Islam
bali

53. An-Najm

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Demi lintang nalikane surup

2Kancanira (Muhammad) iku ora pisan kesasar lan ora ngawur

3Lamg dingendikaake (Muhammad yoiku Al-Quran) dudu sakarepe dhewe

4Kabeh kang didhawuhake mesthi wahyu terang saka Ingsun

5Kang diutus dhawuhake wahyu mau (Jibril) kang gagah perkasa

6Kang duwe akal lantip lan (Jibril mau) ngetokake rupane kang sejati (nalika Muhammad Mi'roj)

7Lan nalikane dheweke (Muhammad) ana ing panggonan mletheke srengenge (ufuk kang dhuwur)

8Tumuli dheweke (Jibril) nyedhak marang (Muhammad) sangsaya nyedhak

9Chedake nganti padha karo anak panah loro utawa luwih cedhak maneh

10Allah dhawuhake wahyu marang kawulane (Muhammad) hiya iku kang didhawuhake lumantar (Jibril)

11Atine (Muhammad) ora maido rupane (Jibril) kang wis dideleng (ana guwa Hira)

12He wong kang mangro tinal, ya gene sira madoni (Muhammad) anggone deleng (weruh Jibril)

13Lan satemene Muhammad wis weruh Jibril (rupane kang sejati) ana wektu liya

14Yaiku ana ing sidratil Muntaha (panggonan kang dhuwur dhewe ana langit nomer sing diweruhi Nabi Muhammad nalika mi'roj)

15Ing kono panggonane suwarga Ma'wa

16(Muhammad pirsa Jibril) nalika sidratil Muntaha mau ana kang nutupi

17Pandelenge Muhammad ora luput lan ora kesasar

18Satemene Muhammad wis pirsa sebagian tandha - tandha (kekuasaane) Pangerane kang agung

19Padha kondhoa, "Piye panemumu mungguh brahala kang aran Lata lan 'Uzza

20Lan brahala telu liyane, apa hiya padha duwe kuasa kaya kuasane Allah? (ora)

21Apa nyata, sarupane bocah lanang iku anakira, dene bocah wadon putrane Allah

22Pangedum mangkono iku luput ora adil

23Kabeh kang wis kasebut mau mung jeneng dianggo jenengake brahala, kang jenengake kowe lan leluhurmu. Allah ora nurunake dhawuh nyembah brahala mau, Anggonmu paha nyembah brahala mau mung nuruti panyana lan karepa ati kang kena panggodhaning seta. Tur wis padha diparingi pituduh dening Allah marang dheweke

24Apa manungsa bakal oleh kabeh sing diangen - angeni

25kelakone samu barang ana donya lan akherat iku ana kuasane Allah

26Piro wae akehe Malaikat ing langit kang syafa'ate ora migunani kejaba yen diparengake nyafa'ati wong kang dadi keparenge Allah

27Satemene wong kang ora ngandel bakal anane akherat padha ngarane yen Malaikat iku putrane Allah putri

28Lan dheweke ora duweni kaweruh bab mau, mung saka panyanane wae, kang mangka panyana iku ora bisa nyirnakake kang temen sithik wae

29Mulane padha mlengosa marang wong kang gorohake al-QuranKu kang mung golek kabungahan ing donya

30Hiya iku saka katoge kaweruhe. Satemene Allah nguningani wong kang nyimpang saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang ngambah pituduh bener

31Isine bumi lan langit iku kagungane Allah, kang bakal matrapi kang lakune hala sarta ganjar wong kang tumindak panggawe becik

32Hiya iku wong kang padha nyingkiri dosa gedhe lan panggawe ala kajaba dosa cilik kang mung sithik. Satemene Allah iku pangapurane gedhe kang nguningani sira. Panjenengane nguningani sira nalika dadekake saka lemah utawa nalika isih ana wetenge biyungmu dadi bayi. Mulane sira aja semuci - suci. Allah nguningani wong kang bekti

33Piye panemumu wong kang balik (saka al-Quran)

34Lan mewehake bandhane sithik lan ora gelem weweh maneh

35Apa dheweke (Walid bin Mughiroh) weruh barang kang samar - samar ngnti ngerti (apa sing dikandhakake)

36Apa durung oleh wulang kang kasebut ing kitabe/shuhuf Musa

37Lan lembaran - lembarane Obrahim kang wis didhawuhake lan dilakoni

38Yaiku wong kang dosa bakal nandhang patrapan saka dosane liyan

39Lan manungsa ora bakal tampa ganjaran kajaba laku kang wis dilakone dhewe

40Lan lakune mau besuk bakal katon

41Banjur diparingi ganjaran (pituas) kang sempurna murwat kang wis dilakoni

42Satemene barang - barang iku wekasane bali marang ngarsane Allah

43Satemene Allah paring bungah (kang dadekake bungah lan gumuyu) sarta paring susah (kang dadekake susah lan tangis)

44Saktemene Allah iku kang gawe pati lan urip

45Satemene Allah iku kang gawe jejodhon lanang lan wadon

46Saka nutfah (mani) kang tumama ing pranakan

47Satemene Allah bakal nguripake wong kang wis padha mati

48Satemene Allah kang paring kesugihan lan kecukupan

49Satemene Allah iku Pangerane lintang Syi'ra

50Satemene ALlah iku kang numpes wong 'Aad ing zaman kuna

51Lan uga numpes wong Tsamud nganti ora ana kang keri

52Lan uga numpes wong Tsamud nganti ora ana kang keri

53Lan negara - negara kang dienggoni ummate Luth kang diwalik dening Allah

54Tumuli Allah maringi marang negara mau siksa gedhe

55Mulane endi ta paringe Allah kabungahan marang isra kang isih mamang

56(Muhammad) iki utusan kang paring pengeling - eling kaya dene utusan sak durunge

57Saiki Qiyamat iku wis cedhak

58Liyane Allah ora ana kang bisa medharakae titi mangsa kelakone Qiyamat mau

59Apa ana kang sira gumuni kelawan maido kabar iki

60Lan geguyu ora nangis (dening krungu pangancam)

61Lan sira padha ora perduli

62Mulane padha sujuda lan bektia ing Allah

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath