Islam
bali

73. Al-Muzzammil

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1He wong kang kemulan (Muhammad)

2Sira tangiya sholat ing wayah wengi mung kena leren sedhela (kanggo turu)

3Sholata setengah wengi utawa suda sethithik (dadi mung saprotelone wengi)

4Utawa tambahan (dari rong protelon wengi) sarta macaa al-Quran kang patitis wacanira

5Ingsun bakal dhawuhake al-Quran kang abot marang sira

6Satemen sholat ing wektu wengi (sawuse turu) empaning ponco driya condhong banget lan ati, kanggo benerake pengucap

7Satemene sira ing wayah awan wis nyambut gawe suwe

8Sira nyebuta asmaning Allah Pangeranira sarta melenga ngabekti

9Allah iku Pangeraning jagad sisih wetan lan sisih kulon, ora ana sesembahan kelawan bener kejaba Allah, sira nyumanggakna samu barang prakara marang Allah

10Sabara marang pangucape (wong kafir) kang nglarakake ati tokna kelawan becik

11Lan Ingsun togna wae, mangkana uga wongkang anggorohake kang sarwa mubra - mubru (kecukupan) togna wae sedhela

12Satemene Ingsun kagungan dhadhung kang santosa lan kagungan neraka jahanam

13Sarta kagungan pepanganan kang nglalekake lan siksa kang nglarani

14Kelakone kang mangkono mau ing dinane bumi lan gunung - gunung gonjang - ganjing, gunung - gunung padha dadi wedhi kang mawur - mawur

15Ingsun wis ngutus rasul nerangkae marang sira bakal anggoningsun ngutus rasul marang Fir'aun

16Nanging Fir'aun ambangkang marang parenthe rosul (Musa) mulane banjur dipatrapi siksa abot

17Kapriye olehmu bakal anjaga awakmu, manawa padha maido, ing dinane kang para bocah adha didadekake kaki (tuwa uwanen)

18Ing dina iku sanadyan langit hiya sigar, kang wis ditemtokake dening Allah, mesthi kaleksanan

19Satemene ayat (tanda) iki dadi wewulang sing sapa kepengen selamet ngestokna ayat mau, minangka dalan marang ngarsaning Allah Pangerane

20Satemene Allah Pangeranira nguningane yen sira nindakake sholat kira - kira / wengi, lan setengah wengi lan (kala - kala)

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath