Islam
bali

90. Al-Balad

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Ingsun supata, demi negara Mekkah iki

2Sira (Muhammad) manggon ing negara Mekkah iki

3Demi Bapa (Adam) lan turunane (anake)

4Ingsun temen wis gawe manungsa tansah nglakoni rekasa

5Yagene manungsa rumangsa gagah prakosa, ora ana kang bisa nguasani marang awake

6Kawetu pangucape, "Aku wes metokake bandha pirang - pirang

7Yogene manungsa rumangsa yen ora ana kang weruh bandhane kang diwerokake, Allah ora kasamaran

8Apa Ingsun ora wis maringi mata loro

9Lan ilat, apa dene lambe loro

10Lan Ingsun nuduhake dalan loro (becik lan hala) marang dheweke

11Ya gene padha ora ngelakoni dalan bener klawan temen

12Sapa kang meruhake sira nglakone dalan bener

13Yaiku (kayata) merdikaake kawula

14Utawa nalikane angel pangan (pahilan) aweh pangan

15Marang bcah yatim kang ish kelebu sanak

16Utawa marang wong miskin kang prasasat ing lemah

17Kajaba iku wong mau kudu kalebu wong kang angestu sarta weling - wineling narima lan sih-sinasihan

18Wong mangkono mau, layang cathetaning lakune padha dielungake saka tengen

19Dene wong kang maido marang timbalan - timbalaningsun iku layang cathetaning lakune padha dielungake saka kiwa

20Padha disiksa ana ing neraka kang dikunci

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath