Islam
bali

70. Al-Ma'aarij

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Sawijining wong, anjaluk siksa kang mesthi bakal tiba

2Tumrap para kafir, ora ana wong bisa nulak

3Saka Allah kang Kagungan dalaning munggah

4Para malaikat lan ruh (Jibril) padha munggah marang Allah ing sadina ingkang kadaripun sarupi kaliyan tahun. [padha munggah marang panggonan tumuruning parentahing Allah. Kelakone siksa mau tinamtokake ana ing dina Qiyamat yaiku dina kang ukurane tahun]

5(Muhammad) sira shabara kelawan tenteram

6Pangrasane dheweke siksa iku isih lawas banget kelakone

7Nanging Ingsun ngarani wis cedhak

8Ing dina samangsa langite kaya jer - jeran tembaga

9Dene gunung - gunung kaya kapuk mabul - mabul

10Lan ora ana wong tetakon marang sanake

11Padha deleng marang sanake nanging ora wani takon, pangarep - arepe siksa mau wurunga sarana nyahosake anak - anake

12Sarta rabine (garwane) tuwin sadulure

13Lan nyahosake batihe kang dadi wewengkone

14Upama duwea saisining bumi kaduga nyaosake kabeh tumuli (pangarep - arepe) diselametake saka siksa

15Ora pisan - pisan! sayekti iku geni mulad - mulad

16Nglonyomake kulit

17Ngundang - ngundang kang mungkur (ora percaya Allah) lan mlengos (marang nabi)

18Sarta anumpuk - numpuk tuwin anyinggahake bondho

19Sayekti manungsa iku tinitah sarwa angewuhake

20Samangsa kataman kojur ngersula

21Lan samongsa kataman begja, cethil

22Kajaba wong kang padha sholat

23Kang tetep olehe padha sholat

24Sarta kang ing sajeroning bandhane ana saperangan kang tartamtu (kanggo zakat)

25Tumrap para kang anjajaluk sarta wong kasrakat

26Lan kang padha ngandel anane dina Qiyamat

27Lan kang padha wedi siksaning Pangerane

28Awit ora ana wong kuasa mesthi kalis siksaning Pangerane

29Sarta padha angreksa marang awak-kawirangane

30Kajaba tumrap bojone utawa wong kang dadi darbeke iku dudu larangan

31Sapa wonge nerajang (cumbana) wong saliyane iku wong kang mlangkah wates

32Lan kang padha tuhu ora nyidrani sasanggemane lan rumeksa barang titipan

33Lan kang padha dadi seksi (ing Pangadilan) kelawan saktemene

34Lan padha ngelakoni sholat tetep ana waktune

35Wong kang mangkono mau bakal manggon ana suwarga kinurmatan

36Wong kafir padha rebut dujung ngrungokake pituturira apa gunane ora mekolehi marang awake

37Padha grombolan ana ing kiwanira lan tengenira

38Ana siji - sijine wong kafir mau padha kepengin dilebokake ing suwarga Na'im

39Tangeh yen kelakon, sayekti Ingsun dadekake dheweke saka rang padha diweruhi

40Ingsun supata demi Pangeraning Wetan lan Kulon (Panggon metu lan surupe srengenge) sayekti temen Ingsun iki kuwasa

41Bisa nyalini gawe manungsa liya kang becike ngungkuli dheweke mukal yen Ingsun ora bisa

42Mulane dheweke iku togna wae karo ben padha selulub ana ing panasaran sarta abungah - bungah nganti tumeka dinane kang diancamake siksa

43Dinane dheweke padha metu saka kuburan kelawan gagancangan kaya dene amlayoni kang tinuju (marani brahalane)

44Pandelenge padha tumungkul nistha bakal tumiba marang dheweke, dina iku dina qiyamat kang diancamake marang dheweke

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath