Islam
bali

61. As-Saff

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Isine langit lan bumi padha nyebut maha suci ing Allah, Allah iku Maha Mulya tur wicaksana

2Para mukmin! Ya gene sira padha kandha ngelakoni kabecikan kang satemene ora sira lakoni

3Gedhe-gedhening siksa ana ngarsaning allah iku manawa sira kandha ngelakoni kabecikan kang satemene ora sira lakoni

4Satemene Allah remen marang wong Islam kang padha mangsah perang nglakoni dhalaning Allah, tataning barisan sapsapan kaya pager bata kang santosa

5(Muhammad) , nyeritakna nalikane Musa pitutur marang ummate, " Para ummatku, ya gene kowe padha nglarakake atiku gene kowe padha nglarakake atiku ing mangka kowe wis padha weruh yen aku iki utusane Allah marang kowe?" Bareng para ummat mau padha puguh nyimpang saka ing bener, Allah ora kersa nuduhake wong kang padha duraka

6Lan nyaritakna nalika Isa anake Maryam biyen mituturi mangkene, " Para turune Israil, Aku iki utusane Allah marang kowe netepake yen Kitab Taurat kang ana ngarepku lan kitabe para nabi kang kuna - kuna iku temen kabeh bener. Sarta aku memeca ing tembe bakal ana utusane Allah kang jumeneng sapungkurku kang namane Ahmad ( Muhammad) " . Bareng jumeneng kanthi tandha yekti pirang - pirang, wong Bani Israil padha kondha, " Tandha yekti iki cetha sihir

7Ora ana wong kang nganiaya marang awake dhewe tinimbang wong kang gawe - gawe celathu goroh ngarani marang Allah kang ora patut, kang mangka wong mau wis tampa dhawuh, dipurih ngelakoni Agama Islam, Allah ora kersa paring pituduh bener marang wong kafir

8Karepe wong kafir mau kudu mateni cahyaning Allah sarana pangucape, nanging Allah nyampurnakake cahyane, sanadyan wong kafir padha gething

9Allah iku ngutus Rasule nyiarake pituduh bener ( agama Islam) dikersakake ngundhangake, supaya ngalahake agama liyane kabeh, sanadiyan wong mangro tingal padha ora dhemen

10Para mukmin! Apa sira ( gelem) Ingsun tuduhake dagangan kang nyelametake ing sira saka siksa kang ngelarani

11Hiya iku sira kudu padha percaya ing Allah lan utusane, lan kudu mangsah perang ing dalane Allah kelawan wadol bandha lan nyawa. Weruha kang mangkono iku becik banget tumrap ing sira menawa dilakoni

12Allah ngapura sakabehe kaluputanira, lan nglebokake sira ana ing suwarga kang ana bengawane mili ana ing sangisare kekayon, lan ana omah kang luwih dening indhah rerenggane dhumunung ana sajeroning suwarga ' Adn kang mangkono aran kebegjan gedhe

13Lan ana maneh bakal paparinge Allah kang sira dhemeni, hiya iku pitulunge Allah lan kemenangan kang cedhak ( wektune) . Iku sira wartakna anggawa bebungah marang para mukmin

14Para mukmin! sira padha dadiya wong biyantu marang agamane Allah. Kayadene Isa putra Maryam dhawuh marang sahabate kang setiya, " Sapa kang keduga biyantu marang aku ( kanggo) ngedekake agama Allah?" Para pendherek kang setiya ( sahabat Hawariyun) padha matur, " Kula tamtu sami biyantu dhateng agamaning Allah" . Ing kono sagolongan Bani Israil ana kang percaya lan ana kang maido. Dene wong sing percaya padha Ingsun sentosakake wusana menang perange ngalahake saterune

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath