Islam
bali

69. Al-Haaqqa

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Dina Qiyamat

2Apa kang aran dina qiyamat

3Lan sapa kang aweh weruh marang sira bab kahanane dina qiyamat mau

4Wong tsamud lan wong 'Aad biyen padha maido dina qiyamat kang gegirisi

5Wong Tsamud padha disirnakake dening Allah kalawan siksa kang banget anggegeteri

6Dene wong 'Aad padha disirnakake sarana prakara gedhe kang suwarane gegirisi

7Angin mau nempuh marang wong 'Aad lawase nganti wolung dina pitung wengi kang tumaruntun, ing kono wong 'Aad padha mati, hanggalasah kaya wit kurma padha rungkat

8Apa sira weruh wong 'Aad mau ana kang keri isih urip

9Fir'aun lan para umat sadurunge tuwin kutha - kutha sing padha ambruk iku (sebabe) padha nglakoni kaluputan

10Padha duraka ora manut utusane Pangeran (Musa lan Luth) mulane dipatrapi siksa dening Allah kelawan patrapan abot

11Nalika, kena topan bareng banyu wis munggah, sira Ingsun tunggahake perahu

12Kang mangkono supayapa dianggo wewulang supaya dieling - elinga dening wong kang duwe kuping/pangrungu ben krungu iki

13Besuk nalika slomprete (Israfil) dinamu sapisan

14Bumi lan gunung - gunung padha digulung lan dijunjung tuwin remuk kelawan pangremuk sapisan

15Ing dina iku dina qiyamat kelakon

16Langit banjur bengkah bakal dadi ringkih

17Para Malaikat padha nisih lan ing sadhuwure dheweke ing dina iku wowolu bakal nyangga damparing Pangeranira

18Ing dina iku padha diajokake marang panjenenganing Allah ditimbang hala-becike, Allah ora kasamaran marang samu barang kang padha sira singidake

19Sing sapa dielungi layang cathetane lelakune ssaka ing tengen (saking dening bungahe) banjur bakal kondho, "wacanen kitab cathetan lelakonku

20Sayekti aku wis weruh, yen aku bakal ketemu petunganku

21Dadi wong iku mau uripe netepi keparenging Allah

22Manggon ana suwarga kang luhur

23Wowohane cendhek - cendhek (tumiyung cepak)

24(He wong ing suwarga) Sira padha mangan lan ngombea kelawan enak iku ganjarane kebecikan kang padha sira lakone ing dina - dina kang wis kliwat

25Dene wong kang dielungi layang cathetan saka ing kiwa padha ngucap, "Adhuh, bok aja dielungi layang cathetane lelakonku wae

26Aku ora weruh kapriye panimbange hala - becikku

27O, mbok ya iki didadekake wekasanku

28Bandhaku ora pisan bisa mardikake aku

29Kasantosanku wis sirna kabeh

30(Dhawuhing Allah): Dheweke cekelen, nuli sira belenggu

31Tumuli cemplungna ing geni murub

32Banjur tikungen ing rante kang dawane pitung puluh hasta

33Sayekti dheweke iku biyen ora angestu ing Allah ingkang Agung

34Lan ora gelem tetulung ngluari pangan wong miskin

35Mulane ing dina iku dheweke ora duwe mitra tuhu

36Sarta ora entuk pangan kajaba rereged

37Ora ana wong mangan (rereged) kejaba wong kang anglakoni panggawe luput

38Ingsun supata kelawan barang kang sira weruhi

39Sarta barang kang ora sira weruhi

40Sayekti iku temen pangandikaning utusan kang mulya

41Lan iku dudu tembunge juru kidung, sathitik anggonira padha angestu

42Sarta dudu tembunge juru pethek, sathithik anggonira padha ngangen - angen

43Iku wewedhar (kang dhumawuh) saka pangeraning ngalam kabeh

44Lan saupama dheweke agawe - gawe sawenehing tetembungan (diwadekake) atas (saka) Ingsun

45Amasti dheweke bakal Ingsun candhak tangan tengene

46Banjur bakal Ingsun pedhot tatalining jantunge

47Lan ora ana siji - sijia saka antaranira kang bisa anduwa Ingsun saka dheweke

48Lan sayekti temen, iku pepeling tumrap wong kang padha anjaga dirine (saka ala)

49Satemene Ingsun nguningani yen sira ana kang maido (al-Quran)

50Satemene (al-Quran) bakal andadekake getune dheweke anggone padha maido

51Lan sayekti (al-Quran) iku temen sajati - jatining kasunyatan

52Mulane sira nyebuta Maha suci ing Allah kelawan ngucapake asmane Pangeranira kang Maha Agung

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath