Islam
bali

86. At-Taariq

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Demi langit lan kang teka ing wajah wengi

2Sapa kang meruhake sira, apa kang teka ing wajah wengi iku

3Yaiku lintang kang padange nembus peteng

4Siji - sijine pengawal awak iku ora ana kang tanpa pengawal

5Mulane, Manungsa amaspadakna, awake iku apa sing digawe

6Sing digawe saka banyu sing mancrut

7Metu saka ing antarane geger lan iga

8Allah kuwasa nguripake manungsa sawuse mati

9Hiya iku besuk dina qiyamat nalika wadi padha kawiyak

10Ora bakal dheweke duwe kekuatan nulak siksa lan ora ana kang bisa nulungi

11Demi langit kang ana udane

12Demi bumi kang bledhag metu thetukulane

13Temen Al-Quran iku pangandikaning Allah kang bedakake bener lan luput

14Dudu sembranan lan jelomprongan

15Wong kafir padha nandukake pahekan kang elek banget

16Ingsun uga males pahekane si kafir

17(Muhammad) Mulane para kafir srantekna, Ingsun uga nyerantekke sawatara rusake si kafir mau

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath