89. Al-Fajr
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1Demi wayah bangun esuk
2Demi malem tanggal sepuluh (sasi Dzul Hijjah)
3Demi cacah genep lan cacah ganjil
4Demi wengi kang kawitan lan wekasan
5Anggoningsun supata mangkono mau (sing bisa ditampa) wong kang ana akale
6Sira apa ora andeleng Allah Pangeranira anggone numpes wong 'Aad
7(Bongsa) Iram, tur padha gagah prakosa lan gedhe dhuwur
8Kang ing negara (liyane) ora ana kang diparingi kaya mangkono
9Lan (marang bangsa) Tsamud, kang anatah watu ing jurang - jurang
10Lan anggone numpes Fir'aun kang duwe bala
11Kang atindak gumedhe ana ing negara - negara
12Banget anggone gawe rusak ana ing negarane
13Allah Pangeranira banjur nurunake siksa warna - warna marang dheweke
14Satemene Allah Pangeranira angawasake
15Wondene manungsa iku manawa dicoba dening Pangerane anyoba marang awake, nuli maringi kamulyan lan kamukten banjur kondha, "Pangeranku mulyakake aku
16Nanging samongsa dicoba (liyane) banjur rejekine dicumpi banjur kondha, "Pangeranku anginakake aku
17Ora! nangeng kowe padha ora gelem welas asih marang bocah yatim
18Lan ora akon aweh pangan marang wong miskin
19Lan padha ngukub tinggalane wong mati kelawan banget
20Lan padha dhemen banget bondho
21O, samongsa bumi rinemuk ajur - mumur
22Parentahe Pangeranira kaleksanan lan malaekat jejer - jejer
23Ing dina iku neraka Jahan ditekakake. Ing dina iku wong bakal eling nanging apa gunae eling iku
24Dheweke bakal kondha, "O, bok aku iki biyen duwea ngamal kanggo uripku saiki iki
25Ing dina iki ora ana wong bisa nguasani siksaning Allah
26Lan ora wong bisa nyentosani kaya anggone nyentosani Allah
27E, jiwa kang tentrem
28Sira baliya seba ing ngarsane Pangeranira, kelawan lega, tampa ganjaran, tur kalilan marga saka lakunira becik
29Sira malebua golongane para kawulaningsun kang becik
30Lan malebua ing suwarganingsun
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath