82. Al-Infitaar
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1Samongsa langit wis belah
2Lan samongsa lintang - lintange wis pating selebar
3Lan samongsa segara - segara padha dibludagake
4Lan samangsa kubur - kubur padha binukak
5Sarupaning jiwa bakal weruh apa kang didhisikake lan kang dikerekake
6O, manungsa sapa kang jelomprongake sira, nganti duraka ing Pangeranira kang Mulya
7Kang wis gawe awakira genep waras lan patut
8Allah namtokake rupanira miturut sakersane
9O, ananging sira padha anggorohake marang wawalese
10Lan sayekti temen ana kang padha anjaga marang sira
11Para juru nulisi minulya
12Padha meruhi apa kang padha sira lakoni
13Sayekti para tulus temen bakal padha ana sajeroning nugraha
14Lan sayekti, para duraka temen bakal ana sajeroning geni murub
15Bakal padha mlebu mrono ing dinane pancasan
16Lan ora bakal dheweke padha oncat saka ing kono
17Lan apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa
18Maneh, apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa
19Dinane ora ana sawijining jiwa bisa andayani sathitika marang jiwa (liyane) ing dina iku sakabehane parentah ana astaning Allah
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath