Islam
bali

48. Al-Fath

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1(Muhammad) Satemene Ingsun wis maringin kemenangan marang sira kanthi menang kang nyata (bedhahe Mekkah)

2Supaya Allah anggone kersa ngapura dosanira kang wis kelakon lan durung kelakon lan supaya sempurna paparinge kabungahan marang sira, apadene kersa paring pituduh dalan bener

3Lan kersa paring pitulung kelawan pitulung kang mulya

4Allah iku kang paring tentrem ana ing atine para mukmin supaya imane tambah numpangi imane kang wis dhisik. Allah iku kagungan wadia bala ing langit lan bumi, lan Allah iku Maha Nguningani lan Maha Wicaksana

5Allah kersa arep ganjar mukmin lanang lan wadon kelawan suwarga kang ana bengawane mili ana ngisore kekayon ana kono padha langgeng. Lan Allah kersa ngapura kaluputane, kang mangkono iku diarani kebegjan gedhe ana ngarsane Allah

6Allah bakal nyiksa para wong lamis lanang utawa wadon apadene wong mangro tingal lanang lan wadon kang padha nyana hala marang Allah. Kanggo dheweke digilir ing barang hala, Allah ngancam siksa neraka jahannam lan hala kadadeyane

7Isining langit lan bumi kabeh wadyabalane ALlah kang Maha Mulya tur wicaksana

8(Muhammad) Ingsun ngutus sira perlu nekseni hala becika ummatira, lan bebungah wong ngabekti bakal diganjar, lan ngancam wong duroko

9(Dhawuh Ingsun mau supaya) padha percaya Allah lan utusane, apadene ngajeni marang Rasul (utusan) lan supaya nyebut Maha suci ing Allah wayah esuk, lan sore

10Sarupane wong kang padha medharake prasetyane marang sira, sejatine hiya prasetya marang Allah. Astane Allah ana sakduwure tangane wong kang padha prasetya mau. Mulane sing sapa cidra saka kesaguhane, iku sejatine cidra marang awake dhewe. Dene sapa wong setya tuhu netepi prasetyane ing Allah bakal diparingi ganjaran gedhe

11Wong pedesan (ing Madinah kang ora melu perang) bakal padha matur, "Kula boten dherek jalaran ngareksa bandha sak anak bojo kula, mula mugi panjenengan Suwunaken pangapuraning Allah". Anggone matur mengkono mau mung ana lambe wae ora terus ing atine. (Muhammad) Dhawuha, "Sanadyan kowe ana ing ngomah wae, menawa Allah ngersakake bilahi marang kowe sapa kang kaconggah nolak? Utawa manawa Allah paring slamet sapa kang bisa murungake? Allah iku waspada marang kang bok lakoni

12Malah kowe padha nyana yen Rasul lan para mukmin salawase ora bakal ketemu sanak sadulure, sira kena godha dhemen panemu kang mangkono yaiku panyanamu elek, kowe bakal karusakan

13Sing sapa ora percaya ing Allah lan marang utusane iku wong kafir. Ingsun ancam siksa neraka Sa'ir

14Kraton bumi lan langit kagungane Allah, Allah ngapura wong kang dadi keparengen kersane lan nyiksa wong kang dadi keparenge kersane. Allah iku kepareng ngapura dosa tur Maha Asih

15(Wong kang padha keri ora maju perang) bakal ngucap, "Menawa kowe lunga arep jupuki jarahan perang (Khaibar) aku aja kok larang melu jupuki" Anggone kondha mau karepe kudu ngawaki pangandikane Allah. Sira dhawuha, "Kowe ora kena melu aku. Wis terang pangandikane Allah sakdurunge kelakon perang". Dheweke bakal mangsuli, "Anggonmu ora aweh iku amarga drengki (gething)". Wong mau kang weruh (benere agama Islam) mau sethithik

16(Muhammad) Dhawuha marang wong padesan kang padha keri (ora melu perang mau) ing buri kowe bakal padha didhawuhi mapagake perang mungsuh kang prakosa tur miranti gegamane. Kowe padha didhawuhi nyirnakake mungsuh mau utawa nelukake dadi wong Islam. Manawa kowe nurut, Allah bakal maringi ganjaran becik, dene yen kowe mogok kaya kang dhisik Allah bakal matrapi siksa kang nglarani

17Wong wuta lan wong pinacang, wong loro ora dadi apa manawa keri ora melu perang dene sapa wonge ngestokake dhawuhe Rasul bakal diganjar suwarga kang ana bengawane mili ana ngisore kekayon dene sapa wonge bangkang dhawuhe Allah lan rasul bakal kasiksa kang nglarani

18Allah wis nerangake anggone padha sahabat padha pasetya marang sira (Muhammad) ana sangisore kekayon (sanggem ora bakal mlayu saka perang) Allah nguningani lugune atine para sahabat mau. Dhasar padha setya tuhu, mulane Allah banjur maringi tentrem atine, lan uga diparingi kemenangan kang cedhak (wektune)

19Allah maringi jarahan pirang - pirang kang padha dijupuk (ing khaibar) Allah Maha Mulya tur Maha Wicaksana

20Allah wis dhawuhake marang sira bakal oleh rampasan (jarahan) akeh, sira jupuki (saka Khaibar) nuli gelisake kelakone saiki, sarta Allah nyegah tangane manungsa kang arep ngrusuhi. Mengko iku supaya dadi tondho yekti kuasaning Allah marang Mukmin lan nuduhake dalan bener marang sira kabeh

21Lan sira bakal diparingi kemenangan liyane kang saiki durung sira kuasani (yaiku negara - negara liya) Allah iku nguasani samu barang

22Upama wong kafir padha mapakake perang mesthi padha mlayu menyang buri ora ana kang bisa nulungi lan ora duwe andel - andel kang nulungi awake

23Allah nindakake mangkono mau, ora beda kang wis ditindakake tumrap para ummat kuna sadurunge (wong Mekkah), samu barang kang wis ditindakake Allah ora ana kang bisa ngowahi

24Allah iku kang nyegah tangane wong kafir anggone arep nglarani sira uga nyegah tanganira naggone arep nglarani wong kafir sejeroni kutha Mekkah sawise sira menang ngalahake dheweke. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni

25Wong kafir padha nyegati wnggonira mlebu ing Masjidil Haram lan nyegah hewan kurban ora oleh dibeleh ana ing panggonan kang tinemtokake kaya kang wis kelakon. Upama ora ana wong mukmin lanang lan wadhon awor wong kafir mesthi sira ora weruh sapa kang mukmin bakal kesasar mateni dheweke. Dhadi sira bakal nandang dosa kang ora weruh urusane. Kersane Allah nglebokake wong mukmin ana rahmate. Upama wong Islam wis pisah karo wong kafir, mesthi Ingsun siksa wong kafir mau kanthi siksa kang nglarani

26Marga wong kafir mau atine padha gumedhe, yaiku gumedhene wong bodho, mulane Allah banjur nurunake katentreman marang Rasul lan mukmin. Kabeh padha dikersakake mantep anggone nyungkemi kalimah takwa lan wong mukmin wis dibenerake kalimat takwa mau, Allah nguningani samu barang

27Satemene Allah arep nyatakake yen impene Rasul mau temen sawantahe yaiku satemene sira mesthi bakal mlebu ing Masjidil Haram kelawan slamet lan tentrem sarta padha cukur rambut sirah lan guntingi (rambute) tanpa kuatir salawase. Dadi genah mawan ALlah pirsa kang kowe padha ora weruh. (Makkah direbut tahun buri, saiki lagi Khaibar disik) lan ALlah maringi unggul perang kang cedhak wektune

28Allah iku ngutus Rasule dikersakake gelar pituduh (agama Islam kang bener) supaya gumelare mau nyirnakek agama liyane. Kang mangkono iku cukup disekseni dening Allah piyambak

29Muhammad iku utusane ALlah, dene kang padha dherek panjenengane padha gagah prakosa lan kendel ngalahake para wong kafir. Apa dene padha asih karo kancane (wong mukmin) kaya sira deleng padha ruku' an sujud, amngkono maneh. padha ngarep - arep kanugrahan lan paringe kersane Allah. Dene labet anggone padha sujud mau bakal katon tengere. Rahine mancorong sanepane kasebut ing kitab Taurat lan Injil. Para sahabat mau kaya tanduran gandum kang metu anake kang banjur gedhe madani uwit kang dhisik, dadekake gumune wong kang padha nandur. Awit saka iku Allah dukani sarupane wong kafir. Allah prasetya maringi ganjaran lan pangapura gedhe marang wong mukmin kang padha nglakoni penggawe becik

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath