Islam
bali

77. Al-Mursalaat

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Dhemi para Malaikat kang diutus kelawan (anggawa) kabecikan

2Lan (para Malaikat) mabur rikat banget

3Kang nyebar (rahmate Pangeran) kanthi sak ratane

4Kang ambedakake (kang bener lan luput) kanthi cetha

5Demi malaikat kang nurunake wahyu (marang para rasul)

6Ngapura marang wong tobat, lan apepeling

7Sayekti siksa kang diancamake marang sira iku mesthi kelakon

8Besuk nalikane lintang padha ilang cahayane

9Lan nalikane langit sigar

10Lan nalikane gunung padha manculat

11Lan nalikane para Rosul padha dikelumpukake ing mangsa kang tinamtu

12(Niscaya dipun dangu dateng para rosul mau) Dina apa anggone tinamtokake mau

13Marang dina putusan

14Piye panemumu, dina pancasan iku apa

15Ing dina iku para wong kafir kang padha maido al-Quran cilaka banget

16Apa Ingsun durung numpes para wong kafir ing zaman kuna

17Wong kafir ing zaman wekasan uga bakal Ingsun balekake

18Ing tembe sarupane wong kafir uga bakal Ingsun tindakake kaya mangkono

19Ing dina qiyamat iku (wongkafir kang maido al-Quran) cilaka banget

20Apa sira iku ora Ingsun titahake saka banyu kang ina

21Banjur Ingsun papanake ing palerenan kang aman/kokoh (rahim)

22Nganti tekan titi mangsa kang tinamtu (lahire jabang bayi)

23Lan Ingsun nemtokake ukurane, saiba sampurnane anggon Ingsun namtokake ukuran samu barang

24Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang gorohake

25Ingsun apa ora wis gawe bumi iki dadi wadhah

26Wadhahe wong urip lan wong mati

27Bumi mau Ingsun dokoki gunung kang dhuwur - dhuwur, lan diparingi omben - omben banyu tawa

28Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake

29Lungoa marang apa kang sira gorohake

30Lungoa marang aling - aling kang cawang telu

31Kukus mau ora pisan - pisan bisa ngeyubi saka panase dina iku, lan ora bisa nyuda panase geni neraka

32Urube geni neraka mau mulad - mulad dhuwure padha omah

33Akehe lan warnane kaya dhadhung ing perahu, ireng semu kuning

34Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake

35Iki dina sing dheweke ora bakal guneman

36Ora ana kang diparengake ngaturake sabab kaluputan, dadi ora ana kang ngaturake sababing kaluputan

37Bilaiing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake

38Iki dina pancasan. Ingsun angumpulake sira karo umat kang dhisik

39Lan manawa sira duwe upaya, tamakna upayanira marang Ingsun

40Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake

41Sayekti para kang anjaga dirine (saka ala) bakal dumunung ing panggonan kang ayom lan akeh sumber - sumbere

42Lan ana woh - wohane akeh tur warna - warna, kang menginake lan enak

43Mara padha mangana lan ngombea kang enak, minangka ganjarane pangabekti kang wis padha sira lakoni biyen

44Ingsun paring ganjaran marang wong kang padha ngelakoni pangabekti kang wis padha sira lakoni biyen

45Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake

46(hei para kafir!) Sira padha mangana lan bungah - bungah sadhela sayekti sira iku wong dosa

47Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake

48Nalika didhawuhi, "Padha Shalata!" padha mopo ora gelem sholat

49Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake

50Lah sawise iki marang pawarta endi dheweke (wong kafir) bakal padha angestu

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath