Islam
bali

92. Al-Lail

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Demi wengi nalikane nutupi awan kelawan petenge

2Lan awan nalikane lahir gumelar

3Sarta tumitahing lanang lan wadon

4Satemene lakunira para manungsa, beda - beda

5Dene sapa wongkang we-wehsarta anjaga dirine (saka ala)

6Lan benerake kang becik

7Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang gampang

8Dene wong kang kumed (cethil) sarta rumangsa ora butuh (marang Allah)

9Apa dene nampik barang kang becik

10Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang angel

11Bandhane ora migunani apa - apa manawa dheweke wis sirna

12Sayekti nuduhake dalan iku tanggungan Ingsun

13Lan sayekti akherat sarta dunya iku Ingsun kang kagungan

14Mulane Ingsun ngelengake marang sira, geni kang mulad - mulad

15Ora mlebu mrunu kejaba kang banget cilaka

16Kang maido kasunyatan lan mlengos

17Lan bakal diedohake saka wong kang banget anggone anjaga dhirine (saka ing ala)

18Kang mewehake bandhane, anuceni dirine

19Ora ana wong siji kang oleh ganjaran kabungan ana ngarsane Allah

20Kajaba yen anggone ngelakoni kabecikan, murih keparenge Pangeran kang Maha Luhur

21Ing tembe bakal lega atine nampani ganjaran

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath