Islam
bali

43. Az-Zukhruf

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Haa Miim

2Demi Kitab al-Quran kang gelarake pituduh bener

3Al-Quran iku Ingsun pacak nganggo tembung Arab, supaya padha ngerteni karepe

4Al-Quran mau wis dipacak ana baboning Kitab (Lauhul Mahfudz) kang ana ngarsaningsun. Al-Quran mau luhur ngungkuli kitab kang kuna-kuna, tur isine wicaksana

5Apa Ingsun ora paring wahyu apa - apa marang sira dupeh kowe kabeh padha ngluwihi wates

6(Ing zaman biyen) Ingsun wis ngutus nabi pirang - pirang

7Para ummat kuna manawa katekan utusaningsun mesthi padha angeguyu

8Wong kuna kang gagah prakosane ngungkuli wong kafir ing zaman iki padha Ingsun rusak kelawan siksa kayata kang wis kasebut ing ngarep

9Manawa sira takon marang wong kafir, "Sapa kang gawe bumi lan langit?". Mesthi padha mangsuli, "Ingkang damel Allah ingkang Maha Mulya tur nguningani samu kawis

10Allah iku kang dadekake bumi iki panggonanira, sarta gawe dalan pirang - pirang ana bumi supaya sira weruh ing ngendi panggonan kang sira sediya

11Lan kang nurunake banyu udan saka langit sacukupe kabutuhanira. Banyu udan mau banjur Ingsun ngerjakake palemahan kang bera. Dene ing besuk anggonira ditangekake saka ing kubur, hiya kaya mangkono pratingkahe

12Lan kang gawe barang warna - warna pasang - pasangan sakjodo lan gawe tetunggangan rupa prahu lan raja - kaya

13Wekasan sira padha nunggang kapenak ana ing gegere raja-kaya mau banjur eling anggonira diparingi kabungahan ing Pangeranira. Sarta nalikane sira nunggang raja-kaya mau memuji mangkene, "Maha Suci Allah kang wis nyungkemake raja-kaya kang samene prakosane marang aku. Upama tanpa pitulung Allah aku rumongsa ora kaconggah ngembadhani hewan kang samene iki

14Dene aku iki ing tembe mesthi bali marang ngarsaning Allah Pangeranku

15Panganggepe para wong kafir ana kawulaning Allah kang kalebu paperangane Allah (hiya iku malaikat dianggep putrane Allah) kang duwe panganggep mangkono mau tetela wong kafir

16Ya gene wong kafir iku duwe panemu yen malaikat gagaweyane Allah iku putrane Allah putri sarta awake dhewe milih anak lanang

17Manawa ana kang duwe anak metu wadon madani anggone nganggep marang Allah kagungan putra-putri wong mau ulate banjur peteng lan susah banget

18Ya gene padha netepake sifat cacad marang Allah lan ngaku sifat kang prayoga tumraping awake dhewe kang mangkon padune wong mau ora ana katerangane

19Lan dheweke padha nganggep malaikat kawulaning Allah iku wadon. Anggone nganggep utawa nekseni mau bakal dicatheti lan besuk ana ing akherat bakal ditakoni

20Wong Mekkah padha celathu, "pama kersane Allah aku ora kepareng nyembah malaikat, Aku mesthi ora kelakon nyembah malaikat." Anggone kondho koyo kaya mengkono mahu ora weruh katerangane (bener utawa luput) dadi kandhane mau mung goroh lugu

21Ap sadurunge ana al-Quran, wong mau padha Ingsun paringi kitab (lan nerangake kena nyembah liyane Allah) kang banjur dihestokake tekan saprene

22Nanging dheweke kondho, "Aku mung ngleluri (nutugake) para leluhurku biyen padha nglakoni agama iki aku ngarep - arep oleh pituduh bener sarana manut ara leluhurku

23Mangkono uga biyen, saben Ingsun ngutus nabi, nyurup - nyurupake wong ing padesan panggedhene padesan mau mesthi banjur mangsuli, "Kula punika namung ngleluri para leluhur kula". Sami nglampahi agami satunggal punika. Kula namung manut agamanipun para leluhur kula wahu

24(Muhammad) dhawuha, "Apa sanadyan aku nyurup - nyurupake marang kowe kang luwih bener, ngungkuli panemune para leluhurmu biyen, kowe hiya ora gelem manut." Wong kafir padha mangsuli, "Dhawuh ungkang sampyan waradinaken punika kula sami mahiben

25Wong kafir mau banjur padha Ingsun turuni siksa mara dira delenga, kapruye kadadeyane wong kang padha maido dhawuhing Allah kang dihemban para rasul

26(Muhammad) Sira nyaritakna nalika Ibrahim matur marang bapakne lan pitutur marang para ummate tembunge, "Aku oramelu - melu anggonmu padha nyembah berhala

27Kajaba mung nyembah ing Allah kang gawe awakku, iku kang nuduhake dalan keselamatan marang aku

28Ibrahim nemtokake pituture mau dadi tetembungan kang linuruluri saturun - turune pangarep - arepe sarupane wong mangro tingal padha hambaleka manut marang Ibrahim

29(Pangandikaning Allah) Para kafir (Mekkah) lan leluhure malah padha Ingsun paringi kabungahan urip nganti katekan al-Quran (dhawuhing Allah) lan para Rasul ngasta keterangan

30Bareng katekan al-Quran wong kafir padha celathu, "Iki sihir lan yen dikandhakake dhawuhing Allah aku maido

31Pangucape, "Yen al-Quran iku nyata dhawuhing Allah ya gene ora didhawuhake metu wong lanang kang dadi panggedhening desa loro (Mekkah lan Thaif)

32(Pangandikaning Allah), "Apa dheweke mau kang andum rahmating Allah Pangeranira? Ingsun kang mesthi andum kabegjan marang dheweke (wong Mekkah) ana donya. Lan anjunjung drajate sawijining wong ngungkuli liya - liyane supaya sawehene bisa marintah marang liyane. Dene rahmate Allah Pangernira iku luwih becik tinimbang bondho kang dikumpulake

33Upama ora nguwatirake bok menawa manungsa iku dadi kafir kabeh marga saka kapengin andeleng kabegjane para wong kafir kang sampulur mesthi omahe wong kafir kang maido ing Pangeran kang Maha Murah Ingsun paringi payon salaka, lan ondho - ondho selaka kang padha dianggo mungguh mudhun

34Lan omahe won gkafir mau Ingsun dokoke lawan selaka, sarta Ingsun paringi amben dianggo sendhen

35Lan maneh Ingsun paringi rerenggan mas kabeh ora liya kabungahan ing donya. Dene ganjaran ing akherat ana ngarsaning Pangeranira. Wong kafir ora melu duwe mung tinamtokake marang wong kang padha bekti ing Allah

36Sing sapa nyulayani al-Quran dhawuhing Pangeran kang Maha Murah banjur Ingsun paringi setan - setan banjur dadi kancane

37Setan mau padha menging ngambah dalaning pituduh bener marang wong kang nyulayani al-Quran. Dene wong mau nyana yen wis ngambah dalan pituduh bener

38Manawa wis sowan ana ngarsaningsun banjur kandha marang syetan (wong sing nyulayani al-Quran), muga - muga aku didohna saka kowe, dohe saka panggonan mletheking srengenge tekan panggonan suruping srengenge. Konco kuwe iku hala temen

39(He wong kang nyulayani al-Quran) ing dina iki pangarep - arepira ora migunani marga sira wis tetela wong nganiaya awakira dhewe, sira lan setan kancaira mesthi padha disiksa

40(Muhammad) Apa sira bisa andokoki pangrungu marang owng budheg, utawa meruhake marang wong wuto, utawa nuduhake dalan bener marang wong kang wis pesthi mati kesasar

41Manawa sira Ingsun pundhut dhisik, sapngkurira Ingsun mesthi nyiksa wong kang padha nyulayani al-Quran

42Utawa kena uga sira Ingsun nuntunake kelakoning siksa kang Ingsun pancasake marang wong kang padha nyulalayani al-Quran. Ingsun kuasa nyiksa

43Saiki sira mung ngugemana pangandikaningsun kang wis didhawuhake, sira iku ngambah dalan kang bener

44Al-Quran iku kamulyan gedhe tumrap sira lan ummatira ing tembe manungsa padha didhangu (anggone nindhakake dhawuhing Allah)

45Takonna para rasul padha Ingsun utus sadurungira apa hiya Ingsun ngedekake Pangeran kang sinembah liyane Allah kang Maha Murah

46Biyen Ingsun wis ngutus Musa kanthi tondho yekti pirang - pirang, diutus nyurup - nyurupake marang Fir'aun sabalane. Dhawuhe, "Aku utusaning Allah Pangerane wong alam kabeh

47Bareng Musa wis teka gelarake tondho yekti kahelokan akeh ana ngarepe Fir'aun sabalane padha geguyu

48Anggoningsun nontokake siji - sijining tandha yekti marang Fir'aun sabalane mesthi luwih gedhe lan gegirisi tinimbang kahelokan kang wis Ingsun tontonake sakdurunge. Lan padha Ingsun siksa supaya padha marenana anggone kafir (bali menyang dalan bener)

49Fir'aun sabalane kondho, "He Musa juru sihir, kula mugi sampyan suwunaken dhateng Pangeran. Inggih punika manawi kula purun pitados badhe keparingan luar saking bebaya. Sapunika kula pitados dhateng sampeyan

50Bareng Fir'aun Ingsun paringi luar saka siksa, banjur padha nyidrani kasangguhane (percaya)

51Fir'aun kondho marang kawulane pangucape, "Para kaumku apa negara Mesik iki dudu duwekku? Padha delengan bengawan (Nil) iki mili ana ngisore panggonanku ngestokake parintahku

52Dadi aku iki luwih becik tinimbang Musa kang wis tetela wong asor celathune cedhal (pelo) meh ora ana wong ngerti

53Manawa Musa mau temen utusane Pangeran yagene ora digelangi mas, utawa ora diiringi malaikat kang padha nekseni yen dheweke utusaning Pangeran

54Fir'aun bujuk kawulane kelawan diterangake, para kawulane banjur ngestokake mulan banjur dadi wong duroko

55Cekake bareng Fir'aun sabalane padha gawe dukaningsun banjur padha Ingsun siksa. Mulane Ingsun kelem kabeh ana ing segara

56Fir'aun sabalane mau banjur Ingsun dadekake upama tumrap marang para ummat kang keri

57(Muhammad) Bareng Isa anake Maryam dianggo paribasan (anggone disembah dening para wong Nashara) ing kono para ummatira wong turun Qurais padha bungah

58Pangucape, "Becik endi ta Pangeran (sesembahanku apa dheweke (Isa))?". Dheweke ora gawe paribasan mau marang kowe perlune ora liwat mung madoni, para ummatira kang mangkono mau tetep wong madoni weweton barang kang ora bener

59Isa iku dudu barang - barang mung kawulaningsun kang diparingi kabungahan dadi nabi, sarta Ingsun anggo upama marang para turuning Israil

60Upama ana parenge kersaningsun, sira padha Ingsun sirnakake, banjur disalini para malaikat padha manggon ana ing bumi mesthi kelakon mangkono

61Lan satemene Isa mau yekti dadi tetengere kaweruh dina Qiyamat, sira aja mamang bakal tekane dina Qiyamat mau, sira mung ngistokna parintah Ingsun. Iki dalan kang bener

62Sira aja padha kena panggodhaning setan, awit tetela dadi saterunira

63Bareng Isa wis diutus dening Allah kanthi tondho yekti kahelokan pirang - pirang. Dhawuhe, "Tekaku iki dhawuhake Injil kang isine kawicaksanaan perlu nerangake anggonmu padha pasulayan bab surasaning Kitab Taurat. Kowe pada bektia ing Allah manuta marang aku

64Satemene Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu, mulane padha nyembaha Allah, iki dhalan bener

65Padha pasulayan ing bab panemu antarane golongan - golongan (Nashara) antarane dheweke, cilaka banget (wong - wong nashara) kang panemune dadi kafir, awit besuk dina Qiyamat bakal kacemplung siksa kang nglarani

66Wong mangkono mau mung ngenteni dina Qiyamat kang tekane bakal ngagetake ora kanyanan pisan - pisan

67Ing dina iku sarupane pakumpulan duraka, wonge padha sesatron, kajaba wong kang padha bekti

68Kawulaningsun, Ing dina iku sira ora duwe kuatir lan ora kasusahan

69Para wong Islam kang padha ngestokake dhawuhing al-Quran ayat Ingsun

70Sira lan rabinira padha malebua ing suwarga kelawan bungah lan diaji-aji

71Padha diladeni panganan kang wadahe emas, lan omben - omben winadhahan ing gelas. Wadhah emas mau isi panganan kang menginake ati lan ngresepake dineleng. Sira ana suwarga padha langgeng salawase

72Hiya iku suwarga pandumanira diparingake marang sira marga anggonira ngelakoni panggawe becik

73Ana suwarga sira padha duwe woh - wohan pirang-pirang sira padha mangan hendi kang sira pengini

74Sarupane wong kafir padha disiksa ana neraka jahannam langgeng salawas - lawase

75Tanpa kendhat lan kamayaran padha meneng dening wis sirna pangarep - arepe kamayaran

76Ingsun ora pisan nganiaya wong kafir, nanging dheweke nganiaya awake dhewe

77Wong kafir padha matur, "Malaikat Malik ingkang nguwasani neraka, munjuka ing Pangeran sampeyan, kula punika dipun pejahi kemawon". (Malaikat) mangsuli, "Kersaning Allah kowe disiksa langgeng salawas - lawase tanpa mati

78Ingsun ngundangake parentah bener, nanging kang akeh sengit marang bener

79Apa wong kafir (Mekkah) nyantosani anggone neja ngrusak (Muhammad) Ingsun hiya nyantosani

80Apa wong kafir padha ngira yen Ingsun ora mireng pangucape kang mung dibathin lan kang dilahirake. Ingsun mireng lan nguningani malah para utusaningsun padha nulisi

81(Muhammad) dhawuha, Upama Allahkang Maha Murah kagungan putra mesthi aku dadi kawulane wong nyembah (putrane Allah mau)

82Allah iku Maha Suci Pangerane bumi lan langit uga 'Arsy, adoh banget yen kaya panemune wong kafir

83Mulane wong kafir mau padha nengna wae, karo ben padha kebanjur - banjur anggone ngencengi barang kang luput. Anggone ana donya tanpaguna ngenteni tekan qiyamat kang diancamake Allah

84Allah iku kang sinembah kelawan bener ana ing bumi lan langit. Allah iku wicaksana tur nguningani samu barang

85Allah iku Maha Luhur, kang kagungan kraton bumi lan langit lan kagungan barang kang ana antarane bumi lan langit. Kaweruh bakal kelakone Qiyamat iku ana ngastane Allah piyambak. Ing tembe sira bakal bali padha sowan ana ngarsane Allah

86Barang liyane Allah kang padha disembah dening wong kafir ora duwe syafa'at, ora wenang nyuwunake pikoleh tumrap marang liyane. Kajaba kang ngucap, "Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah" sarta nganggep lan weruh surasane

87Menawa sira takon marang wong mangro tingal, "Sapa kang gawe kowe kabeh lan barahala - barahal mau?" Mesthi padha mangsuli, "Ingkang damel inggih Allah". Sawise kondha mangkono kapriye anggone selak anggone nyembah Allah

88Lan maneh Allah nguningani hunjuke Muhammad, "Dhuh Pangeran kawula. tiyang kagir punika sami boten pitados ing Paduka

89Dhawuhing Allah, "(Muhammad) sira mung malengosa marang wong kafir mau, Lan ngucapa, "Aku dhasar selamet". Ing tembe wong kafir bakal padha weruh kadadeyane awake

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath