Islam
bali

51. Adh-Dhariyat

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Demi angin kang ngumbulake bledhuk kang mabul - mabul

2Demi mega kang gawa banyu udan

3Demi perahu kang mlaku ana banyu kelawan gampang

4Demi Malaikat kang andum rizki lan udan

5Anggonira padha diprasetyani lan diancam dening Allah mesthi bakal kelakon

6Pituwase laku hala lan becik mesthi bakal kelakon

7Demi langit kang ana dalane kanggo mlaku lintang - lintang

8Anggonira padha bedha - bedha panemu (bab Muhammad lan al-Quran)

9Wongkang kena digorohi, hiya sida didohake (saka al-Quran lan Nabi Muhammad)

10Wongkang padha goroh mau didohake saka rahmate Allah

11Wongkang padha kesilep bodho padha lali

12Padha takon, "benjing punapa kalampahanipun Kiamat

13Hiya iku dina nalikane (wong kafir) padha disiksa ing neraka

14(Lan padha dawuh) iki siksa kang padha sira kesusokake biyen, padha rasakna

15Sarupane wongkang bekti ing Allah ana suwarga kang ana bengawane mili

16Padha nampani ganjaran paringe Pangeran, dheweke mau sadurunge mlebu suwarga padha nglakoni penggawe becik

17Wong Mukmin mau yen bengi anggone turu mung sethithik

18Lan yen wayah sahur (seprapating wengi kang wekasan) padha nyuwun pangapuraning Allah

19Bandhane disediakake dadi duweke wong miskin kang jejaluk lan wong melarat

20Bumi iku panggonan gumelare tondha yekti tumrap wong kang terang susurupane kang mratandani kuasaning Allah

21Apa sira ora tau deleng kang ana ing awakira

22Rizkimu lan pituwasing laku kang disediakake marang sira padha ana ing langit

23Demi Pangerane bumi lan langit, sabarang kang diprasetiakake marang sira , mesthi, kelakon nyata kaya anggonmu bisa kandha wis tanpa mamang

24(Muhammad) Apa wis weruh cerita dayohe Ibrahim yaiku (malaikat - malaikat) kang dimuliakake

25Nalika padha mlebu ing omahe Ibrahim padha ngucap "Salamun", Ibrahim uga mangsuli "Salamun" sarta takon, "sampiyan sinten kula dereng sumerep

26Ibrahim nuli noleh marang rabine, kang nuli ngeladekake pedhet lemu kang wis diolah mateng

27Nuli disuguhake marang dayohe, diaturi dhahar (nanging ora kersa)

28Ibrahim banjur wedi marang dayohe. Dayohe banjur matur, "Panjenengan sampun ajrih". Dayohe banjur bebungah diwenehi kabar bakal duwe anak lanang akeh kaweruhe

29Rabine (aran Sarah) kaget nuli maju lan gumun metek rahine. Pangucape, "Kula sampun pikun ( tahun) laki kula inggih gabuk (umu tahun) punapa yekto kula sambut manak

30Para dhayohe padha mangsuli, "Sampun mekaten pangandikanipun Pangeran panjenengan (sampun mesthi kelampahan) Allah punika Maha Wicaksana tur Nguningani samu kawis

31Ibrahim takon, "Kawaji punika panjenengan dipun utus punapa

32Para Malaikat padha mangsuli, "Kula diutus numpes para kafir ummatipun Luth

33Kula kakersakaken jawahi sela utawi banon dhateng tiyang kafir wau

34Sela wau sampun dipun cireni dening Pangeran panjenengan kangge (nyirnakaken) para tiyang tumindak kesangetan. (Selanipun sampun dipun paringi nami - nami ingkang badhe kataman sela wau)

35Sapunika kula perlu nyingkiraken para mukmin ingkang sami wonten ngriku

36Salebethipun kitha mriku kula boten manggih kajawi namung satunggal griyanipun tiyang ingkang sampun sumarah (Islam)

37Kula lajeng nilar tetilas wonten ngriku supados dados ayat tandha yektosipun (anggen kula numpes ummatipun Luth) dadosa penget dhateng para tiyang ingkang ajrih siksa ingkang nyakiti

38Dene cerita lakone Musa uga dadi tandha yekti maneh yaiku anggone Ingsun utus nyurup - nyurupake marang Fir'aun kanthi tandha yekti kang cetha

39Fir'aun sabalane padha maido, pangucape, "Musa iku yen dudu juru sihir ya wong edan

40Fir'aun lan sabalane padha ingsun tumpes sarana disilepake ana segara, sebab dheweke nindakake gaweyan kang hina

41Lan maneh lelakone wong 'Aad uga dadi tandha yekti nalika Ingsun ditekani angin kang ngrusakake

42Angin mau manwa nerjang wong 'Aad utawa darbeke, endi kang katrajang mesthi katiwasan

43Cerita tumpese wong Tsamud (ya dadi tandha yekti sawise belih ontaning Allah) banjur didhawuhi padha bungah - bungaha nganti tekan mangsane

44Wong Tsamud mau wis kebacut gumedhe, nglakoni dhawuhe Pangerane, mulane banjur tumpes dening bledheg kabeh padha deleng dheweke

45Sawise katekan siksa (wong Tsamud) ora bisa ngadek lan mlaku ora ana kang katulungan

46Sadurunge Ingsun numpes ummate Nuh, awit padha duraka kafir

47Langit Ingsun tekake kelawan kuasaningsun, Ingsun iki kuasa kang sabenere

48Dene bumi iku Ingsun gawe gelar, Ingsun iki becik - becike kang hanggelar

49Samu barang kang dumadi iku akeh kang Ingsun gawe jodhon (lanang - wadon) supaya sira padha mikir

50Mulane padha gelis (age - age) ngistokake dhwuhing Allah Ingsun iki ngelingake kelawan cetha terang saka Allah

51Lan aja padha mangro tingal mangeran liyane Allah, Ingsun iki ngelingake kelawan cetha terang saka Allah

52Mangkono uga wong kuna saben katekan Rasul mesthi padha ngucap, "Kang ngaku Rasul iku yen ora juru sihir hiya wong edan

53Apa dheweke padha mekas marang liyane padha dikon ngucap hala marang Rasul? Wong kang ngucap mangkono iku tetep wong padha kesasar

54Mulane padha malengosa marang wong mangkono mau sira wis ora kahinan awit wis mratakake dhawuh

55Lan sira tetap ngelingake awit pepiling iku migunani marang wong mukmin

56Anggoningsun gawe jin lan manungsa karsaningsun supaya padha bektia marang Ingsun

57Titah mau ora Ingsun kersakkae golek rizki konjuk ing Ingsun, lan Ingsun oran ngersakake kanggo ngingoni aku

58Satemene Allah iku paring rizki tur prakosa banget

59Sarupane wong kang nganiaya awake dhewe iku duwe bagian siksa kaya bageyan kancane wong kafir kuna (kang wis padha tumpes) dadi wis ora anggege siksa

60Siksa kang abot patrapane para wong kafir besuk qiyamat kang wis ditemokake dening Allah

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath