Islam
bali

64. At-Taghaabun

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Sekabehane isining langit lan bumi padha nyebut Maha Suci Ing Allah, Allah iku kagungan keraton lan kagungan sakabehing puji. Allah iku nguwasani samu barang

2Alah iku kang gawe awakira, ana kang pinesthi kafir lan ana uga kang mukmin. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni

3Allah gawe langit - langit lan bumi kelawan nyata, lan mangun sarta becikakke rupanira, ing tembe barang - barang iku bali marang Allah

4Allah nguningani isining langit lan bumi, lan nguningani barang kang padha sira umpetake lan sira edheng, Allah iku nguningani sakerenteking ati

5(Para wong kafir) apa sira dhurung padha weruh ceritane para wong kafir sadurungmu, rekasane padha ngrasakake patrapan anggone padha kafir uga padha dipatrapi siksa kang nglarani

6Anggone mangkono marga wong kafir mau didhawuhi dening para Rasule kanthi tandha yekti pirang - pirang. Wangsulane, "Apa manungsa bisa nuduhake dalan bener marang aku?" wong mau banjur padha kafir lan mlengos. Allah tetela ora butuh marang pracayane si kafir. Allah ora butuh marang sapa - sapa, tur panthes hing ngalembana

7Panemune wong kafir ig tembe ora bakal ditangekake saka pati. (Muhammad) dhawuha, "Ora mangkono. Demi Pangeranku, besuk dina QIyamat kowe mesthi ditangekake saka pati, banjur dijelentrehi samu barang kang wis padha sira lakoni. Kang mangkono mau mungguhe Allah barang kang gampang wae

8Mulane padha percaya ing Allah lan utusane, lan percaya marang al-Quran yaiku pepadha kang wis Ingsun dhawuhake. Allah waspada marang samu barang kang padha sira lakoni

9(Muhammad) Nyaritakna dina Qiyamat. Nalikane Allah ngalumpukake sira kabeh ana dina pakumpulan, hiya iku dina kapitunan. Ing kono sing sapa percaya ing Allah sarta nglakoni panggawe beci, Allah muwung sakabehe lakune wong mau kang hala, sarta dilebokake ing suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon. Ana ing kono langgeng salawase, kang makono mau aran kabegjan gedhe

10Dene para wong kafir kang padha maido al-Quran ayatingsun iku padha ana ing neraka langgeng ana kono. Ala temen kawusanan kang mangkono iku

11Sadhengah kasangsaran kang kelakon, ora ana kang tanpa idzining Allah. Dene sing sapa percaya ing Allah, Allah nuduhake atine wong mau marang dalan bener, Allah iku nguningani samu barang

12Sira padha ngabektia ing Allah, dene yen sira malengos ora nurut, wajibe utusaningsun mung ajak - ajak ngundhangake dhawuh kang cetha

13Ora ana sesembahan kelawan bener kejaba mung Allah, para wong mukmin padha nyumanggakake samu barang ing Allah

14Para mukmin! Para rabinira lan anak - anak ira iku ana kang dadi saterunira. Mulane sira kudu padha prayitna. Dene yen sira muwung lan ngapura tanpa srengen luwih becik. Satemene Allah iku kepareng ngapura tur Maha Asih

15Sakekhe bandhanira lan anak - anakira iku kabeh ora liwat mung dadi godha, (mulane aja padha tinggal ngabekti ing Allah). Allah bakal maringi ganjaran gedhe marang sira

16Ing sabisa - bisa sira padha bektia ing Allah, padha ngrungokna lan nampanana dhawuhing lan parentahe Allah, lan padha weweha dhumunung ngabekti ing Allah iku becik banget tumrap awakira. Sing sapa ngingkiri budi lumuh gawe becik, iku tetep wong begja

17Manawa sira potang beciking Allah, Allah bakal males becik marang sira tikel matikel lan ngapura marang sira. Allah ora ngilangake kabecikaning kawula lan Maha welas

18Nguningani barang kang samar - samar lan kang kasat mata, kang maha mulya tur wicaksana

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath