81. At-Takwir
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1(Ing besuk dina Qiyamat) nalikane srengenge dilempit
2Lan nalikane lintang padha coplok runtuh ing bumi
3Lan nalikane gunung padha mawut dadi endhek - endhek amun - amun
4Lan nalikane onta meteng padha ditinggal tanpa diengon
5Lan nalikane hewan daratan padha diklumpukake
6Lan nalikane segara digeneni banjur dadi geni
7Lan nalikane nyawa dibalekake marang wadhake
8Lan nalikane wong wadon kang dipendhem urip - urip padha didangu
9Dosa apa anggone padha dipateni mau
10Lan nalikane buku cathetan lelakoni siji - sijine wong digelar
11Lan nalikane langit disingkerake
12Lan nalikane neraka jahim diurubake
13Lan nalikane suwarga dicepakake
14Ing kono siji - sijining wong padha weruh kang wis padha dilakoni
15Ingsun supata, dhemi lintang - lintang
16Kang lumaku turut dalane banjur surup
17Dhemi wengi nalikane ngarepake peteng
18Dhemi wayah bangun nalika tumaruntung padhange
19Sayekti al-Quran iku pengucape Rosul kang mulya (Jibril)
20Gagah prakosa, mungguhing Allah kang kagungan singgasana pinaring pangkat luhur
21Kang kudu dienut (ing alam Malaikat) tur pinarcaya
22Lan ora pisan kanca mitranira iku (Muhammad), wong owah
23Muhammad andeleng rupane Jibril kang sayekti ana sikiling langit kang wetan
24Lan ora pisan panjenengane iku ngumpetake barang ghoib
25Al-Quran iku dudu pangucape syetan kang patut dibalangi
26Lah menyang ngendi anggonira arep padha melayu
27Iku ora liya kajaba pepeling tumrap sakehing bangsa
28Tumrap sapa antaranira kang kepengin alaku bener
29Lan ora bakal sira padhakepengin kajaba yen Allah Pangeraning alam kabeh angarsakake
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath