Islam
bali

76. Al-Insaan

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Temen wus tumeka marang manungsa sawijining waktu, nalikane dheweke dudu barang kang kocap

2Sayekti Ingsun nitahake manungsa saka nutfah kang campur, dheweke bakal Ingsun coba, mulane Ingsun dadekake bisa ngrungu, bisa deleng

3Sayekti Ingsun anuduhake dalane, apa dheweke arep sukur apa arep maido (kufur)

4Ingsun nyadhiani rante lan belenggu marang para wong kafir apa dene Ingsun sadiyani neraka Sa'ir

5Sarupaning wong kang padha ngestokake dhawuhing Allah, iku ana ing suwarga padha ngombe saka pinggan kang campurane toya kafuur (jenenge sumber banyu ing suwarga)

6Para kekasihe Allah padha ngombe banyu sumber kang diilekake kelawan gampang

7Mulane tampa ganjaran samono, awit para kekasih mau padha netepi kuwajibane ngabekti ing Allah (ngelaksanaaken nadzar) lan padha wedi dina Qiyamat kang wartane dadi horege bumi (mratani bumi)

8Sarta aweh pangan, amarga saka tresnane ing Panjenengane, marang wong miskin sarta bocah yatim apa dene wong tawanan (kinunjara)

9Anggonku aweh panganan marang kowe iku mung murih ganjaraning Allah, ora pisan ngarep - arep wewales utawa panarima saka kowe

10Aku wedi ing Allah Pangeranku besuk ing dina Qiyamat

11Mulane Allah ngersakake para kekasihe mau didohake saka sarupane hala lan padha diparingi rupa bagus lan ulat bingar ati bungah

12Allah ganjar suwarga lan panganggo sutra marang para kekasihe amarga anggone padha sabar

13Ana ing kono padha linggih ana dipan ora kroso panas lan adhem padhang tanpa srengenge lan rembulan

14Kekayoning suwarga kang cedhek wohe gampang banget dipethik

15Padha diladeni nganggo wadhah selaka tuwin pinggan kang bening kaya kaca

16(Bening) kaya kaca - kaca (kang digawe) saka perak sing diukir dheweke sak apik - apike

17Ing suwarga mau dheweke diladeni unukkan kang campurane jahe

18Saka sumber banyu sajeroning suwarga arane Salsabil

19Padha diladeni para peladen nom - noman kang tetep enome pandelengira marang dheweke mau saking dening baguse prasasat mutiara durung dironce

20Manawa sira deleng suwarga kaya sarupangin kabungahan lan kraton gedhe

21Dheweke dienggon - enggoni sandhangan sutra alus ijo sarta sutra kandel sinulam benang emas apa dene bakal rinengga gelang salaka, lan Pangerane aparing ngombe dheweke omben - omben kang suci

22Sayekti iku pituwas marang sira lan budi dayamu bakal winales

23Sayekti Ingsun andhawuhake al-Quran marang sira kalawan dhumawuh (saka sathithik)

24Mulane sira narimaa hukume Pangeranira lan aja manut wong duraka utawa wong kafir

25Lan nyebuta asmaning Pangeranira (ana sajeroning sholat) wayah isuk lan sore

26Lan ing wayah wengi shalata lan sujuda ing Allah, apadene nyebuta Maha Suci ing Allah ing wayah wengi, kang dawa

27Awit satemene wong kafir iku padha dhemen oleh kabungahan kencengan lan ora perduli dina Qiyamat, kang bakal kelakon ing buri, kacarita akeh pakewuh kang abot

28Ingsun wis gawe wong kafir mau sarta awake Ingsun gawe gagah prakosa, nanging manawa ana parenge kersaningsun wong kafir mau Ingsun gawekake tandhing kang dadi mungsuhe, kang timbang gagah prakosane bakal numpes dheweke

29(Surat/ayat iku) dadi wewulang sing sapa dhemen wewulang mau dienggo wewaton ngabekti ing Allah Pangerane

30Lan ora bakal sira gelem kajaba yen Allah ngarsakake. Sayekti Allah iku ngudaneni tur wicaksana

31Panjenengane ganjar wong kang dadi parenge kersane, dilebokake ing suwarga rahmate Allah, lan ngancam siksa nglarani tumrap para nganiaya

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath