52. At-Tur
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1Demi gunung Thur
2Demi Kitab Qur'an kang tinulis
3Ana ing papan kang gumelar
4Demi "Baitul Makmur" (Omah kang dimulyakake)
5Demi payon kang dhuwur (langit)
6Demi segara kang banyune agung
7Siksaning Allah Pangeranira kelakon temenan
8Siksa mau ora ana kang bisa nulak
9Kelakone besuk dina qiyamat nalika langit obah lan mubeng
10Lan gunung - gunung padha mlaku
11Ing dina iku siksa kang abot dadi patrapane wong kang padha maido (Rasul)
12Kang padha ketungkul nglakoni barang kang luput
13Hiya iku nalikane wong kafir padha dijorokake marang neraka jahannam
14Sarta didhawuhi, iki neraka kang padha sira paido biyen
15Apa iki sihir, apa pandelengira rusak dadi ora weruh
16Padha rasakna piye rasane sira bantah panase utawa ora, iku padha wae, kang dipatrapi siksa neraka iku kaluputan kang wis sira lakoni biyen
17Para wong kang padha bekti ing Allah padha ana suwarga panggonan kapenak
18Padha enak - enak nampani ganjaran paringe Pangeran sarta direksa ora kecemplung neraka jahannam
19Padha tampa dhawuh padha mangana lan ngombea, kelawan enak ana suwarga ganjarane penggawe becik kang wis sira lakoni biyen
20Wong ing suwarga padha linggih sendhen ing kursi kang ditata jejer - jejer, lan padha Ingsun dhawuhake widadari kang mripate blalak - blalak
21Wong - wong kang percaya ing Allah kang anake ngatur melu manut percaya anak mau Ingsun helokake bapakne, diganjar padha ganjarane Bapa tanpa disuda sethitik - sethitika. Saben manungsa iku gandhenge karo ngamal sing ditindakake
22Wong ing suwarga padha Ingsun paringi tambahan woh - wohan lan daging kang dipingini
23Ana ing suwarga dheweke padha rebutan gelas kang isine tanpa agawe mendem lan ora dadi pasulayan apa dene anggone ngombe ora duraka
24Lan padha ngubengi sacedhake dheweke punakawane kang rupane bagus - bagus kaya mutiara kang isih ana ing congkoke
25Padha hadhep - hadhepan takon - tinakon karo kancane
26Pangucape, "Kala rumiyen kula nalika wonten ing tengah - tengahing keluarga ajrih sanget dhateng siksaning Allah
27Allah lajeng paring pitulung dhateng kula, dipun reksa biten mlebet neraka
28Sayektosipun rumiyen kula bektos ing Allah, sayektosipun Allah punika damel sahe tur Maha Asih
29Sira ditaberi nyurup - nyurupake (nerangake). Sira dudu guru pagorohan lan dudu wong edan, nanging diparingi kabungahan ing Pangeranira
30Wong mangro tingal malah padha kondha, "(Muhammad) iku pinter nganggit tembang, Hiya tak entenane horeging jagad kang wecana
31Dhawuha, "Hiya padha ngentenana, aku uga ngenteni karo kowe
32Wong mangro tingal anggone kondha mangkono mau, thukul saka akale kang nasar, utawa saka kebangeten anggone dhemen padu
33Dheweke (wong mangro tingal) malah padha kandha, "Dheweke (Muhammad) iku anggone gawe - gawe". Satemene wong mangro tingal mau ora padha iman
34Manawa pangucape temen padha gawea Kitab kang madhani al-Quran (terange lan bergase)
35Ana wong mangro tingal iku padha digawe nanging ora ana kang gawe, utawa dheweke iku gawe awake dhewe
36Utawa dheweke padha gawe bumi lan langit? Sejatine dheweke ora ngandel (kang kandhakake dhewe)
37Utawa dheweke mau nyekel gedhong pasimpene Pangeranira utawa dheweke kang kuasa
38Apa dheweke duwe ondho (nyang langit) kanggo ngrungokake guneme malaikat ana ing andha mau. Yen mangkono, iya wong kang ngrungokake mau nganakna tandha yekti kang cetha
39Apa nyata Allah peputra putri, lan kowe (kang mangro tingal) padha manak lanang
40Apa anggonira ngondhangake perintah Ku, kango jaluk pituwas marang dheweke, nganti dheweke padha abot anggone nganakake pituwas
41Apa dheweke padha kadunungan kaweruh ghoib, weruh samu barang kang samar banjur padha ditulisi (kena dianggo madoni Muhammad)
42Apa dheweke neja maheka marang Sira, pahekane malah bakal balik marang si kafir kabeh
43Apa dheweke mau ngaku duwe Pangeran liyane Allah. Allah iku maha suci , adoh banget yen kaya panemune wong mangro tingal
44Manawa wong kafir mau padha deleng gempalaning langit runtuh, padha ngucap, "iki mega kang tumpuk - tumpuk
45Padha tokna wae nganti tekan dina anggone padha mati
46Yaiku dina kang ora ana gunane pahekane si kafir marang awake sethithik - thithika lan ora ana kang bisa nulungi marang dheweke
47Lan satemene kanggo wong kang nganiaya ana siksa sak durunge mati. Ananging kang akeh ora padha weruh
48Lan padha sabara narima pranataning Pangeranira awit sira tansah Ingsun huningani lan sira nyebuta, "Maha suci" lan memuji ing Pangeranira nalikane sira ngadeg (arep sholat)
49Lan ing wayah wengi apadene ing wayah surupe lintang (waktu fajar) sira hiya nyebuta "Maha Suci" ing Allah
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath