56. Al-Waaqia
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1Besuk nalikane dina qiyamat kelakon
2Kelakone dina qiyamat mau ora bakal goroh
3Ing dina iku kenyataan ngasorake (wong kafir) lan junjung (wong mukmin)
4Ing dina iku ana lindhu gedhe, bumi gonjang - ganjing
5Sakabehe gunung nganti padha ajur kabeh
6Nganti dadi bleduk kang mabul - mabul
7Ing kono sira diperang dadi telung warna
8Kang sapisan golongan tengen, iku wong begja banget
9Kang kapindho golongan kiwa, iku wong cilaka banget
10Kaping telu wong kang dhisik dhewe anggone nglakone becik (para nabi)
11Yaiku wong kang kecedhak Allah
12Bakal diganjar suwarga Na'im
13WOng mangkono mau kang akeh ummat kuna
14Dene ummat zaman wekasan iki mung sethithik
15Dheweke ana suwarga padha linggih ing kursi kang dipaesi emas lan berlian
16Padha sendhen adhep - adhepan karo kancane
17Dheweke diladeni bocah enom kang ora bisa tua
18Padha ngladekake gelas, ceret lan pangomben kang dijupuk saka banyu kang mili
19Anggone ngombe mung enak, tanpa mendem utawa ngelu
20Lan ngladekake wong - wohan akeh tur warna - warna bisa milih
21Lan uga ngladekake daging manuk kang bisa milih
22Ana widadari kang paningale padha kocak
23Kaya dene mutiawa kang kasimpen becik
24Tumanjak ganjaraning kabecikan kang wis padha dilakoni
25Ana suwarga ora tau krungu celathu hala kang dadi dosa
26Mung krungu pangucap, "Wilujeng, wilujeng" kang ngresepake
27Denen golongan tengen, begja banget golongan tengen
28Manggon ing suwarga kang ana wite Widora tanpa eri
29Lan ana wite gedhang kang susun - susun
30Kang eyub salawase
31Lan ana banyu umbu anget salawase
32Lan ana woh - wohane akeh tur warna - warna
33Ora tau entek ora usah tuku (kena jupuk sak karepe)
34Lan ana kasur kandel kang empuk
35Allah gawe sarupaning widadari mau tanpa lahir dhisik (saka guwa garbaning ibu)
36Pada Ingsun dadhekake perawan selawase
37Padha sih tresna, kang nomerampak
38Padha Ingsun paringake dadi jodhone golongan tengen
39Ummate (nabi) zaman kuna
40Lan para umat kang wekasan iki
41Lan golongan kiwa, sapa ta golongan kiwa
42Padha disiksa angin samun (kang panas banget) lan banyu kang umop
43Lan anan pepeteng saka kukus kang ireng banget
44Ora pisan adhem lan ora nyenengake
45Nalika urip ana donya uripe padha leluwihan
46Lan dheweke terus - terusan anggone nindhakake dosa gedhe
47Lan padha ngucap, "Apa nyata besuk yen aku wis mati sarta dadi lemah, lan dadi balung, jarene bakal diuripake maneh
48Apa dene bapak - bapakku zaman kuna, apa hiya diuripake maneh
49Sira dhawuha, "Para bapakmu ing zaman kuna, lan para turunanmu kang saiki durung ana
50Besuk dina Qiyamat kang wis tinamtokake dening Allah, bakal padha dikumpulake
51He wong kang padha kesaar maido pangandikaning Allah
52Sawise mangkono sira padha mangan wohe kayu zaqum
53Nganti padha kebak wetenge
54Nuli padha ngombe weang kang panas gegirisi
55Anggone ngombe kaya onta kang ngelak banget
56Iki pangancame Allah marang para wong kafir, kelakone besuk dina qiyamat
57Ingsun (Allah) iki kang gawe awakira, yagene sira padha ora ngandel (dina qiyamat)
58Kapriye panemunira bab nuthfah marang peranakane wong wadon? (banjur dadi bayi)
59Kang gawe bayi mau sira apa Ingsun
60Ingsun nemtokake mati marang sira kabeh, Ingsun kuwasa, ora ana kang bisa murungake karsaningsun
61Sanadyan Ingsun kersa gawe wong kang rupane ceples (padha) sarta disalini rupa sedhengah rupa kang sira ora weruh mesthi kaleksanan
62Sira wis weruh bakale manungsa kawitan (hiya iku lemah) yagene sira ora padha niti periksa (yengingsun iki kawasa)
63Kapriye panemumu bab angginmu tetanen
64Kang nukulake wiji iku sira apa Ingsun
65Umpama ana parenge karsa ningsun, metune woh mau Ingsun gawe gabug mesthi kelakon. sira banjur getun
66Pangucapmu, "Aku iki kapitunan
67Aku iki dipenet rizkiku
68Kapriye panemumu bab banyu udan kang padha sira ombe
69Kang nurunake banyu udan saka mega, sira apa Ingsun
70Upama ana parenge karsaningsun, banyu udan Ingsun dadekake asin mesthi kelakon. Yagene ora padha gedhe panuwunmu
71Kapriye panemumu, mungguh geni anggonira ngurubake
72Kang nganakake kayu sira apa Ingsun
73Geni iku Ingsun anggo sasmitaning (geni nerika) lan dianggo kabungahaning wong kang padha melaku
74Mulane sira nyebutho Maha Suci asmaning Pangeranira kang Maha Agung
75Ingsun supata kelawan panggonan metune lan suruping lintang
76Manawa sira weruh, supata mau supata gedhe
77Kang didhawuhake marang sira iku Quran kang mulya
78Tinuli ana kitab kang rineksa (Lauhil Mahfudz)
79Ora bakal anggeplok Qur'an kajaba wong kang padha suci, (saka hadast cilik lan gedhe)
80Diturunake saka Allah pangerane wong sajagad
81Apa sira padha ngremehake utawa maido Qur'an iki
82Sira ganthi rizki (kang diparingake Allah) kanti gorohake (Allah)
83Ya gene nalika nywane mayit lagi tekan gurung
84Ing kono sira mung padha ngedeleng marang mayit
85Ingsun luwih cedhak marang wong lelaku mau tinimbang sira, ewodene sira padha ora weruh
86Ya gene yen sira ngaku ora kawengku wasesaning Allah
87Teka ora bisa balekake nyawa marang wadhage, yen pengakuira temen, mara sira balekna nyawa mau
88Manawa mayit mau ewone wong kachedak ing Allah
89Matine mesthi kepenak kanthi bungah lan oleh ganjaran suwarga kanikmatan
90Dene yen kalebu golongan tengen
91Wong mau mesthi selamet amarga sira klebu golongan tengen
92Dene yen hewone wong maido pangandikanging Allah kang padha kesasar
93Mesthi kecemplung wedang kang umop (panas banget)
94Lan diobong ana neraka
95(Kang kasebut iki) satemene keyakinan kang bener
96Mulane sira nyebuto Maha Suci asmaning Pangeranira kang Maha Agung
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath