Islam
bali

67. Al-Mulk

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Maha suci Allah, Kang karaton iku ana ngastane, Allah iku nguwasani samu barang

2Kang gawe pati lan urip kanggo nyoba marang sira kabeh endi kang lakune luwih becik. Allah iku Maha Mulya tur keparenga ngapura

3Kang anitahake langit pitu padha, sira ora andeleng ana bedane ana ing sajerone titahe Ingkang Maha Murah; lan delenga maneh, apa sira bisa weruh ana kang geseh

4Banjur andelenga maneh mesthi pandelengira hambalik konjem ora bisa nemu cacade gegaweyaning Pangeran

5Ingsun ngrengga langit dunya (langit kang ngisor dhewe) kelawan lintang pirang - pirang, lintang mau Ingsun anggo balang, hambalangi para syaitan, dene syetan mau padha Ingsun ancam siksa neraka Sa'ir

6Sarupane wong sing maido Allah Pangerane, padha di patrapi siksa neraka jahannam. Ala temen kawusanan kang mangkono

7Nalikane wong kafir padha dicemplungake ing neraka panjerite karungu, neraka mau umub mumpal - mumpal

8Saking muringe neraka, wong kafir meh mrotholi, saben ana wong kafir sagolongan dicemplungake neraka ditakoni (dening Malaikat), "Apa biyen ora ana juru pepeling sing nekani kowe

9Pada mangsuli, "Inggih sampun wonten juru pepenget andhatengi kula, ananging kula sami anggorohaken sarwi wicanten, Allah boten dhawuhaken punapa - punapa sampeyan punika tetela kesasar sanget

10Wong kafir mau padha ngucap, "Upama aku biyen ngestokake dhawuh utawa mikir, kaya - kaya ora kecemplung neraka Sa'ir

11Dadi wong kafir wis padha ngaku dosane (anggone maido para Rosul) mulane wong ing neraka Sa'ir mau padha didohake saka Rahmate Allah

12Sarupane wong kang padha bekti ing Allah Pangerane ana ing wektu sepi padha oleh pangapurane Allah, lan diparingi ganjaran gedhe

13Padha kondhoa lirih utawa seru kanggo Allah padha war, awit Allah iku nguningani sakreteking ati

14Apa Panjenengane kang nitahake iku ora uninga? Lan Panjenengane ingkang anguningani sabarang kang lembut - lembut, ing kang waspada

15Allah iku kang handadekake bumi iku gampang dianggo mlaku. Sira padha lumaku ana lumahing bumi, lan padha mangana rizkine Allah kang wis dicawisake dening Pangeranira. Ing tembe manungsa padha diadepake ana ngarsane Allah

16Apa sira nyana yen Allah kang kagungan keraton langit ngersakake sira diuntal bumi? coba delengen bumine arep oreg

17Apa sira nyana yen Allah kang kagungan kraton langit iku kersa nurunake siksa marang sira? Ing tembe mesthi weruh kaya apa pepeling Ingsun

18Para umat sadurunge wong kafir iku, mbiyen ugo padha maido marang rasule banjur koyo opo, para umat mau padha ingsun turunai siksa

19Apa dheweke (wong kafir) ora handeleng manuk kang sedhela ngegarake suwiwi lan ngingkupake, kang rumeksa manuk ora nganti tiba ora ana maneh kejaba mung Allah kang maha murah. Satemene Allah iku mirsani samu barang

20Apa brahala iki kang dikira dadi kancamu, bakal bisa nulungi bisa murungake siksane Allah, kang bisa nulungi dudu Paneran kang Maha Murah? Panemune si kafir iku tetela kajelomprong

21Manawa Allah ora kapareng paring rizki, apa brahala bisa weh rizki marang sira? Dheweke malah saya tambah anggone gumedhe lan nasar

22Wong wuta mlaku tumungkul, iku apa luwih weruh ing dalan bener ngungkuli wong kang ora wuta kang anggone mlaku jejeg

23(Muhammad) Dhawuha, "Allah iku kang agawe awak ira sarta maringi pangrungu lan pandeleng apadene pikiran ewadene kang ngunjukake panuwun mung sathitik

24(Muhammad) Dhawuha, "Allah kang gawe awak ira sarta paring panggonan ana ing bumi, ing tembe sira padha dikelumpukake marang ngarsane Allah

25Wong kafir padha matur, "Menawi pangandika panjenengan punika sayektos benjing punapa kalampahanipun manungsa dipun kalempakaken punika

26(Muhammad) Dhawuha, "Dina Qiyamat iku mung Allah piyambak kang priksa mangsane. Aku iki mung ngelengake wae

27Sawise dikelumpukake, bareng manungsa padha andeleng siksa wis cedhak, wong kafir padha pucet rahine. Banjur padha didhawuhi, "Siksa iki kang padha sira paido biyen

28(Muhammad) Dhawuha, "Apa sira padha mawas menawa Allah bakal nglebur aku sarta kang anyartani aku, malah Panjenengane bakal kagungan welas marang aku, banjur sapa sing bakal ngayomi para kafir saka siksa kang nglarani

29Sira dhawuha maneh, "Allah iku Pangeran kang Maha Murah, aku percaya lan nyumanggakake samu barangku ing Allah. Ing tembe bakal padha weruh wong kang kesasar kang terang

30Sira dhawuha maneh, "Menawa banyu iki asat kabeh, piye panemumu. Sapa kang nekakake banyu iki marang sira

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath