Islam
bali

55. Ar-Rahmaan

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Pangeran kang Maha Murah

2Iku mulang Qur'an

3Agawe manungsa

4Mulang manungsa supaya pinter guneman

5Srengenge lan rembulan iku padha mlaku ajeg ana ing cakrawalane dhewe - dhewe cocok pitungane

6Thetukulan lan kekayon padha sujud ing Allah

7Allah iku dhuwurake langit lan dhawuhake jejeg yen nimbang (adil)

8Supaya sira aja nakal anggonmu nimbang

9Lan jejega anggonmu padha nimbang kelawan bener, aja padha ngurangi bobot

10Allah ngrata bumi kanggo panggonane titahe (manungsa)

11Isi woh - wohan warna - warna lan wit kurma kang duweni mancung

12Lan isi wiji kang ana kulite lan kembang - kembang kang arum ambune

13Endi peparinge kabungahan Pangeranira kang padha dipaido

14Allah gawe manungsa saka lemah garing, memper lemah kang wis diobong

15Lan gawe jin saka urubing geni

16Endi ta peparinge kabungahan Pangeranira kang padha dipaido

17Allah iku pangeraning rong panggonan metune srengenge lan pangeraning rong panggonan surupe srengenge

18Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

19Allah nitahake segara loro (tawa lan asin) dinengake wae padha mili banjur padha ketemu

20Antarane segara loro mau ana watese kang ora kasat mata

21Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

22Segara loro mau padha metu mutiara lan marjan

23Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

24Allah iku kagungan prahu pirang - pirang (gaweane manungsa) kumambang ana segara gedhene kaya gunung

25Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

26Samu barang kang gumelar ana bumi wekasane rusak

27Nanging sarirane Pangeranira Allah kang Agung kersa ngajeni (wong mukmin) langgeng tanpa rusak

28Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paidho

29Saisining langit lan bumi kabeh padha nyenyuwun ing Allah saben Allah nindhakake lestarine samu barang kang wis pinanthi ing zaman azali

30Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

31Ing tembe sira padha Ingsun timbang ala lan becikira

32Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

33He Jin lan Manungsa kang padha ora nrima pepesthen Ingsun, menawa sira bisa lunga saka telatahe bumi lan langit mara padha lungaha. Nanging mangsa bisa lunga. Kejaba yen sira kuasa

34Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

35He Jin lan Manungsa (nalikane padha metu saka kubure) pada tinempuh urubing geni lan tembaga, sira ora bisa ngundurake

36Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

37Nalikane langit sigar warnane jambon kaya mawar tua kaya lenga zaitun

38Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

39Ing dina iku jin lan manungsa durung padha diperiksa dosane

40Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

41Pawa wong kafir padha ketitik kelawan tegengere banjur padha dijambak kuncunge lan sikile

42Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

43(Dhawuhing Malaikat) Iki neraka jahannam kang dipaido dening wong kang padha dosa biyen

44Wong kafir padha mlaku pating bilulung ana antarane neraka geni lan wedang panas

45Endi peparinge kabungahan pangeranira kang padha sira paido

46Dene wong kang pada wedi nalika arep sowan marang Pangerane padha diparingi ganjarang suwarga loro (suwargane jin lan manungsa)

47Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

48Suwarga luru mau ana kekayone (wit - witan) woh - wohan

49Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

50Suwarga loro mau ana bengawane mili

51Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

52Suwarga loro mau isi sarupane woh - wohan warna loro garing lan teles

53Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

54Wong kang bekti mau padha sendhen ana palungguhan kang lemeke babut sutra, dene woh - wohane cedhek bisa dipethik ana ing suwarga loro

55Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

56Suwarga loro mau isine widadari kang endah - endah rupane sadurunge diwengku ing suwarga mau durung tau winasesa ing resmi (kumpul) dening jin utawa manungsa

57Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

58Para widadari mau hendah - hendah kaya inten lan mutiara

59Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

60Pituasing laku becik ora liya holeh becik

61Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

62Kajaba suwarga loro mau, ana rong suwarga maneh

63Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

64Suwarga loro mau kekayone ijo banget warnane

65Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

66Sajerone suwarga loro mau ana bengawane loro, padha mili ajeg tanpa suda banyune

67Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

68Sajerone suwarga loro mau ana woh - wohan kabeh ana wite kurma lan delima

69Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

70Suwarga loro mau dalah isen - isene kabeh sarwa becik

71Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

72Para widadari mau padha endah warnane, padha siningkit ana sajeroning gedhong kang gginawe saka mutiara

73Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

74Para widadari mau sadurunge diwengku wong ing suwarga durung tau winasesa ing rasmi (kumpul) dening jin lan manungsa

75Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

76Wong ing suwarga padha sendhen ing bantal sutra ijo kang endah warnane

77Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

78Maha luruh asmane pangeranira, Allah kang Kagungan SIfat Agung sarta Kerja Ngajeni para mukmin

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath