Islam
bali

54. Al-Qamar

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Saiki dina qiyamat wis cedhak lan rembulan sigar dadi loro

2Lan menawa dheweke (wong - wong musyrikin) deleng ayat kehelokan (mu'jizat) padha mlengos. Pangucape, "Iki sihir linuwih

3Lan dheweke maido (Nabi) lan gugu karepe dhewe. Samu barang prakara wis ana kepesten kang tetep

4Lan satemene wis teka marang dheweke pirang - pirang cerita isi pitutur pamenging (nyegah kafir)

5Ayat mahu kawicaksanan kang bener banget, mula pepiling mau ora piguna (kanggo dheweke si kafir)

6Mulane sira mlengosa marang wong kafir mau. Besuk qiyamat nalika malaikat damu sempronge sarta ngundang - ngundang marang barang kang dipaido dening wong akeh

7Pandelenge padha konjem, dene manungsa padha metu saka kubure memper walang kang bingung

8Padha rebut dhujang (rikat) marani pangundang mau. Wong - wong kafir padha ngucap, "iki dina kang rekasa

9Sadurunge dheweke, para umate Nuh biyen hiya padha maido marang kawulaningsun Nuh. Pangucape, "Nuh iku wong edan", lan padha nganiaya

10Bareng wis lawas Nuh banjur nyenyuwun ing Pangerane, "Kawula kawon kaliyan ummat kawula, mila mugi Paduka paring pitulung

11Ingsun (Allah) banjur bukak lawanging langit nuli metu banyu kang sok - sokan

12Apadene bumi Ingsun kersakake ngetokake tuk banyu tanpa wilangan banjur tempuk banyu saka dhuwur lan banyu saka ngisor netepi perintah kang pinasthi

13Nuh sakancane Ingsun tunggangake perahu kang ginawe saka blabag nganggo dipaku

14Mlaku ana ing ngarsaningsun, ganjarane Allah pitulung marang Nuh kang dipaido umate

15Perahu mau dilestarekake nganti lawas minangka tandha yekti, mulane wong kang keri padha elinga lelakon mau

16Mulane kepiye kahanane wewaden lan siksaningsun

17Saiki Allah wis gampangake al-Quran diweruhi surasane, mulane padha nyinaua

18Biyen kaum 'Aad padha maido ing Rosule. Kapriye kahanane wewaden lan siksaningsun marang wong 'Aad

19Allah nglakokake angin lesus kang banter nemppuh marang wong 'Aad mau ing dina Sangar kang lestari terus - terusan

20Angin mau numpes kabeh nganti glasah kaya wit kurma padha ambruk

21Kapriye ta hanane wewaden lan siksaningsun

22Satemene Ingsun Allah wis gelarake al-Quran gampang diweruhi surasane mulane padha ngestokna

23Biyen wong Tsamud uga padha maido (wulangane Sholih)

24Pangucape, "Ya gene aku manut marang wong siji tunggalku. yen mangkono aku rak klebu ing penasaran lan diarani wong edan

25Apa dhawuhing Allah mung didhawuake marang wong siji (Sholih wae) liyane ora diparingi dhawuh? Tetela Sholih iku tukang goroh lan gumedhe

26Besuk ing akherat bakal weruh nyatane sapa kang gumedhe lan tukang goroh

27Sejatine Ingsun bakal ngirimake onta wadon minangka tandha yekti lan panyoba, kanggo wong Tsamud. Saiki (Shalih) narimoha wae titenana piye

28Wong Tsamud padha dhawuhana anane banyu iku didumake marang onta lan dheweke, Kabeh padha kena gilirane. (sakdine kanggo wong Tsamud lan sedina maneh ontane)

29Dheweke wong Tsamud banjur ngundang kancane nedya mateni. Onta mau banjur dicekel banjur dipateni

30Kepriye ta kahanane wewaden lan siksaningsun

31Allah banjur ngutus Jibril kanthi suwara banter, wong Tsamud banjur tumpes sanalika ambruk kaya kayu garing wis mopol

32Satemene Allah wis gampangake al-Quran kanggo diweruhi surasane mulane padha ngestokna

33Biyen umate Luth uga padha maido wulangane

34Para umate Luth padha diudani watu tumpes kabeh kajaba mung Luth sakancane padha diparingi slamet ing wayah esuk

35Peparinge Allah kabungahan kaya mangkono walese marang wong syukur

36Lan satemene Luth wis ngelingake dheweke para ummate siksa ancamane Allah. Nanging padha maido ancaman mau

37Lan para ummate Luth padha bujuk (supaya masrahake) dhayohe. Mulane banjur Ingsun picakake mripate. Padha ngrasakna siksa lan ancaman Ku

38Lan satemene ing wayah esuke dheweke tinempuh ing siksa kang lestari

39Padha ngrasakna siksaningsun lan ancaman - ancamanKu

40Lan satemene Allah wis gampangake al-Quran diweruhi surasane mulane padha ngestokna

41Lan satemene para Rasul wis padha reka nerangake ancaman - ancaman marang Fir'aun

42Nanging dheweke gorohake kabeh tandha yekti kahelokaningsun, mulane padha ditumpes kelawan siksaning Allah kang Maha Mulya tur Maha Kuasa

43He wong kafir, apa kancamu luwih becik karo Firaun sabalane, utawa apa sira wis kasebut ana kitab kang kuna - kuna bakal luput saka siksa

44Utawa dheweke (wong kafir) padha kondo, "Aku iku kumpulan kang ditulungi Allah

45Ing tembe pakumpulane (wong Mekkah) keplayu, wonge padha lumayu sasaran (mundhur)

46Besuk Qiyamat bakal kelakone pangancam marang wong kafir siksane bebayani banget

47Satemene wong sing padha dosa ana donya nandhang siksa lan bakal dicemplungake neraka

48Yaiku nalikane dheweke digeret nyang neraka marang rahi - rahine. Pangandikane Allah, "Padha ngrasakna tumindake siksa neraka Saqor

49Sateme samu barang kang dumadi iku digawe kanthi papesthen

50Lan dhawuhe Allah mung sapisan wae suwene mung sak kedheping mripat

51Lan satemene biyen Ingsun wis numpes para wong kafir kaya kowe, mulane kowe padha elinga ngestokna perintah

52Kabeh kang wis dilakoni padha dicathet ana buku - buku cathetan

53Lan kabeh perkra gedhe utawa cilik kabeh mesthi ditulis

54Sarupane wong kang bekti ing Allah padha ana suwarga kang ana bengawane

55Ana ing palungguhan kang nyata indah ana ngarsane Allah kang Kuasa

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath