Islam
bali

87. Al-A'laa

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Nyebuta Maha Suci tumrap asmane Allah Pangeranira kang Maha Luhur

2Kang wis gawe samu barang kelawan prayoga

3Lan mesthi kahanane samu barang mau ala lan becik atas kersane pribadi nuli nuduhake barang kang amrih becik

4Lan kang angetokake thethukulan

5Sawuse ijo dikersakake garing warnane abang semu kuning

6Ingsun bakal mulang Qur'an maran sira (Muhammad) lan sira ora bakal lali

7Kajaba barang kang dikersaake Allah, satemene Allah iku nguningani panggawe lan pangucap nyata lan samar - samar

8Lan Ingsun nulungi sira anglakoni dalan kang gampang

9Mulane aweha pepeling, satemene pepeling iku migunani

10Sapa sing wedi ing Allah, bakal ngestokake pepeling

11Dene wong kang cilaka bakal angedohi

12Yaiku kang bakal nyemplung geni gedhe

13Ana ing kana banjur ora mati lan ora urip

14Sayekti bakal begja sapa sing anuceni dhirine

15WOng mau nyebut asmaning Allah pangerane lan anglakoni sholat

16Nanging sira padha milih kauripan dunya

17Kabegjan ing akherat iku luwih becik tur langgeng (ngungkuli kabungahan dunya)

18Wewulang sing wis kasebut mau, uga kasebut ana ing Kitab kang kuna - kuna

19Kitabe(Shuhuf) Ibrahim lan Kitabe (Shuhuf) Musa

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath