Islam
bali

71. Nooh

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Ingsun wis ngutus Nuh, nyurup - nyurupake marang ummate, "He Nuh, elingna para ummattira padha ngelakonono penggawe becik, mupung durung katekan siksaning Allah kang gelarani

2Dhawuhe Nuh, "Para umatku, aku iki nyurupake lan ngelingake marang kowe

3Kowe padha ngabektia lan nyembaha Allah, apa dhene padha manut mituruta marang pituturku

4Allah bakal ngapura sekabehe dosamu, lan bakal nyarentekake kowe nganti tekan wewangen kang wis tinamtokake yaiku tekan ing pati. Menawa kowe padha weruh wawangening Allah iku yen wis pundhat ora kena disrantekake maneh

5Nuh munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika rinten dalu tansah ngajak - ajak para ummat kawula (supados pitados ing Paduka)

6Nanging pangajak kawula punika namung mewahi girasipun para ummat kawula, sami boten purun manut

7Kawula punika saben ngajak - ajak pitados ing Paduka dhumateng para ummat kawula supados ngapura piyambakipun, lajeng sami nutupi kupinginpun mawi drijinipun, sarta sirahipun dipun krukup mawi sinjangipun. Parta gumedhe

8Sasampunipun makaten para ummat wau sami kawula pituturi kalayan sora (terang - terangan)

9Lajeng sami kawula pituturi kalayan sora saha lirih

10Dhawuh kawula mekaten, "Para ummatku padha nyuwuna pangapura ing Allah Pangeranmu, awit Allah iku kepareng ngapura

11(Yen wis kepareng ngapura) banjur nurunake banyu udan deres saka langit

12Apa dene paring wuwuh bandha lan anak, lan maringi palemahan sarta kali kanggo ngoncori palemahan mau

13Ya gena kowe padha ora pracaya kaagungane Allah

14Allah wis dadekake awakmu pirang - pirang rambahan kang tumaruntun

15Apa ora padha handeleng anggone Allah gawe langit pitu kang sap - sapan

16Lan andadekake rambulan madhangi langit kabeh, lan dadekake srengenge minangka damar

17Lan maneh Allah gawe awakmu asal saka lemah

18Sawise dadi manungsa, Allah banjur balekake awakmu menyang lemah maneh, sawise dadi lemah Allah nguripake kowe lan diwetokake saka kubur

19Apadene Allah dadekake bumi iki warna - warna mugunani marang kowe

20Supaya kowe padha bisa mlaku ana dalan kang jembar

21Nuh munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran, para ummat kawula punika sami boten manut miturut dhumateng parintah kawula, sami manut dhateng tiyang ingkang asor budinipun, kasugihan arta sarta anakipun, namung badhe andadosaken kapitunanipun

22Para ummat wahu sami damel pakewet ageng

23Pangucapipun (tiyang ingkang asor budinipun), "Aja padha tingal nyembah sesemabahan mu brahala, lan aja padha tinggal (nyembah) Wadd lan Suwaa', Yaghuts, Ya'uq lan nasr" (nami - nami brahala)

24Sejatosipun tiyang asor ing budi wau sami nasaraken tiyang kathah mila panyuwun kula tiyang kafir wahu mugi paduka boten nambahi kajawi siksa awon

25Sarehning gedhe kaluputane mulane padha dikelem banjir topan, ana sajeroning banyu di obong geni. Liyane Allah ora ana kang bisa nulungi

26Nuh munjuk ing Allah, "Pangeran kawula, tiyang kafir wahu mugi Paduka telasaken sampun wonten ingkang kantun gesang ing bumi manggen ing griya

27Manawi Paduka kendelaken kemawon, tamtu badhe nasaraken para kawula Paduka, manawi ing tembe medal anakipun, anak wahu tamtu dados tiyang awon utawi kafir

28Pangeran kawula, Paduka mugi ngapuraha kalepatan kawula saha kalepatanipun tiyang sepuh kawula kekalih, saha dhumateng tiyang ingkang malebet griya kawula utawi, dhateng tiyang mukmin jaler estri, para tiyang kafir punika mugi Paduka tumpes kemawon

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath