47. Muhammad
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1Sarupane wong kafir menging pracaya ing Allah, nyirnakake ganjarane anggone nglakoni kabecikan
2Dene Sarupane wong mukmin kang nglakoni panggawe becik sarta ngistokake dhawuhing (al-Quran) kang tinuturake marang Muhammad hiya iku agama kang bener terang dhawuhing Allah Pangerane. Allah ngapura dosane lan becikake lakune
3Mulane mangkono hamarga para wong kafir mau padha manut panggodhaning setan (dalan sing luput) dene para mukmin manut dalan bener saka Pangerane. Mangkono mau Allah anggone nerang-nerangake marang manungsa pirang-pirang conto
4Mulane manawa sira katemu mungsuh wong kafir (ana peperangan) banjur padha sira kethok gulune. Dene yen wis akeh kang mathi padha dadekna tawanan wae. Kena uga banjur sira hapura (huculake) utawa ditebus. Mangkono iku tindakna nganti tekan rampunge perang. Upama ana keparenging ALlah wong kafir padha ditumpes mesthi kelakon. Nanging ora mangkono, anggone dhawuh perang kanggo handadar para mukmin kang setia tuhu. Dene kang mati perang ana dhalaning Allah ora bakal hanjugarake anggone padha nglakoni panggawe becik
5Allah mesthi paring pituduh bener an becikake lakune
6Apadene ngunggahake ing suwarga lan mratakake panggonane
7Para wong kang percaya, menawa sira bantu utusaning Allah (anggone gelarake agama Islam) Allah mesthi paring pituduh marang sira lan netepake delmakanira (keyakinanmu)
8Dene para kang pada kafir padha kapitunan, Allah bakal nglarutake ganjarane anggone padha nglakone penggawe becik
9Anggone mangkono marga anggone sengit marang al-Quran kang didhawuhake Allah, mulane Allah nyirnakake ganjarane
10Yaene padha ora deleng kahanan ing bumi (nyelidhiki) delok kahanane ummat kuna biyen kang ditumpes marga anggone kafir kapriye kadadeyane kaya mangkono uga
11Mulane mangkono, amarga Allah iku pangayome wong mukmin kang paring pitulung, dene wong kafir ora duwe pangayom
12Allah iku ganjar para mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik padha diunggahake suwarga kang ana bengawane mili kana sangisore kekayon. Dene si kafir padha bungah - bungah (ing donya) lan padha mangan, anggone mangan kaya kebo sapi. Besuk ana akherat panggonane ana neraka
13Pira wae akehe wong padesan kang gagah prakosane ngungkuli kuate (saka penduduk) pedesanmu (Makkah) kang wis padha nudhung sira (saka Mekkah) padha Ingsun tumpes lan ora ana kang bisa nulungi dheweke
14Wong kang padha nyungkemi tandha yekti saka Pangerane (al-Quran) apa padha wae karo wong kang dhemen nglakoni penggawe hala pangrasane becik lan nuruti sakarep - karepe? (mesthi bedha banget)
15Saumpamane suwarga kang dijanjekake dening Allah bakal diganjarake marang para wong kang bekti, ana bengawan kang mili banyu kang ora owah, lan ana bengawane mili pohan kang ora bisa owah rasane, apadene ana bengawan mili saceng ang enak rasane tumrap wong kang padha ngombe. Lan anabengawane mili madu kang bening. Wong mukmin ana suwarga padha duwe woh - wohan akeh tur warna - warna lan oleh pangapura saka Pangerane padha karo wong kang ana neraka iku tetimbangane langgeng. Dicangar nganggo wedang panas mulane ususe padha ajur
16Sawenehe wongkafir ana kang padha ngrungokake gunemme (wulangane Muhammad), bareng wis mundur saka ngarepira banjur padha geguyu. Kandhane marang wong kang kadunungan kaweruh (para shahabat), "Apa kang dikandhakake mau?" Wong kang mangkono mau atine wis dikunci dening Allah. Banjur nglakoni sakarep - karepe dhewe
17Dene wong kang padha oleh pituduh diparingi tambah pituduh maneh sarta diparingi ati bekti ing Allah
18Wong kafir ngenteni apa? ora liya ngenteni dina qiyamat kang tekane ngegetake, kang mangka saiki satemene tandha - tandhane wis ana. Menawa wis teka piye anggone arep padha eling taubat (ing Allah)
19Sira weruha satemene ora ana sesembahan kelawan bener mung Allah piyambak, lan nyuwuna pangapurane dosanira lan dosane wong mukmin lanang lan wadon. Allah nguningani mlah - malihe panggawemu
20Wong mukmin padha kandha, "Ya gene ora ana dhawuh (perang)?" Barang ana dhawuhing perang, sira deleng wong kang atine lamis iku padha deleng marang sira arupa wong kang wedi mati
21Wajibe mung sendika sarta mangsuli nganggo tembung becik. Bareng tekane gawe perang wong lamis padha nyidrani kasaguhane, umpamane padha ngandel prasetyaning ALlah luwih becik tumrap awake
22Bok menawa kowe nyekel kuasa apa banjur bali gawe rusak ana bumi lan padha medhot paseduluran
23Wong kang mangkono mau padha dibendoni Allah mulane Allah banjur budhegake lan micakake pandelenge wong mau
24Ya gene (wong lamis mau) pra padha gagas (mikir - mikir) surasane al-Quran atine malah padha dikunci
25Sarupane wong kang wis terang marang pituduh bener nanging banjur balik dadi kafir lan lamis. Setan banjur godha wong mau (gampang gawe dosa) lan dawakake angen - angene
26Tetelaning panggodha, wong lamis mau padha bebisik marang wong kang padha sengit marang alQuran (wong kafir), "Aku bakal biyantu sawatara marang kowe". Allah nguningani wadine wong lamis mau
27Kepriye polahe wong lamis mau besuk yen wis dipateni malaikat kanthi gebugi wong lamis mau saka ngarep lan buri
28Mangkono mau amarga para wong lamis padha nglakoni barang kang dadekake dukane Allah, lan sengit barang kang dadi kersane Allah. Mulane Allah nyirnakake lakune becik wong lamis mau
29Wong kang atine ana lelarane (lamis) apa padha ngira yen Allah ora bakal bukak wadine anggone gething marang wong mukmin
30Menawa ana parenge karsane Allah, kena uga sira Ingsun weruhake kahanane para wong lamis, sira bakal weruh tengere anggone lamis, lan bakal weruh kandhane kang ora prasaja. Allah nguningane lakune para kawulane kabeh (hala becik)
31(Para mukmin) Ingsun nyoba diprentah perang supaya wuninga kelawan gumelar sapa kang setia tuhu lan tega atine lan Ingsun bukak wadinira ing kono bakal cetho
32Sarupane wong kafir lan kang ngalang - ngalangi sumebare agama Islam, apadene nyulayani Rasul, tur wis padha terang weruh pituduh bener ora pisan - pisan mlarati marang ALlah, ing tembe Allah jugarake ganjarane kabecikane
33Para mukmin kabeh padha manut - mituruta parintahing Allah lan rasul lan aja padha jugarake (bubrah) ganjaraning kabecikan
34Sarupane wong kafir lan ngalang - ngalangi sumebare agama Islam mangka banjur mati isih kafir Allah ora bakal ngapura dosane wong mau
35(Para mukmin kabeh) sira aja cilik atime lan ngajak rukun. Sira iku luhur ngungkuli wong kafir, lan ALlah nyertani sira kabeh, lan Allah ora bakal nyuda ganjaranira anggonmu padha ngelakoni panggawe becik
36Kabungahan ing donya iku mung dolanan kang ora lawas (nuli rusak) nanging manawa sira percaya sarta bekti ing Allah bakal diparingi ganjaran lan ora bakal dangu bandhanira
37Upama Allah dangu zakate bandhanira kelawan dhawuh kenceng sira dikersakake ngentekake bandha mau (kanggo zakat utawa ragad perang) mesthi eman eman. Allah banjur melehake anggonmu sengit
38(Para kawula kabeh) SIra padha perintaha ngetokake bondho kanggo ragad sabilillah nangin ana kang abot (lan ana uga kang entheng). Dene sing sapa komed medhit tumanjane marang awake dhewe. Lan Allah iku Maha sugih nanging sira kang benget butuhe (marang Allah). Manawa sira mlengos ngestokake dhawuhe Allah, Pangeran bakal ganti sira marang ummat liya kang dheweke ora kaya sira mangono (bangkang)
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath