88. Al-Ghaashiya
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1Apa sira wis tampa dhawuh bab dina Piwales
2Ing dina iku akeh awak padha konjem
3Padha ngelakoni kangelan lan rekasa
4Lumebu ing geni murub
5Diombeni saka sumber umob (kang panase hangluwihi)
6Ora padha oleh pangan, kejaba eri
7Ora bisa ngelemoni lan ora maregi
8Ing dina iku uga akeh awak padha kapenak
9Padha lega atine marga anggone ngelakoni panggawe becik
10Manggon ana ing taman kang linuhung
11Ana ing kono sira ora tahu krungu pangucap hala
12Ing kono ana bengawane mili
13Ing kono ada dhampare kang tinata dhuwur
14Sarta pinggan unjukan kang wus tinata
15Lan bantal kang jejer - jejer
16Apa dene babut kang gumelar
17Lah apa ta dheweke padha ora angawase marang onta kapriye anggone tinitahake
18Lan marang langit kapriye anggone ginawe dhuwur
19Lan gunung - gunung anggone padha didegake
20Lan bumi anggone di gelar
21Sira Ingsun kersakake memulang, mulane memulang (menehi pepiling)
22Sira dudu wajibe meksa marang dheweke
23Amung wong - wong kang malengos lan maido
24Allah bakal nyiksa kelawan siksa kang gedhe
25Satemene manungsa iku kabeh bakal padha bali marang ngarsaningsun (Allah)
26Nuli padha Ingsun timbang hala becike
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath