74. Al-Muddaththir
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1wengi. Lan shabatira sagolongan hiya padha mangkono. Allah nemtokake dawa cendhake rina lan wengi, nguningani yen sira padha ora kelar sholat samono suwene mau kajaba kelawan rekasa, mulane Allah muwung marang sira. Sarehne mangkono sira macaa al-Quran sakuwasanira ana sajerone sholat. Allah nguningani yen sira iku bakal ana kang nandhang lara banjur rekasa sholat ing wayah wengi lan ana uga kang padha mlaku lelungan ing bumi ngupaya jiwa golek rizki kanugrahaning Allah lan ana uga kang padha perang ing dalaning Allah, mulane sira padhaa maca al-Quran sakuwasanira lan ngakonana sholat, bayar zakat, padha motangna becik marang Allah. Samu barang kabecikan kang padha sira lakoni bakal nemu ganjran becik ana ngarsaning Allah ngungkuli kabecikan kang sira lakoni ing buri. Lan nyuwuna pangapuraning Allah, satemene Allah iku karsa ngapura tur maha asih. . He wong kang mujung (Muhammad)
2Sira ngadeka lan elingna
3Lan nyebuta Maha Agung ing Allah Pangeranira
4Tuwin angresikna sasandanganira
5Apa dene angedohna jejember
6Lan aja weweh murih wewales kang luwih akeh
7Lan sabara karana ngelakoni parentahe Pangeranira
8Amarga samangsa slompret tiniyub
9Ing dina iku kena diarani dina rekasa
10TUmrap engatase para wong kafir ora pisan gampang
11Tona wae Ingsun dheweke karo wong kang wus Ingsun titahake
12Lan wis Ingsun paringi bandha kang omber
13Uga Ingsun paringin anak lanang akeh padha nglumpuk
14Tuwin perkarane Ingsun tata sarwa tumata
15Ewa dene dheweke isih angajab Ingsun wuwuhana
16Ora pisan - pisan! Sayekti dheweke amilawani timbalan - timbalan Ingsun
17Ingsun bakal anibakake siksa kang nyusahake marang dheweke
18Sayekti, dheweke mikir - mikir sarta anetepake
19Ananging marga siniku, kapriye anggone netepake
20Maneh, muga siniku kapriye anggone netepake
21Banjur angawasake
22Tumuli mrengut sarta nyawang sumengit
23Banjur mungkur sarta gumedhe
24Banjur celathu, "Al-Quran iki ora liya kajaba sihir kang disinau (saka wong - wong biyen)
25(Al-Quran) iki ora liya mung pangucaping manungsa wae
26Dheweke bakal Ingsun cemplungake neraka saqar
27Kapriye panemunira, apa kang aran neraka saqar
28Neraka saqar mau ora ngawetake, sadhengah kang kacemplung ing kono mesthi rusak
29Tur gosongake kulit
30Ing kono ana (Malaikat) kang anjaga
31Lan ora liya kajaba Malaikat kang Ingsun dadekake panjaganing geni, sarta wilangane iku ora liya kajaba mung Ingsun dadekake coba tumrap wong kang padha kafir, supaya para kang kaparingan Kitab padha yakin, sarta para kang padha iman pada wuwuh imane, apa dene (supaya) ora padha semang - semang para kang kaparingan kitab lan para mukminin, sarta supaya para kang sajeroning atine ana lelarane sarta para kafir padha elathir: apa ta kersaning Allah andamel sanepa iki? Iya kaya mangkono iku anggone Allah andadekake sasare sapa kang dadi karsane, sarta aparing pituduh (marang) sapa sing dadi kersane, lan ora ana kang weruh wedyabalane Pangeranira kajaba mung Panjenengane, lan iki ora liya kajaba pepeling tumrap para manungsa
32Demi rembulan, wong kafir ora pisan ngistokake wewulanging al-Quran
33Demi wengi nalikane mungkur
34Demi wajah Shubuh nalikane padhang
35Temen neraka Saqar iku ewone bebaya kang gedhe
36Kanggo medheni marang manungsa
37Tumrap wong kancanira kang arep maju pracaya (al-Quran) utawa mundur ora pracaya
38Sarupaning awak iku kaiket (tanggung jawab) karo sabarang panggawene
39Kajaba para kang ana ing tangan tengen
40Ana sajeroning patamanan bakal padha takon - takon
41Prakara wong kang padha dosa
42Punapa marganipun sampeyan wonten ing salebeting neraka
43Bakal padha mangsuli, "Kula punika sanes golonganipun tiyang ingkang sami sholat
44Lan kula boten nate nyukani tedha tiyang miskin
45Sarta damel kula omong lelahanan kaliyan tiyang ingkang damelipun omong lelahanan
46Sarta kula punika mahiben badhe kalampahipun dinten piwale
47Ngantos datengipun pejah kula
48(Pangendikaning Allah) Mulane syafa'ate para juru syafaat ora bakal migunani marang dheweke
49Lan apa ta pakolehe anggone wong mau padha lumuh nistakake saka pepeling (al-Quran)
50Kaya dene kuldi (keledai liar) kang kaget
51Kan anggeblas ngoncati: singo barong
52Balik dheweke, siji - sijine padha angajab diparingana dhewe - dhewe lembaran kang ginelar
53Ora bakal (dipituruti panjaluke) balik dheweke padha ora wedi marang akherat
54Temen iku sawijining pepeling
55Lah sapa sing gelem, angelangana iku
56Lan ora bakal padha angelingi, kejaba sing dadi kaparenging Allah. Panjenengane iku panthes diestokake dhawuhe lan pantes aparing pangapura
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath