Islam
bali

49. Al-Hujurat

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Para mukmin kabeh, sira aja lancang pangucap lan panggawe tanpa oleh idzining Allah lan Rasule. Sira padha bektia ing Allah Allah, satemene Allah iku miyarsa tur nguningani samu barang

2Para mukmin kabeh, sira aja padha nyerokake suwara ngungkuli suwarane nabi (Muhammad). Lan manawa matur aja padha seru - seru nganti kaua serune anggonira caturan karo kancamu. Mangkono iku nguatiri bok menawa sirna lakunira kang becik tur kowe ora krasa

3Sarupane wong kang nglirihake suarane ana ngarsane Rasul atine dicoba dening ALlah supaya atine bekti. Wong mangkono mau oleh pangapurane dosane lan bakal tompo ganjaran gedhe

4Satemene wong kang wani - wani ngundang marang sira saka jaban kamar, iku kang akeh wong ora genep akale

5Upamane wong mau sareh (sabar) ngenteni anggomu metu nemoni wong mau, luwih becik. Hewa dene Allah iku kersa ngapura tur Maha Asih

6Para mukmin kabeh, manawa sira katekan wong hala, nyaritakake apa - apa iku sira titi priksa kang terang temen lan gorohake. Marga iku nguwatiri, bok menawa kowe banjur kebacut ngukum wong kang satmene ora luput banjur dadekake gela marang tumindakmu

7Sira padha weruha ing kene ana utusane Allah, menawa sira manut miturut marang Rasul ing prakara akeh mesthi ora duraka. Nanging Allah remen yen sira percaya ing Allah. Allah becikake kepercayaan mau ana ing atinira. Lan ora remen yen sira kafir lan hala tandangmu lan duraka (wong kang bekti) mau aran wong kang pinter lan begja

8Hiya iku asih kanugrahane Allah lan peparinge kabungahan Allah iku nguningani samu barang tur wicaksana

9Manawa ana wong mukmin rong golongan padha perang padha rukunna, menawa kang siji saka salah sijine rong golongan mau tumindak nganiaya marang golongan liyane iku sira perangi, nganti manut ing pirukun ngestokake parentahing Allah. Manawa wis manut banjur sira rukunna kelawan adil, satemene Allah remen wong kang padha adil

10Satemene pra mukmin padha dadi sedulur. Mulane padha ngrukunna sedulurmu loro kang padha pasulayan lan bektia Allah supaya oleh asihe

11Para mukmin kabeh, aja padha geguyu (ngina) antarane wong lanang padha wong lanang. Awit kena uga kang digeguyu luwih becik tinimbang kang geguyu. Wong wadon aja uga geguyu marang padha wong wadon awit kang digeguyu kena uga luwih becik. Lan aja padha nacat marang wong liya, awit wong kang dicacat mau banjur males nacat, lan aja padha juluki hala marang wong. Wong iku sawise pracaya Allah cacat banget yen nganti dirangkepi jeneng ala. Sing sapa ora gelem tobat (anggone nrajang larangane) tete[ wong nganiaya awake dhewe]

12Para mukmin kabeh, padha ngedhohona panyana elek marang wong, awit sawenehing panyana iku ana kang dadi dosa. Lan aja sok nyebarake wadining wong lan aja ngrasani hala marang padha kancanira. Apa hiya sira iku dhemen mangan daginge sedulure kang wis mati? Bareng kelako mesthi ora doyan. Lan padha bektia ing Allah. Satemene Allah iku narima tobate manungsa tur Maha Asih

13Para manungsa kabeh, Ingsun wis gawe sira wijine saka wong lanang lan wadon, lan Ingsun dadekake pirang - pirang bangsa lan golongan supaya padha tepung (kenal) siji lan sijine. Dene mungguhe Allah sira iku kang aji dhewe, hendi kang banget bektine ing Allah. Satemene Allah iku nguningani samu barang tur wicaksana

14Wong padesan Arab padha ngucap, "Aku wis percaya (Mukmin)". Sira dawuha, "Kowe durung iman", nanging ngucapa, "Aku iki wong Islam". Iman durung mlebu ing atimu. Dene yen kowe manut miturut ing Allh lan Rasul ora bakal suda sethithik - thithika ganjarane lakumu kang becik. Satemene Allah kpareng ngapura dosa tur Maha Asih

15Kang tetep aran wong mukmin iku sarupane wong kang padha percaya ing Allah lan Rasule. Atine ora pisan - pisan mamang lan ketara anggone tenanan anggone ngistokake dhawuh ngetohake nyawane lan bandhane kanggo ragad nindakake dhawuh Allah (sabilillah) hiya iku wong kang temen imane

16(Muhammad) Dhawuha, "Apa kowe ngaturake agamamu kang kok sungkemi ing Allah. ALlah ikunginingani samu barang isining bumi lan langit. Lan marang sakabehane barang Allah nguningani

17Wong (ing pedesan) mau padha ngaturake dheweke iku padha potang kabecikan anggone Islam marang sira (Muhammad) sira dhawuha, "Kowe aja padha rumasa pitang kabecikan kalawan anggonmu Islam, nanging Allah, iku paring pitulung marang kowe padha diparingi pituduh kapercayan (Iman) manawa sira temen

18Satemene Allah iku nguningani kang samar - samar ana ing bumi lan langit. Allah iku mirsani kabeh barang kang padha kok lakoni

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath