68. Al-Qalam
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1Nun, demi qalam (alat tulis) sarta apa kang padha ditulis
2Kelawan kanugrahane Pangeranira, sira (Muhammad) iku dudu wong owah
3Satemene sira iku tampa ganjaran kang tanpa kendhat salawase
4Lan satemene sira iku duwe budi pekerti kang luhur
5Lan sira bakal weruh, sarta dheweke (iya) bakal weruh
6Sapa ing antarnira kang kadunungan owah
7Satemene Pangeranira nguningani wong kang kesasar saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang padha netepi pituduh bener
8Mulane sira aja manut wong kang padha maido al-Qur'an
9Karepe wong kafir sira iku lemesa lan asiha (aja ngaru biru anggone mangro - tingal) wong kafir uga banjur padha lemes lan asih, ora ngelarani marang sira
10Aja manut wong kang dhemen supata roh pikire ala
11Tukang nanacat nyeber pangala - ala
12Menging gawe kebecikan, dhemen nganiaya lan duraka
13Asor lan ndablek sarta ngaku becik
14Aja dume wong kang mangkono mahu sugih bondho lan anak
15Manawa diwacakake Al-Quran ayatingsu, celathu, "iku gawe - gaweyane para wong kuna
16Wong mangkono iku, Ingsun dodoki tenger ing irunge (belalai) salawase urip (nalika perang ing Badar Walid bin Mughirah prothol irungipun)
17Sayekti Ingsun bakal nyoba dhewek koyo anggon Ingsun nyoba wong - wong kang duwe kebon nalikane padha supata tandurane mesthi diunduhi ing wayah bangun esuk (supaya aja dijaluki wong miskin)
18Supatane tanpa sumendhe ing kersaning Allah
19Ing kono wong kang duwe tanduran lagi padha turu Pangeranira nurunake geni ngobong tandurane entek dadi awu
20Bareng wayah bangun esuk, tandurane mau wis rupa ireng kabeh, kaya wengi kang peteng
21Ing wayah bangun esuk kang duwe tanduran padha ajak - ajak ngunduhi tandurane
22Mara padha nilikanan tanduranmu manawa kowe arep ngunduhi
23Banjur padha mangkat sarta padha rembugan sesidheman
24Awit dina iki palemahan iki aja nganti kalebon wong miskin
25Ing wayah esuk, wong mau padha mangkat nedya jaga palemahane rumangsa bisa nguasani tandurane
26Bareng deleng tandurane wis dadi awu banjur padha ngucap, "Satemene aku kang luput
27O, malah aku iki pada kelangan
28Wong mau kang becik celathu mangkene, "Aku wis kondho menyang kowe, yo gene kowe ora padha maha sucekake (Gusti Allah)
29Dheweke (sing duwe palemahan) banjur padha ngucap, "Dhuh Allah Pangeran kawula, Paduka punika Maha Suci kawula sampun ngakeni kalepatan (sami nganiaya)
30Wong mau siji lan sijine banjur padha tutuh tinutuh
31Padha ngucap, "O, cilaka temen aku iki (aku wis rumangsa luput) kapriye yen ora oleh pangapura
32Allah Pangeranku muga paring ijol kang luwih becik tinimbang tanduranku kang wis kobong dadi awu, muga tobatku iki ditarima ing Pangeranku (Allah banjur nerima tobate)
33Kang mangkono iku ewoning siksa ing donya, lan sayekti siksa ing akherat luwih gedhe (abot) yen ta dheweke padha weruha (mesthi ora gelem nglakoni dosa)
34Tumrap sing bekti ing Allah ana ngarsane Pangerane padha oleh ganjaran suwarga Na'im
35Lan apa ta para wong kang sumarah bakal Ingsun dadekake kaya wong duraka
36Ya gene sira wong duraka (kafir) padha nganggep padha wae
37Apa sira duwe wewaton Kitabe Allah kang sira waca
38Metelakake sira kena ngelakoni sakarep - karepe
39Apa sira nyekel sesanggemaningsun mawa supata, kukuh ora bisa owah nganti tumeka dina Qiyamat, yen sira temen bakal enthik apa pancasanira
40Padha takonana, dheweke sapa sing tanggung tumrap prakara iku
41Apa padha duwe kanca kang tunggal panemu, tanggung panemune bakala kaleksanan, menawa temen mangono mara padha nekakna kancane (kang nanggung mau)
42Ing dina bakal anane bilai (Qiyamat) gedhe sarta dheweke bakal padha didawuhi sujud nanging ora bisa (merga gegere kaku)
43Padha konjem tumungkul handeleng mangisor padha rumangsa asor, lan sayekti biyen dheweke padha didhawuhi sujud (sholat) nalika isih padha selamet
44Mulane togna wae Ingsun sarta sapa - sapa sing padha anggorohake timbalan iki mesthi Ingsun larut kabecikane saka sathithik nganti padha ora krasa
45Ingsun nyrantekake paniksane wong kafir mau, panglulu mesthi keleksanan
46Apa sira njaluk pituwas marang dheweke (anggon ira mrathakake dawuh) nganti dheweke nyonggo utang
47Apa dheweke padha duwe kaweruh barang kang samar - samar (gaib), kang banjur ditulisi
48Sira mung narimaha nglakoni sakarsane Pangeranira aja kesusu mitrane iwak (kaya Nabi Yunus kang diuntal iwak) kang angaduh aduh nalikane ana sajerone bebaya
49Yen ta ora ana nugraha saka Pangerane tumeka marang dheweke, mesthi nglumpruk tiba ing lemah kang lagis sarta dadi wong cacad
50Tumuli dheweke (Nuh) banjur dipilih dening Pangerane didadekake ewone wong becik
51Satemene para wong kafir bareng krungu wulangane al-Qur'an amasthi padha nalorong sira kelawan pandelenge, pangucape, "Temen dheweke (Muhammad) iku edan
52al-Quran iku ora liwat mung wewulang tumrap kabeh bangsa
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath