine wong mau. Ingsun dokoki tutup kang mepeti anggone arep ngandel ing Allah, pandelenge Ingsun gawe peteng. Mulane padha ora handeleng dalan kang bener
10Wong kang mangkono mau sanadiyan sira elingake utawa ora padha bahe, mesthi ora gelem percaya Allah
11Anggonira ngelingake manungsa iku kang mesthi tumama lan migunani marang wong kang ngestokake dhawuhing al-Qu'ran. Sarta bekti marang Pangeran kankg Maha Murah sanadiyan ana pasepen. Wong kang mangkono mahu sira bebungaha bakal oleh pangapuraning Allah lan oleh ganjaran mulya
12Satemene Ingsun besuk bakal nguripake sarupaning wong kang wis padha mati. Sarta nyatethi laku hala lan becik kang wis padha dilakoni dening wong mahu. Apa dene lelabetane wong mahu. Samu barang iku kabeh Ingsun cacahake teliti lan diterangake, tinulis ana ing Lauh Mahfudz
13Lan sira anggelara upama marang para ummatira (ing negara Inthoqiyah) nalika ditekani para kongkonane Nabi (Isa)
14Dehek samana Ingsun ngutus wong loro (aran Yuhana lan Baulus) wong ing kono padha maido marang utusaningsun loro mahu. Mulane Ingsun banjur ngutus wong siji maneh dadi wong telu. Wong telu mau banjur padha pratela, "Aku iki utusaning Allah dikersakake mulang marang kowe kabeh
15Padha mangsuli, "Pamanggih kula sampeyan niku inggih sami kaliyan kula kemawon, Pangeran Ingkang Maha Murah inggih boten dhawuh punapa - punapa. Dados sampeyan punika tetela dora
16(Rasul telu) padha mangsuli, "Sanadiyan kowe padha maido, nanging Allah Pangeranku nguningani anggonku temen diutus Allah nyurub-nyurubake marang kowe
17Wajibku ora ana maneh mung handhawuhake parentahing Allah
18(ummate) padha mangsuli, "Sapunika kula sami kenging weweleh kadhawan jawah jalaran pandamel panjenengan. Mila manawi mboten panjenengan mantuni anggen panjenengan makaten punika., panjenengan mesthi kulo balangi ngantos pejah sarta kulo sakiti
19(Rasul telu) padha mangsuli, "Weruhana anggonmu padha kena wewalak marga saka awakmu dhe. Hiya iku anggonmu padha kafir, ora marga tak elingake (tak ajak Islam), nanging pancen kowe kebangetan anggonmu padha duraka
20Dumadakan ana wong lanang (krungu wong Inthiqonah maido rasul) banjur gagancangan melayu saka panggonane (watesing negara) tekan kono banjur celathu, "Para kancaku (Ing Inthiqonah) kowe padha ngestokna para rasul iku
21Padha manuta bahe marang wong kang ora amrih pituwas saka kowe. Rasul telu mahu tetela netepi pituduh bener
22Ya gene aku ora nyembah marang Pangeran kang gawe awaku ing tembe yen kowe wis padha mati, mesthi padha bali ing ngarsane Allah
23Apa aku ngedegake Pangeran liyane Allah? (mangsa gelema). Menawa Allah kang maha murah ngersakake kemelaran marang aku, berhala kang kok kira bisa migunani, iku mangsa migunana apa - apa marang aku, lan mangsa bisaha gawe slamet marang aku
24Manawa aku nganti mangkono tetela aku iki wong kesasar
25Dhuh para Rasul mugi sampeya sekseni kula punika pitados dhateng Allah pangeran panjenengan
26(Wong mau banjur dipateni dening wong Intoqiah, bareng wis mate) wong mau tompa dhawuh, "Sira malebua ing suwarga". Wong mau banjur celathu, "Para kancaku sapungkurku muga - muga padha weruha
27Allah anggone wis paring pangapura marang aku, lan handadekake aku hewone wong mulya
28Sawise mati (Ingsun numpes ummat mau) tanpa nurunake bala saka langit, mulane Ingsun hiya ora nurunake bala saka langit (Malaikat)
29Panumpase (ummat mahu) mung sarana pathake (Malaikat Jibril) sapisan bahe, tumuli dheweke wis padha mati kabeh
30Para kawulaning Allah (kang getun sajeke) saben katekan rasul mesthi padha anggeguyu marang rasul mahu
31Wong kafir apa ora padha handeleng, pira bahe akehe para ummat ing zaman kuna, sadurunge kang padha Ingsun tumpes, dheweke mahu ora pisan bali (marang donya)
32Sarupane kang dumadi sawise sirna, ora banjur tulus sirnane, nanging kabeh mahu ing tembe bakal dihimpun marang ngarsaningsun
33Lan saweneh tandha yekti kuasane Allah yaiku bumi kang mati (bera) Ingsun uripake lan wetokake pametune wiji kang padha dipangan dening dheweke
34Bumi mahu Ingsun dekeki pakebonan kang isi wit kurma lan anggur, sarta Ingsun wetokake semu barang pirang - pirang
35Supaya (dheweke) padha mangana wohe kurma sapanunggalane, tur wong kafir ora gawe woh - wohan mahu. Yohene dheweke ora gelem syukur
36Maha suci allah kang wis nyiptaaken (menciptakan) sakabehaning thetukulan ing bumi warna - warna. Lan uga wis gawe awake manugnsa kabeh (warna - warna lanang lan wadon) apa dene wis gawe semu barang kang wong ora weruh
37Lan saweneh tandha yekti maneh kang mratandhani yen kuwasaning Allah iuk sampurna. Hiya iku anane wengi kanggo nyalinni awan. Ing kono (wong kafir) padha kapetengan
38Lan maneh srengenge anggone lumaku tekan panggonane kang tetep. Kelakone mangkon omahu saka kawusane Allah kang Maha Mulya tur nguningani samu barang
39Lan amneh rembulan Ingsun temtokake mlaku ana ing manazil (dalaning rembulan/peredaran) nganti bali wangune kaya mancunge kurma kang wis tuwa lan garing
40Strengenge ora bisa nutupi rembulan banjur kumpul ing wayah wengi, mangkono maneh wengi ora bisa nengah - nengahi awan. Dene srengenge, rembulan lan lintang - lintang padha mlaku kalangan ana cakrawalane dhewe - dhewe
41Lan maneh kanggo dheweke tandha yektining kuwasaningsun, hiya iku anggoningsun ngemot para leluhure ana ing perahu kang kebak (zaman Nabi Nuh a.s)
42Ingsun gawekake (kanggo dheweke) tunggangan kang ngemperi perahune (Nabi Nuh)
43Menawa ana kersane (Pangeran) wong kafir dak kelemake ana segara mesthi kelakon sarta ora ana kang bisa nulungi wong mahi ora bisa selamet
44Kajaba marga saka rohmatingsun lan Ingsun paringi kabungahan nganti tekan wawangene patine
45(Wong kafir) Nalikane padha didhawuhi mangkene, "Sira padha wediya patrapane dosa kang ana ngarepira, (hiya iku patrapan kencengan ana donya) Lan patrapan kang ana burinira (hiya iku patrapan besok ana akhirat) supaya sira padha holeh asihing Allah
46Wong kafir saben didhawuhi ayat pangandikaning Pangeran, mesthi padha melengos
47Nalikane padha didhawuhi mangkene, "Kowe padha mewehana rizki kang wis padha diparengake dening Allah marang kowe." Wong kang padha kafir banjur padha mangsuli marang wong mukmin, "Ya gene aku aweh pangan marang sawijining wong, kang manawa ana parenge kersane Allah, Allah paring rizki marang wong mau, anggomu akon meweh marang wong mahu, tetela kesasar
48(Wong kafir) padha celathu, "Menawa kandamu yen wong kanf wis padha mati bakal padha diuripake maneh iku temen, mara besuk apa kelakone
49(Wong kafir mau) ora liwat mung ngenteni pathakke (malaikat Israfil) pathak kang sapisan bahe wong sahisine jagad mati kabeh, ketungkul anggone padha grejegan
50Mulane padha ora bisa mekas apa - apa, lan sawise mati padha ora bisa bali marang donya ketemu sanak sedulure
51(Malaikat Israfil) banjur handamu sempronge kang hisi nyawane para manungsa, ingkono wong kang mati padha tangi kabeh, metu saka ing kuburane padha digiring seba ing ngeyunaning Pangeran
52Banjur padha celathu (wong kafir), "Haduh, cilaka temen aku sapa kang nangekake aku saka anggonku turu", Hiya kang diprasetyakake dening Pangeran kang Maha Murah, saiki tetela pangandikaning para rasul biyen temen
53Pandamuning semprong (Malaikat Israfil) mung sak kempusan bahe. Sarupaning manungsa teka kabeh padha seba ing ngarsaningsun
54Ing dina iku ora ana kang dianiaya sethithik - thithika, lan sira ora diwales apa - apa, kajaba diwales semu barang kang wis dilakoni
55Sejatine ing dina iku wong ing suwarga padha mangan suka
56Wong ing suwarga dalah para rabine padha linggih sendhen ana kursi ing ngeyuban
57Padha duwe suwarganing woh - wohan, sarta ketekan semu barang kang dipengini
58Padha dibagekake selamet kelawan pangandikaning kang Maha Asih
59Para wong kafir kabeh, dina iki sira padha dheweya aja awor wong mukmin
60Para turune Adam, Ingsun apa ora wis macuh marang sira? aja padha nyembah syetan, wis tetela (cetha) syetan iku musuhira
61Ingsun parentahi, "Sir anyembaha Ingsun, Iki dalan bener
62Sejatine syetan wis nasarake wong akeh tunggalanira. Ya gene sira padha ora mikir kang mangkono mahu
63Iki neraka jahannam kand di ancamake marang sira biyen
64Dina iku sira nyemplunga neraka jahannam minongka patrapane anggonira padha maido marang Ingsun
65Ing dina iku sira ngunci cangkeme wong kafir kabeh (dadi ora bisa selak), tangane padha munjuk marang Ingsun dene sikile padha nekseni ngandhakake kabeh barang kang wis padha dilakoni nalika ing donya
66Upama ana parenge karsaningsung, wong kafir mau padha Ingsun cuplaki matane, ing kono kelakon padha melaku ing dalan, kapriye anggone bisa weruh dalan
67Upama ana kersaningsun, wong kafir mau Ingsun salini rupa (dadi kethek, celeng, utawa watu) mesthi kelako ana panggonane banjur padha ora bisa mlaku utawa bali dadi wong maneh
68Sing sapa Ingsun paringi dawa umure, sawise katok rasane lan kabeh bahe, banjur Ingsun balekake dadi bocah maneh. Ya gene padha ora anggagas
69Ingsun ora mulang tembang/syair (marang Muhammad), saiba dheweke (Muhammad) ora bisa nganggit tembang. Dene kang didhawuhake iki dudu tembang, nanging Kitab al-Qur'an isi dhawuhing Allah marang manungsa
70Kanggo ngelingake wongkang akale urip, lan majibake siksa wong kang atine mati yaiku para wong kafir
71Wong kafir padha ora ndeleng yen sarupaning rajakaya iku gawene Ingsun dhewe, mongka Ingsun parengake migunani marang manugnsa, banjur handarbeni
72Rajakaya mau Ingsun gawe manut miturut marang manungsa, malah ana kang dadi tetunggangane, lan ana kang dibeleh, daginge dipangan
73Perangane rajakaya akeh kang migunani marang manungsa (wulune kena ginawe sandhangan) pohane dadi omben - ombene, ya gene padha syukur
74Wong kafir padha ngadegake pangeran saliyane Allah, (brahala). Padha ngarep - arep oleh pitulungane
75(Brahala mau) ing tembe ora bisa weh tetulung marang wong kafir, dheweke padha digiring marang neraka, memper kaya balane
76(Muhammad) sira aja sedhih miris dening sumbare wong kafir. Ingsun nguningani kang padha dibathin utawa dilahirake dening wong kafir
77Manungsa apa padha ora deleng anggoningsun gawe manungsa mahu saka nutfah? bareng wis dadi manungsa banjur padha madone dhawuh Ingsun
78Wong kafir lali kawitane anggoningsun dadekake manungsa, malah padha angelar upama anggone maido yen ing tembe bakal Ingsun tangekake saka pati. Pangucape, "Sapa kang bisa nguripake balug kang wis ajur dadi wong maneh
79(Muhammad) Dhawuha, "Kang bakal nguripake iku Pangeran kang murwani gawe balung mahu, diuripake dadi wong. Pangeran nguningani semu barang kang dumadi
80Kang metokake geni migunani marang kowe, diwerokake saka kayu kang teles tur ijo. Ing kono kowe bajur ngumbakake geni mahu
81Pangeran kang gawe geni lan langit kang semene gedhene, apa ora kkuwasa gawe barang kang cilik (Hiya iku manungsa)? Allah iku kang gawe samu barang kang dumadi tur nguningani
82Kanyataning Allah, manawa kersa gawe sadhengah barang mung ngandika, "Sira anaa", sanalika banjur ana
83Allah iku Maha Suci, Panguwasane samu barang kawengku ing Allah. Besuk ana akherat samu barang padha bali marang ngarsane Allah
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath