96. Al-Alaq
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1(Muhammad) sira macaa kelawan asmaning Pangeranira Kang anitahake
2Panjenengane anitahake manungsa saka getih kenthel
3Macaa, lan Pangeranira iku Ingkang Maha Mulya
4Kang meruhake (carane nulis) nganggo kalam
5Kang meruhake marang manungsa, barang kang maune durung weruh
6Nanging satemene manungsa iku kebangeten
7Dene rumongsa awake wis cukup (ora butuh)
8Sira iku mesthi bakal bali disowanake ana pangayunaning Allah
9Kapriye penemunira wong kang menging
10Sawijining abdi samongsa sholat
11Apa sira weruh yen dheweke iku nglungguhi pituduh bener
12Utawa ajak - ajak jaga diri (saka ala)
13Apa sira weruh yen dheweke iku anggorohake lan mlengos
14Apa dheweke ora weruh yen Allah iku amirsani
15Temen menawa dheweke (Abu Jahal) Ora mareni anggone kafir ing tembe mesthi Ingsun candhak kuncunge (bathuke)
16Kuncunge wong goroh, kuncunge wong luput
17Yen wis mangkono mara ngundanga kanca - kancane jaluka pitulung
18Nanging Ingsun undangake malaekat Zabaniah
19Aja sira manut dheweke, sarta sumujuda (sholat) lan nyedhakka ing Allah kelawan sujud
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath