Islam
bali

78. An-Naba

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Padha takon - tinakon perkara apa dheweke (si kafir)

2Padha takon bab pawarto gedhe

3Panemune bab pawarta mau beda - beda

4Besuk wong mau bakal padha weruh nyatane

5Sayekti wong mau bakal padha weruh nyatane

6Ingsun apa ora wis gawe bumi dadi panggonan

7Sarta gunung - gung minangka gegeneng

8Lan Ingsun gawe awakira jodhon - jodhon

9Lan Ingsun dadekake anggonira turu kapenak (kanggo ngaso)

10Lan Ingsun dadekake wengi minangka tutup (pakaian)

11Lan Ingsun dadekake awan mingonko pangupa jiwa

12Lan Ingsun dadekake langit pitu luwih dening santosa ing duwurira

13Lan Ingsun dadekake cahya madangi lan panas hiya iku srengenge

14Lan Ingsun nurunake banyu udan kang deres saka mendhung

15Ingsun anggo nulake tethukulan sarta nganakake woh lan wiji

16Apa dene palemahan kang kebak tetanduran

17Dina pancasaning prakara iku wayahe maringi ganjaran lan mratapi siksa

18Dinane malaikat niyup slompret banjur sira padha teka panthan - panthan

19Langit padha sigar banjur dadi lawang pirang - pirang

20Sarupane gunung padha mlaku entheng - entheng kaya andhek - andhek hamun - hamun (fatamorgana)

21Sayekti neraka jahanam wis sumadiya

22Dadi panggonan tetep tumrap para wong kafir

23Padha manggon tetahunan tanpa wekasan

24Ana kono ora bakal weruh rasane adhem utawa omben - omben

25Kejaba ngombe wedang kang panas banget lan banyu adhem jekut banget

26Iku patrapan kang wurwat (karo kaluputhe)

27Amarga padha maido lan ora wedi bakal ditimbang ala-becike

28Pada maido al-Quran ayatingsun

29Samu barang lelakone manungsa, Ingsun cacahake ganep tinulis (ana ing kitab)

30Mulane padha ngrasakna siksa! amarga Ingsun ora amuwuhi apa - apa marang sira kajaba siksa

31Sayekti para kang jaga dirine (saka ing ala) padha oleh pangginan kabegjan

32Patamanan lan kebon anggur pirang - pirang

33Lan widadari pirang - pirang kang padha tedhenge birahi (seyuswa/seumuran)

34Lan gelas - gelas kang kebak (isi ombenan) / Lan pinggan kang suci

35Ora tau krungu pangucap ala lan pamaido

36Ganjaran saka Pangeranira murwat karo pangabektinira

37Pangeranira iku Pangerane langit lan bumi lan kang ana antarane kang Maha Murah, ora ono kang wenang munjuk ong Allah yen ora dadi parenging kersane

38Dinane ruh lan para malaekat padha ngadek aba barisan, ora wani munjuk ing Allah kajaba kang diparengake dening Pangeran kang Maha Murah lan kunjuke bener

39Hiya iku dina kang mesthi bener kelakone, sing sapa gelem ngabekti ing Allah Pangerane

40Sayekti Ingsun paring pepeling marang sira siksa kang cepak, dinane manungsa deleng panggawening tangan lorone kang dhisik - dhisik, sarta (kang ing kono) para kafir bakal padha ngucap, "Dhuh!, bok iya aku iki dadiya lemah wae

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath