83. Al-Mutaffifin
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1Cilaka temen wong kang padha cidra (anggone naker)
2Kang manawa naker saka wong liya (tumrap awake dewe) panakere ganep
3Lan samongsa anaker barang kang bakal ditampakake wong liya, panakere dikurangi dadi gawe patunan
4Wong kang mangkono mau ora ngira yen besuk bakal ditangekake saka pati
5Tumrap dina kang gedhe (qiyamat)
6Dinane manungsa padha ngadeg angadep Pangeraning ngalam kabeh
7Temen tulisane lakune para wong ala iku ana pakunjaran (sijjiin)
8Sapa kang nuduhake marang sira pakunjaran (sijjin) iku apa
9Buku kang ditulis
10Ing dina iku wong kang maido cilaka banget
11Kang padha maido marang dina piwales
12Ora ana wong gorohake kajaba sarupane wong kang mlangkah wates anggone dosa
13Manawa diwacakake al-Quran pangucape, "al-Quran iku gaweyane para wong kuna
14Wong kebangeten mau mangsa gelema percaya, malah duraka kang dilakoni mau dadi rereged ing atine
15Temen ing dina iku dheweke padha ketutupan saka pangerane
16Sawuse mangkono wong mau banjur padha malebu ing neraka jahim
17Banjur di dawuhi, "Neraka iki kang padha sira paido biyen
18O, sayekti kitabe para wong tulus iku temen ana panggonan kang luhur
19Lan sapa kang nuduhake sira, apa kang aran panggonan luhur
20Kitab kang katulis
21Para kang keparek (ing Allah) bakal anekseni
22Sayekti para wong tulus iku bakal ana sajeroning nugraha
23Ana kanthil dhuwur anyawang - nyawang
24Katon ing wajahe cahyaning nugraha
25Padha pinaringan ngombe omben - omben bening kang diecap
26Tutupi (mawa) kesturi, mulane para sing nyerempeng angarah lah angaraha iku
27Lan campurane arupa banyu kang turun amrang dheweke saka dhuwur
28Tuk kang dadi omben - omben para wong kang keparek (maring Allah)
29Sayekti para wong kang padha dosa gawene geguyu para kang angestu
30Lan samongsa angliwati dheweke padha kedep - kinedhepan
31Lan samangsa bali marang golongane, baline gawe pangeram - eram
32Lan samangsa ngingetake dheweke, padha kandha, "Wong mukmin iku padha kesasar
33Mongka ora diutus supaya angreksa marang dheweke
34Ananging ing dina iki para wong kang angestu padha geguyu para kafir
35Linggih ana kanthil deleng sangsarane si kafir
36sayekti para kafir kapringan piwales miturut apa kang wus padha dilakoni
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath