Islam
bali

84. Al-Insyiqaq

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Nalikane langit iku pecah

2Ngestokake kersane Pangerane, wis benere kudu diestokake

3Lan nalikane bumi dirata

4Lan metokake isen - isene nganti resik kothong

5Saeta angestokake karsaning Pangerane, wis benere kudu diestokake

6Hai manungsa! Sira iku tansah lumaku seba ing ngarsane Allah Pangeranira, ing mengko sira oleh piwalese lakunira kelawan becik

7Sing sapa dipasrahi layang cathetan lelakone saka tengen (hiya iku para kang angestu)

8Bakal ditimbang kelawan entheng

9Lan bali marang panggonaning kancane ana suwarga, kelawan suka bungah

10Dene sing sapa diparingi layang cathetaning lakune saka buri gegere (hiya iku wong kafir)

11Bakal dilakokake wong cilaka lan rusak

12Banjur dicemplungake ing neraka Sa'ir

13Satemene dheweke biyen (ing dunya) padha bungah - bungah karo kancane (padha kafir)

14Panyanane ora bakal bali, diseksekake ana ngarsane Allah

15Luput panyanane, Allah Pangerane, mirsani dheweke (kafir)

16Ingsun supata, "Demi mega abang

17Demi wengi, lan barang kang leren ing wektu wengi

18Demi rembulan lan nalikane purnama

19Sira mesthi nglakoni tingkat kang solan - salin

20Ya gene manungsa ora padha percaya (ing Allah)

21Nalika diwacakake Al-Quran padha ora gelem sujud

22Wong kafir malah padha maido al-Qur'an

23Allah nguningani luguning atine anggone maido

24Wong kafir mangkono iku, sira kandhanana bakal dipatrapi siksa kang nglarani

25Kajaba para wong angestu (Mukmin) kang padha nglakoni panggawe becik padha diganjar suwarga salawase tanpa pedhot

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath