72. Al-Jin
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1Dhawuha, "Aku tampa dhawuhe Allah paring pirsa ana sagolongan jin padha ngrungokake anggonku dhawuhake al-Quran, Jin mau ngeram - ngeramake al-Quran marang para kancane celathune, 'Aku krungu anggone Muhammad dhawuhake al-Quran kang helok
2al-Quran nuduhake dalan bener, aku banjur pracaya ora pisan mangro tingal marang Allah Pangeranku lan ora menyang sapa - sapa
3Satemene Allah Pangeranku kang Maha Luhur lan Agung tanpa garwa lan ora kagungan putra
4Satemene kancaku kang bodho ngucap kang ora patut marang Allah, ngarani kagungan putra lan garwa
5Mahune penyanaku ora ana Jin lan manungsa celathu goroh tumrap marang Allah
6Sarta dene saka wong - wong saka antaraning manungsa jaluk pitulungan marang para Jin lanang, kang mangkono mau muwuhi kesasar tumrap dheweke
7Sateme dheweke (Jin) uga padha nyana kaya panyanamu, ing tembe Allah ora bakal nguripake wong siji kang wis mati
8Jin celathu, "Aku neja munggah marang langit, ngrungokake guneme kang padha ana kono, bareng meh tekan ing kono kebak malaekat kang jaga padha gagah prakoso lan panah - panah geni
9Sarta, dene adat sabene aku padha lungguh ing palungguhan, supaya bisa amrungu, ananing saiki sapa sing ngrungokake bakal kapethukake urub (ing geni) kang ngadhang dheweke
10Aku ora weruh sebabe ora pareng ngrungokake guneme para malaekat mau, tumrape wong kang manggon ana bumi becik apa ala
11Sawenehe golonganku padha wong tulus lan sawenehe ora mangkono, aku iki pepanthan kang padha seje - seje dalane
12Panemuku, ora bisa ngoncati siksaning Allah ing bumi sarta ora bisa ngoncati Panjenengane sarana mlayu
13Aku bareng krungu pituduhe al-Quran banjur ngandel marang Allah lan al-Quran. Sing sapa pracaya marang Allah Pangerane mesthi ora kuatir suda kabecikane lan tambah halane
14Satemen sawenehing golonganku ana wong kang sumarah, lan sawenehing nyimpang. Sapa wonge sing sumarah iku nuju marang dalan kang bener
15Wondene wong kang padha nyimpang padha dadi urub - urubing neraka jahannam
16Dene menawa dheweke padha tetep ngambah dalan (bener) mesthi bakal Ingsun turunake banyu udan kang deres (rizki kang akeh)
17Ingsun anggo nyoba marang dheweke ing dalem prakara iku lan sapa sing malengos saka eling marang Pangerane bakal dilebokake siksa kang nusahake banget
18Lan satemene sarupaning masjid kabeh kagungane Allah, mulane anggonmu padha nyembah Allah aja dicampuri nyembah liyane
19Lan satemene bareng kawulaning Allah (Muhammad) ngadek nyembah Allah para Jin padha rebut dujung tunggang - tinunggang nyedhak (kudo ngurokake al-Quran)
20Dhawuhe (Muhammad), "Satemene aku mung nyembah ing Allah Pangeranku ora pisan tak wori nyembah liyane
21Dhawuha (Muhammad), "Aku iki ora nguasani marang kowe dadi kesasar utawa begja (iku atas kersaning Allah)
22Dhawuha, "(Menawa aku duraka ing Allah) ora ana wong sawiji kang bisa nulak siksaning Allah, lan aku ora oleh pangungsen liyane ngungsi marang Allah
23Kuwasaku mung mratakake dhawuhe Allah marang kowe kabeh (timbalan sarta ayahane) lan sapa wonge nglirwakake Allah lan utusane sayekti bakal oleh geni neraka langgeng salawase
24Nganti padha deleng siksa kang diancamake marang dheweke, banjur bakal padha weruh sapa sing panulunge luwih apes sarta luwih sethithik cacahe
25Dhawuha, "Aku ora weruh siksa kang diancamake marang kowe apa wis cedhak utawa isih lawas kelakone
26Allah iku nguningani barang kang samar kang ora diweruhi manungsa, lan ora kersa medharake barang kang samar mau marang sawijining wong
27Kajaba rasul kang wis diparengake nyumurupi, rasul dijaga (para Malaikat) ana ing ngarep buri lan kiwa tengene
28Supaya Allah nguningani kelawan gumelar yen para Rosul mau temen wis ngundangake dhawuhing Allah Pangerane, kaweruhhing Allah ngalimputi para Rosul kabeh lan bisa nacahake samu barang
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath