85. Al-Burooj
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1Demi langit kang duweni lintang - lintang
2Demi dina kang dijanjekake (mesthi kelakon)
3Demi seksi lan kang disekseni
4Wong kang padha duwe jogangan utawa biyantu (padha kena benduning Allah)
5Jogangan mau isi geni murub
6Nalika dheweke lungguh sakiwa thengene
7Padha nyumurupi anggone milara para wong kang ngestu
8Anggone milara mau dumeh wong kang angestu padha percaya Allah kang Maha Mulya tur Pantes Pinuji
9Kang kagungan kraton langit lan bumi, Allah Mirsani samu barang
10Sarupane wong kang maeka utawa milara wong kang angestu lananga wadona, sarana diobong kang mangka ora tobat padha dipatrapi siksa neraka Jahannam minongka patrapan anggone ngobong wong kang angestu
11Sarupane wong kang angestu kang nglakoni panggawe becik bakal apdha tampa ganjaran suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon kang mangkono aran kabegjan gedhe
12Satemene siksane pangeranira abot
13Allah kang murwani gawe makhluk banjur nguripake maneh
14Allah kapareng ngapura tur asih marang kawulane
15Ingkang kagungan singgasana, ingkang minulya
16Kang nindakake samu barang kang dadi kersane
17Sira apa wus tampa dhawuh cerita tumpese bala akeh
18Fir'aun lan Tsamud
19Dene ummat ira kang padha kafir siksane marga kaluputan anggone padha maido
20Allah iku kaweruhe lan kuasane nglimputi para kafir kabeh
21Al-Quran iku kitabe Allah kang agung
22Kasimpen ana ing Lauhul Mahfudz
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath