Islam
bali

79. An-Naazi'aat

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Demi (Malaikat - Malaikat) kang medhoti nyawane kelawan sora

2Demi (Malaikat - Malaikat) kang nglolosi nyawa kelawan alon (marang wong mukmin)

3Demi (Malaikat) kang tumurun saka langit kanti rikat

4Lan (Malaikat) kang dhisiki banter

5Lan (Malaikat) kang ngatur urusan (donya)

6(Satemene sira bakal ditangekake) ana dina nalika paniyupe slompret kawitan horege alam kabeh

7Nuli ditungka horege maneh kang kapindho

8Ing kono atine wong kang padha maido padha teratapan

9Pandelenge padha konjem (wedi)

10Padha celathu, "Apa aku iki dibalekake urip maneh

11Sawise dadi balung kang pisah - pisah urip maneh

12Padha celathu, "Yen mangkono baliku urup maneh aku bali kapitunan

13Ananging iku mung petak sapisan wae

14Lan mara delengen dheweke padha tangi

15Apa ora wis teka marang sira ceritane Musa

16Nalikane dipangandikani Pangerane ana jurang Thuwa

17Lungoo marang panggonane Fir'aun, awit kebangetan anggone kafir

18Dhawuha, "Punapa paduka kepengin anuceni sarira

19Sarta kula badhe nuntun paduka dhateng Pangeran supados ajrih

20Banjur panjenengane ngatonake tondha kang gedhe marang dheweke

21Ananging dheweke anggorohake (kasunyatan) sarta pra ambangun turut

22Tumuli dheweke bali kalawan rerikatan

23Banjur ngumpulake (wong - wong) tumuli dhawuh

24Celathune, "Aku iki Pangeranira Kang Maha Luhur

25Ananging Allah amatrapi dheweke kelawan pidana ing akherat sarta ing uripe kang dhisik

26Lelakone Fir'aun kasebut mesthi dadi wewulang kanggo wong kang wedi ing Allah

27Apa Allah angone nguripake sira saka pati luwuh angel tinimbang anggone gawe langit

28Andhuwurake payoning langit banjur warata tanpa cacat

29Gawe peteng wayahe wengi, sarta gawe padhang wayahe awan

30Sawuse mangkono Allah gelar bumi

31Alah metokake banyu lan thethukulan saka bumi

32Lan ngukuhake gunung ana bumi

33Kabeh dadi bebungah marang sira lan ingon - ingonira raja kaya

34Ing besuk tekane horeg - horegan (malapetaka) gedhe teka

35Dinane manungsa padha eling apa kang wus ditindhakake

36Lan neraka dipitontonake tumrap sapa sing deleng

37Wondene wong kang ambalasar (kafir)

38Sarta milih kauripan dunya

39Sayekti neraka iku panggonane

40Dene wong kang wedi anggone ngadhep ing ngarsaning Pangerane sarta anahan jiwane saka pepenginan asor

41Lah sayekti suwarga iku panggonane

42Dheweke padha takon marang sira prakara wayahe, endhi ketentuane (Qiyamat)

43Tumrap prakara apa? Sira iku wong kang angelingake prakara iku

44Marang pangeranira pantoging tujune prakara iku

45Sira iku mung juru pepeling tumrap wong kang wedi marang prakra iku

46Ing dinane dheweke andeleng kaya - kaya anggone manggon ora liya kajaba mung sasore utawa sakesuk

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath