Islam
bali

50. Kaaf

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Qaaf (harane aksara Arab), Demi Al-Quran kang mulya (wong kafir iku ora percaya ing al-Quran)

2Malah pada gumun padha ketekan utusaning Allah saka kancane dhewe, wong kafir mau padha ngucap, "perkara iku ngeram - ngeramake (ajaib)

3Besuk yen wis aku mati lan dadi lemah jare bakal diuruipake maneh, iku lak adoh banget

4Ingsun ngingani bumi anggone ngelongi cacahing wong kafir, sarta Ingsun kagungan Kitab kang nyathet

5Sabenere dheweke wis gorohake kebeneran nalika kebeneran mau teka marang dheweke. Mulane dheweke padha ora karuan

6Apa dheweke lali ora deleng langit kang ana dhuwur, anggone Ingsun hadegake tanpa cagak lan direnggo (kelawan lintang warna - warna) apadene tanpa cacat utawa benthet sathithika

7Lan ora dheleng bumi anggone Ingsun gelar Ingsun dokoki gunung gedhe pirang - pirang, thetukulan warna- warna kang bungahake

8Minangka tuladha lan pepeling tumrap kawula kang manut miturut

9Lan maneh Ingsun nurunake banyu udan kang mawa berkah saka langit, banjur dianggo nukulake thetukulan ing palemahan lan wit - wit kang kena diunduhi wohe

10Lan nukulake wit kurma kang glugune dhuwur - dhuwur lan wangune sungsun akeh

11Minangka pangane para kawula, lan maneh banyu udan mau Ingsun anggo nguripake palemahan kang bera. Dene metune wong kang wis padha mati saka kubure hiya kaya mangkono

12Yen para ummate Nuh lan pendhudhuk Ros lan Tsamud

13Lan maneh kaum 'Aad, kaum Fir'aun, lan kaum Luth

14Lan pendhudhuk Aikah sarta kaum Thubba' kabeh wis gorohake para utusan mulane wis benere kena pangancam ing siksa

15Apa Ingsun iki sayah dening nitahake titah kang sakawit? Ananging dheweke padha dumunung ing semang - semang tumrap tumitahe titah kang anyar

16Ingsun wis nitahake manungsa lan nguningani sakrenteking atine, dene Ingsun iki cedhak banget marang manungsa luwih cedhak tinimbang otot gulu-iring

17Sira nyaritakna nalikane malaikat loro kang rumeksa manungsa padha sapetemon linggih ana ing kiwa tengene manungsa

18Saben manungsa mau ngucap apa wae, mesthi ditulisi dening malaikat loro kang padha ana kita - tengene

19Sakwise tekan ing wewangen, sekarate pati teka. Pati mau kang tansa sira singkiri

20Lan slomprete bakal diunekake, iku dina ancaman

21Lan sarupane jiwa bakal teka, kang anyartani iku tukang anggiring lan saksi

22Nalika ana ing donya sira lali, ora mikir prakara iki, saiki kang lali mau Ingsun bukak. Pandeleng mau banjur padhang weruh kabeh barang kang sira paido biyen

23Malaikat kang nyatheti dhawuh, "Kang kasebut ing buku iki lugune cathtan kang ana ing aku

24(Nuli ana dhawuhing Allah marang Malaikat Malik kang jaga neraka) sarupane wong kafir kang nyulayani ing Allah padha cemplungna neraka jahannam

25Hiya iku wong kang padha nyegah penggawe becik, padha nganiaya lan mamang agamne Allah

26Kang padha mangeran marang liyane Allah, padha sira cemplungake ing siksa kang abot

27Kancane kang bareng dheweke uga kondho, "Dhuh Pangeran kawula, Paduka mboten pisan nasaraken nanging pun kafir piyambak ingkang narasaken

28Allah ngandika, "Aja padha padu (gojegan) ana ngarsaningsun biyen Ingsun wis ngundangake pangancam siksa marang sira

29Undang - undange al-Quran iku terang saka Ingsun, ora kena diowahi. Ingsun ora pisan nganiaa marang kawulaningsun

30Nalikane Ingsun dhwuh marang neraka jahannam, "Apa saiki wis kebak?" Dijawab, "Dereng, punapa taksih badhe katambahan malih

31Lan suwarga wis dicedhakake marang para wong kang taqwa marang panggonan kang ora pati adoh

32Suwarga iku ganjaran kang Ingsun prasetyakake biyen marang wong kang manut miturut marang Ingsun nyingkiri larang Ingsun

33Hiya iku wong kang bektu ing Allah kang Maha Murah, tur ora handeleng dzating Allah kelawan kasat mata. Lan seba ing Allah (sowan) kelawan ati madhep

34(Kawulaningsun kang becik) Padha malebua suwarga ing suwarga kelawan tentrem, ing kono langgeng ora ana pati

35Ana ing suwarga, wong mukmmin padha katekan samu barang kang dikarepake, lan ana maneh wuwuhing kabungahan ana ngarsaningsun

36Lan pira - pira ummat biyen padha Ingsun tumpes tur gagah prakosane ngungkuli ummat mau. WOng kafir mau pdha mlayu ana sajerone negara, karepa ngungsi. Apa hiya oleh pangungsen

37Kang wis ksasebut mau mesthi dadi wewulang tumrap wong kang ana pikire. Utawa ngrungokake wewulang tur atine ngrasakake

38Ingsun wis gawe bumi lan langit apa dene barang kang ana antarane. Suwene mung enem mangsa rampung, lan Ingsun tanpa sayah

39(Muhammad) Mulane sira shabara aja ngrasakake pangucape (Yahudi lan Nashara) mung nyebuta Maha Suci lan memuji ing Pangeran (shalat) sadurunge mlethek srengenge lan sadurunge surup (yaiku sholat dhuhur lan Ashar)

40Lan memuji sira marang Pangeran ana ing wayah bengi lan sawise rampung sholat (fardhu)

41Padha ngungokna nalikane pangundang (malaikat) ngundang saka panggonan kang cedhak

42Denen nalikane para makhluk padha krungu getakke (Malaikat) kang sabenere, nalikane (wong kang wis padha mati saka kubur)

43Ingsun iki kang gawe pati lan urip, samu barang iku wekasane padha bali marang Allah

44Yaiku nalikane bumi pada bengkah (wong kang wis padha mati padha metu saka kono) nglumpuk rerikatan. Kekalkone mangkono mau tumrap Ingsun gampang

45Ingsun luwih nguningani pangucape dheweke, sira ora bisa meksa wong kafir mau marang iman, mulane sing sapa wedi pangancam Ingsun siksa, manut mituruta wulangane al-Quran

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath