Islam
bali

37. As-Saaffaat

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Demi para Malaikat kang adha baris sap - sapan

2Demi para Malaikat kang padha ngimpun mega

3Demi kang padha maca al-Quran kelawan eling

4He (Manungsa). Sesembahanira kang bener iku mung Allah kang sawiji

5Hiya iku pangerane langit lan bumi, lan samu barang kang ana antarane langit lan bumi. Sarta Pangerane panggonan mletheke lan surupe srengenge

6Ingsun ngrenggo - ngrenggo langit kang cedhak kanthi lintang pirang - pirang kang padha semlorot

7Lan (ing kono ana) pangreksa saking sarupaning syetan kang amelwani

8Syethan ora bisa ngrungokake guneme para Malaikat kang ana ing ngendi - endi panggonan

9Syetan mahu dipatrapi siksa kang langgeng

10Kajaba syetan bisa sawetara bisa ngrungokake sakecap - rong kecap kelawan rikatan hewadene banjur katungka dibalang "Shihab" kang mubyar - mubyar lan natoni

11Takono angel endi anggone gawe wong kafir karo gawe bui lan langit? Anggoningsun gawe dheweke (wong kafir) mung saka endhut

12Balik sira (Muhammad) banjur gumun ana apa wong kafir ora bisa nerangake mung geguyu

13Menawa dipituturi surasaning al-Quran ora manut

14Menawa padha handeleng tandha yekti kehelokan (kayata sigare rembulan) padha geguyu

15Pangucape, "Iki ora liwat mung sihir

16Apa besuk yen aku wis mati utawa wis dadi lemah lan balung, aku bakal diuripake dadi wing maneh

17Apa perlu para leluhurku zaman kuna biyen uga padha diuripake kabeh

18(Muhammad) Dhawuha, "Padha diuripake kabeh dene kowe padha asor banget

19Dhene tangine wong kang wis padha mati iku mung sarana pathake (malaikat Israfil) sapisan bahe, sarta handeleng hala beciking lakune

20Padha ngucap (wong kafir): "Hadhuh, cilaka temen aku", (Banjur malaikat dhawuh), "Iki buktine dina Qiyamat

21Hiya iki dina pancasaning prakara kang padha kok paido biyen

22(Malaikat banjur tampa dhawuh), Sarupane wong kafir para syetan kang dadi panuntun, brahala kang disembah padha klumpukna kabeh

23Wong kafir padha nyembah liyane Allah, padha giringen marang dalan marang neraka jahannam

24Kabeh padha sira dhawuhana ngadeg ana pinggiring neraka, perlu padha ditakoni panggaweyan kang wis dilakoni

25Malaikat kang rumeksa neraka Jahannam banjur takon, "Yogene kowe padha ora tulung - tinulung karo kancamu

26Dino iku won gkafir ora bisa mangsuli mung pasrah bongkokan

27Padha pandeng - pinandheng lan tutuh - tinutuh padha kancane

28Panutuhe won gkang manut kang dianut, "anggonku manut marang kowe biyen, marga anggonmu hambujuk aku dibondhani supata

29Wong kang dianut mangsuli, "Hiya bener nanging kowe ora percaya marang rasul saka karepmu dhewe

30Aku ora kuwasa nyegah marang kowe. Tetela kowe kesasar saka karepmu dhewe

31Dadi saiki kita kapeksa padha ngrasakake siksa kang wis diancamake biyen, tetep kaya pangandikaning Allah Pangeranku

32Aku nasarake marang kowe, nanging aku dhewe hiya kesasar

33(Pangandikaning Allah) dado dona iku wong kafir kang manut lan kang dihenut, kabeh padha disiksa

34Kaya mangkono anggoningsun nindakake pangadilan marang para kafir

35Wong kang padha nyembah brahala manwa krungu pangucap, "Laa Illaaha Illallah" banjur padha gumedhe

36Pangucape, "Apa aku padha mareni nyembah brahala, mung marga manut marang nganggit tembang edan

37(Pangandikaning Allah) (Muhammad) iku dhawuhake barang kang nyata, temen saka Ingsun cocok kang didhawuhake dening para rasul kang kuna - kuna

38(Para wong kafir) Sira kabeh ora wurung bakal ngrasakake siksa kang ngelarani

39Ora liwat kang mangono mahu tumanja patrapane kaluputan kang wis padha sira lakoni

40Kajaba para kawulaning Allah kang resik mligi pracaya ing Allah

41Ana suwarga padha olelh rizki kang tinamtokake

42Hya iku woh - wohan pirang - pirang lan nyenyamikan. Wong mukmin padha kajen banget

43Ana ing suwarga kang akeh kanikmatan (Suwarga Na'im)

44Padha linggih ana ing dhampar kencana adhep - adhepan

45Padha diladen gelas isi banyu bening saka sumber-sumber

46Rupane puth diombe enak banget

47Omben - omben mau ora marakake mumet (ora isi alkohol) uga ora marakake mendem

48Ing suwarga padha marem handeleng rabine kang endah rupane mripate omba nyengsemake

49Kekulitane putih semu kuning memper endhok kang kasimpen becik

50Wong ing suwarga padha pandeng - pinandheng lan takon tinakon padha kancane (bab lakune ing donya)

51Ana kang celathu mangkene, "Kala ing donya kula gadhah konca mahiben bab anggenipun tiyang badhe tangi saking pejah

52Wicanten, "Apa kowe ngandel bakal tangine wong kang wis padha mati

53Besuk yen wis aku mati sarta wis dadi lemah lan balung, apa nyata aku bakal tampa ganjaran utawa nandhang siksa

54Won ging suwarga celathu marang kancane, "Manapa badhe sumerep kawontenipun tiyang ingkan mahiben

55Banjur padha ngungak, ing kono banjur handeleng wong kang maido mau ana telenging neraka jahannam

56(Won ging suwarga) padha celathu, "Demi Allah, upama aku kena kok bujuk, kok jelemprongake, mesthi aku cilaka kaya kowe

57Upama ora ana pitulunge Allah marang aku, mesthi aku melu digiring neraka kaya kowe

58(Wong ing suwarga mahu) celathu, "Punapa kula badhe pejah maleh

59Kejawi pejah sepisan ing kang sampun kula lampahi rumiyin punapa kula boten badhe dipun siksa

60(Malaikat dhawuh), "Sampeyan boten badhe pejah maleh, langgeng wonten suwarga, punika kabegjan ingkang ageng

61Wong kang padha ngelakoni kabecikan murih oleha kabegjan

62Sesuguhing Allah suwarga kang mangkono mau becik hendi karo woh zaqqum? (hiya iku woh - wohan neraka)

63Woh zaqqum mahu Ingsun sediyakake kanggo matrapi para wong kafir

64Kayu zaqqum iku tukhul ana telenge neraka Jahim

65Mancunge zaqqum mau memper hendasing syetan

66Wong kafir padha kapeksa mangan woh zaqqum mau, nganti kebak wetenge

67Sawise mangan banjur ngelak banget nuli padha ngome wedang kang luwih panas

68Banjur padha bali marang panggonane lawas ana ing neraka Jahim

69Wong kafir mau padha katemu para leluhure kang uga padha kesasar

70Anggone manut leluhure kelawan rerikatan tanpa dipikir

71Pawa wong kuna sadurunge wong kafir mau kang akeh padha kesasar

72Tur Ingsun wis ngutus para nabi, nyurup - nyupake lan ngelingake marang para wong kafirm mau, nanging ora dipahelu

73Mara sira delenga, kapriye kadadeyane wong kafir kang wis dielingake meksa ora mahelu

74Kajaba kawulaning Allah mukmin lan resik atine (kalis saka siksa)

75Nuh wis matur marang Ingsun nyuwunake patrapaning para ummate kang padha maido. Ingsun iki kang marengake panyuwun kang becik dhewe

76Insun paring selamet marang Nuh dalah para wargane selamat saka kasusahan gedhe

77Ingsun dadekake turune Nuh wong kang nerusake ketrunane

78Ingsun ngelestarekake kanggo Nuh kahutamane, hangalembana dening para nabi lan ummate kang keri - keri

79Sak isining alam kabeh padha memuji, "Allah muga paringa selamet marang Nuh

80Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan

81Nuh iku kalebu hewone para kawulangsin kang padha percaya

82Liyane Nuh dalah para wargane, kabeh padha Ingsun tumpes sarana banjir topan

83Dene kang kalebu ngleluri uwiting agamane Nuh iku Ibrahim

84Awit Ibrahim iku madhep ing Pangerane kelawan ati kang mulus (ora kaworan maro tingal)

85Dhek samana Ibrahim matur marang Bapakne, lan pitutur marang ummate, "Sampyan punika sami nyembah punapa

86Kenging punapa sampeyan hanjarang wicanten dora, nyembah sanesipun Allah, inggih punika brahala

87Kados pundi panginten sampeyan, punapa pangeraning jagad punika badhe kendel kemawon boten nyiksa

88(Ibrahim) banjur handeleng lintag sak gebyaran (karepe nyatakake barang kang ghoib saka kaweruh palintangan)

89Nuli celathu, "Kula punika badhe sakit

90Banjur ummate (Ibrahim) padha ningal lunga ngungkurake

91(Ibrahim) nuli noleh marang brahala sesembahaning para ummate kang padha disajeni pangan, serta celahu, "Ya gene kowe padha ora gelem mangan

92Ya gene kowe padha ora tahu celathu

93(Ibrahim) tumuli hanggebug seru marang barahala nganti pecah

94Para ummate (Ibrahim) banjur padha bali rerikatan

95Ibrahim celathu, "Ya gene kowe padha nyembah brahala, gegaweyane tanganmu dhewe

96Allah iku kang gawe awakmu lan samu barang gegaweyanmu

97Ummate Ibrahim celathu, "Sarehne Ibrahim iku makewuhi anggonku padha nyembah brahala, saiki gawekna panjaga nuli cemplunna ing geni

98Karepe ummate Ibrahim, geni mau dienggo maheka dheweke, nanging para ummate mahu weksasane Ingsun dadekake asor (paekane ora tumama, geni dadi anyep, Ibrahim metu saka ing geni kelawan selamet)

99Ibrahim celathu, "Aku sowan marang ngarsaning Allah Pangeranku ing tembe Allah paring pituduh dalan bener marang aku

100Dhuh Pangeran kawula paduka mugi paring akan sahe dumateng kawula

101Ingsun banjur ambebungan (marang Ibrahim) diparingi weruh yen arep dhuwe anak lanang kang becik kelakuane (aran Ismail) bekti marang wong tuwane tur welasan

102Bareng Ismail wis bisa melayu handherek Ibrahim, tumuli tutur marang dheweke, "He anakku, weruhana aku tampa dhawuhing Allah ana ing pangimpen, didhawuhi hambeleh, kapriye panemumu?" Ismail matur, "Dhuh Bapak, prayoginipun lajeng panjenengan hestokaken dhawuhing Allah wahu (mragat kula). Manawa Allah marengaken panjenengan badhe pisa tatagipun manah kula

103Bareng dheweke sak keloron padha manggakake apa sakersane Allah lan Ibrahim wis nurokake miring Ismail habantal pipine (nyata kesabarane)

104Ingusn banjur nimbali, "Hai Ibrahim

105Temen sira wis ngestokake dhawuh ana pangimpen samono uga sarupane wong kang ngelakoni kabecikan, padha Ingsun paringi ganjaran

106Parentahingsun kang mangkene iki , teela coba kang gedhe

107Banjur Ingsun lironi wedhus kang gedhe, dadi hambeleh wedhus mahu

108Ingsun glestarekake jenenge Ibrahim lan kahutamane, hangalembana dening para nabi lan para ummat kang keri - keri

109Kabeh padha memuji, "Allah muga paringa selamet marang Ibrahim

110Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan

111Satemene Ibrahim iku ewone kawulaningsun kang padha percaya

112Ingsun hambebungah (Ibrahim) manawa Ishak Ingsun junjung dadi nabi kalebu ewone wong kang becik

113Ingsun hamberkahi (Ibrahim) lan uga Ishak, anak turune nabi loro mau ana kang becik, percaya marang Insun, lan anak kang kafir, tetela nganiaya marang awake dhewe

114Lan satemene Ingsun wis paring kabungahan marang Musa, lan Harun, (sakarone ingsun junjung dadi nabi)

115Lan Ingsun selamaetake Musa lan Harun lan kaume padha kalis saka pakewuh gedhe

116Ingsun tulungi wong Bani Israil kabeh ngalahake (Fir'aun) dadi wong sing menang

117Ingsun maringi kitab (Taurat) kang luwih cetha

118Lan Ingsun paringi pituduh dalan bener

119Lan Ingsun nglestarekake jenenge (Musa lan Harun) lan kahutamane hangalembana dening para nabi lan ummat kang keri - keri

120Kabeh padha muji Allah muga paringa selamet marang Musa lan Harun

121Kaya mangkono anggoningsun amles marang wong kang gawe kabecikan

122Satemene (Musa lan Harun) mahu hewone para kawulaningsun lan kaume padha kalis saka pakewuh gedhe

123Sateme Ilyas iku hewone para utusan

124Iku sira caritakna lelakone, nalika pitutur marang para ummate, "Ya gene kowe ora padha bekti ing Allah

125Ya gene kowe padha nyembah brahala aran Bangal, ora gelem nyembah Pangeran kang gawe saupane kang dumadi kelawan sempurna, ngungkuli kang padha gagaweyan kabeh

126Hiya iku Allah Pangeanmu lan Pangerane para leluhurmu ing zaman kuna

127Para ummat mau padha maido (marang Ilyas), mulane ing tembe padha dicemplungake (neraka)

128Mung para kawulaning Allah kang padha resik atine (padha selamet saka siksa neraka)

129Ingsun nglestarekake jenenge (Ilyas) lan para ummat kang keri - keri

130Kabeh padha memuji, "Allah muga paring selamet marang Ilyan lan wargane

131Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan

132Satemene Ilyas iku kalebu hewone kawulaningsun kang padha percaya

133Lan maneh Luth hewone padha utusaningsun

134Sira nyaritakna lelakone Luth mahu, nalika Ingsun paringi selamet dalah para wargane kabeh kalis saka siksaningsun

135Kajaba wong wadon tua rabine Luth, iku keri melu nandhang siksa

136Ingsun nuli numpes ummate Luth liya - liyane

137Sira mesthi padha handeleng patilasane (ummate Luth), nalika sira melaku ngliwati apnggonane ing wayah esuk

138Lan ing wayah wengi, ya gene sira padha ora anggagas

139Satemene Yunus iku hewone para utusaningsun

140Elinga nalika dheweke (Yunus) mutung (ninggal gaweyan) lakune pelayaran munggah perahu kebak momotan

141Ana segara tinempuh angin ribut. Wong ing perahu padha diundhi (kang enthuk undhi dicemplungake sagara). Yunus katiban undhi (banjur dicemplungake)

142Nuli ana iwak gedhe (Nun) nguntal minangka matrapi anggone mutung

143Upama Yunus ora eling nyebut Maha Suci ing Allah

144Mesthi tulus ana ing wetenge iwak Nun, nganti qiyamat

145Mulane banjur Ingsun wetokake saka wetengen iwak gedhe (Nun) ana ing gisiking segara awake ngelumpruk kaya wong lara

146Ingsun banjur nukulake wit Yaktin (Waloh) kanggo ngeyubi

147Nuli Ingsun dhawuhi mulang nyurub - nyurubake marang wong kang cacahe sakethi (ewon)

148Banjur padha ngestokake dhawuhing Allah kang diemban dening Yunus, mulane padha Ingsun paringi kabungahan nganti tekan patine

149(Muhammad) sira handangu marang wong kafir, "Apa hiya pangeranmu peputra putri lan kowe padha duwe anak lanang

150Apa nyata Ingsun gawe Malaikat wadon, sarta wong kafir padha handeleng dhewe

151Awit saka gorohe dhewe wong kafir padha ngucap

152Allah iku peputra", pangucape mangkono iku goroh

153Apa panjenengane iku milih putra wadon ngungkuli putra lanang

154Ya gene kowe nganggep: kapriye ta anggonira padha mancasi

155Ya gene kowe ora padha gelem mikir - mikir

156Apa kowe padha duwe tandha yekti kang cetha (anggone mertandhani yen Allah iku peputra)

157Yen dhasar bener panemumu iku, mara hendi kitabmu kang mratelakake kaya panemumu mau

158Wong kafir padha nganggep yen Allah lan jin iku tunggal bangsa. Satemene jin mau wis padha weruh yen dheweke ing tembe padha dicemplungake (neraka)

159Allah iku Maha Suci, adoh banget yen kaya panganggepe wong kafir

160Kajaba para kawulaning Allah kang padha resik atine

161He wong kafir, kowe lan barahala sesembahanmu

162Kowe kabeh ora bisa hanjlomprongake sawijining wong

163Kajaba wong kang wis pinasthi kacemplungake ing neraka

164Pangucape malaikat: "siji - sijining kancaku malaikat mesthi duwe panggonan kang tinamtokake

165Aku iki padha ngadhep sap-sapan (ngabekti ing Allah)

166Aku iki padha nyebut, "Maha Suci" ing Allah

167Sanadiyan padha celathu mangkene

168Upama aku nyekel kitabe para nabi zaman kuna

169Mesthi aku dadi kawulaning Allah kang ngabekti, kelawan ati resik

170Wong kafir mau banjur padha maido (al-Quran) mulane ing tembe bakal weruh (kadadeyane awake)

171Papestheningsun marang kawulaningsun kang dadi utusaningsun wis tetep

172Para utusaningsun mau bakal padha ditulungi Allah

173Dene wadiyabalaningsun bakal padha menang

174Mulane wong kafir iku sira tokna bae, nganti ana dhawuhingsun perang

175Wong kafir mau sira delenga bahe (nalikane tinempuh siksa) dheweke uga padha handeleng (kawusaning awake)

176Ya gene wong kafir padha nantang nyepetake siksaningsun

177Nalikane siksa nempuh marang si kafir ing dina esuk (Sangir) nyata hala banget tumrap kang wis dielingake (nanging ora ngelakoni)

178Saiki si kafir tokna bae nganti ana dhawuhingsun perang

179Ing tembe yen tinimpuh ing siksa sira delenga bahe, si kafir uga bakal handeleng kawusaning awake

180Allah Pangeranira kang kagungan kamulyan, Maha Suci, adoh banget yen kaya panganggepe (si kafir)

181Para utusaning Allah muga padha diparingana slamet

182Sakabehing puji konjuk ing Allah Pangerane alam kabeh

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath