35. Faatir
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1Sakabehaning puji iku kagungane Allah, kang gawe bumi lan langit sarta kang ngutus Malaikat kang padha mawa suwiwi ana kang ngeloro, nelu, lan papat ana kang ditambahi ciptane maneh sakparenge kersaning Allah. Satemene Allah iku nguwasani samu barang
2Sadhengah rahmat kang diparingake dening allah marang manungsa (kaya dene rizki, banyu udan lan sapadhane) iku ora ana kang bisa ngalangi. Dene menawa Allah karsa mepet rahmat, mesthi ora ana kang bisa ngelungakake rahmat mau. Allah iku Maha Mulya tur Wicaksana
3He para manungsa, sira padha elinga peparinging Allah kabungahan marang sira. Apa anata liyane Allah kang bisa gawe utawa nganakake barng - barang kang dumadi? Utawa aweh rizki marang sira saka ing langit utawa thetukulaning bumi (mangsa anaha). Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah. Kapriye anggonira balekake
4Menawa wong kafir padha maido marang sira, iku ora handhewekake. Para Rasul sadurunge sira, iya dipaido dening para ummate. Semu barang perkara iku, besuk ana ing akherat dibalekake konjuk ing Allah kang kuwasa ngerampungi
5He para manungsa, prasetyaning Allah bakal anane dina qiyamat mesthi bakal kelakon temenan. Mulane sira aja kajelemprong kasengsem kabungahan ing donya, lan aja manut panggodhaning syetan ngalirwakake parintahing Allah
6Satemene syetan iku satrunira, mulane hiya sira sateru. Kang mesthi syetan mau ngajak - ajak wong kang dikumpuli supaya dadiya isene neraka sya'ir
7Sarupane wong kafir iku bakal padha dipatrapi siksa kang abot. Dene sarupane wong mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik, iku bakal padha oleh pangapura kaluputane lan oleh ganjaran gedhe
8Wong kang kena panggodhaning syetan, banjur kasengsem lakune kang hala, pangersane iku prayoga. Satemene Allah iku nasarake wongkang dadi parenging kersane. Mulane ngati - atia aja nganti kerusakan awakira dening cilaka. Satemene Allah iku nguningani samu barang kang apdha dilakoni dening manungsa
9Allah iku kang ngidikake angin, ngimpun mega kang banjur dadi udan. Udan mau Ingsun siramake negara utawa lemahan kang mati. Ingsun anggo nguripake palemahan kang mati (bera). Besuk anggoningsun nguripake wong kang wis padha mati hiya kaya mangkono
10Sing sapa kepengin mulya, nyuwuna kamulyan ing Allah, awit kamulyan iku kabeh kagungane Allah. Dene pangucap kang becik (Laa Ilaaha Illallah) konjuk ing allah. Pangucap becik mahu ngunjukake kabecikan ing Allah. Sarupane wong kang ngelakoni panggawe hala bakal padha dipatrapi siksa abot pihalane wong mahu ana akhirat bakal jugar
11Allah iku kang gawe sira saka lemah. Banjur gawe awakira saka nutfah (mani). Sira iku digawe warna - warna, lang lan wadon. Dene wong wadon anggone meteng lan ngelahirake bayi mesthi titis lan kaweruhake Allah. Dene umure siji - sijining wong lan suda wuwuhing umure mesthi tinulis ana kitab. Kang mangkono mahu kanggone Allah gampang
12Segara loro, tawa lan asin, ora padha marata. Sira delenga iku banyu tawa bening seger diombe, dene iki banyu asin kang letih. Sira bisa oleh pangan rupa iwak saka siji - sijining segara mahu. Uga bisa oleh raja pati kanggo rerenggan kayata mutiara, lan marjan. Mangkono maneh sira handeleng perahu padha mlaku ana segara sira anggo dagang ngupaya sih paringing Allah yaiku rizki, supaya sira padha syukur ing Allah
13Allah ngelajokake wengi marang awan, sarta awan marang wengi, apa dene marentah marang srengenge lan rembulan, kabeh padha melaku ana ing cakrawalene nganti qiyamat. Hiya iku Allah Pangeranira kang Kagungan Keraton. Dene brahala kang padha sira anggep pangeran liyane Allah, iku ora duwe apa - apa. Sanajan mung kelamudaning isi bae hiya ora duwe
14Brahala mau manawa sira undang, ora bisa krungu. Upama krungu ora bisa mangsuli pangundangira. Besuk dina qiyamat brahala mau padha ngelaki anggonira maro tingal nyembah brahala mau, apadene ora bisa pitutur apa - apa marang sira. Ora kaya Allah kang waspada marang samu barang
15He manungsa, sira iku butuh marang kabecikaning Allah. Dene Allah ora pisan butuh apa - apa marang liyane wis benere Allah hangalembana kabecikane
16Manawa ana parenge karsaning Allah sira iku disirnakake kabeh. allah banjur nganakake titah anyar
17Kelakone kang mangkono mau mungguhing Allah ora angel
18(Besuk dina qiyamat) siji - sijining wong mau mikul dosane dhewe, ora mikul dosane liyan. Manawa ana wong kabotan mikul dosane dhewe, ora mikul dosane liyan. Manawa ana wong kabotan mikul dosane dhewe banjur hanjaluk tulung marang liyane supaya direwangi mikul, sanajan kang dijaluki tulung iku kalebu sanak sedulure mesthi ora gelem hangrewangi mikul sathithik - thitika. (Muhammad) wong kang sira elingake mung wong kang wedi marang siksane Allah, sanajan siksane ora katon, sarta padha nglakoni sholat. Dene sing sapa ngarah suci kelawan ngabekti ing Allah iku nucekake awake dhewe. Besuk manungsa padha bali marang ngarsane Allah
19Wong wuta lan wong handeleng mesthi ora padha
20Padhang lan peteng hiya ora padha
21Apa dene heyub lan panas hiya mangsa podhoa
22Wong urip lan mati mesthi ora padha (kaya mangkono sanepane wong mukmin mesthi beda karo wong kafir). Allah gawe pangrungune wong kang dadi parenging kersane. Nanging sira ora bisa gawe pangrungune wong kang ana sajeroning kubur
23Sira iku ora liwat mung juru pepenget bahe
24Satemene anggoningsun ngutus sira iku ferdhune ngelingake siksaningsun lan ngebang - ngebang kelawan ganjaraningsun. Dene sarupane ummat zaman kuna biyen wis mesthi ana nabine dhewe - dhewe kang nyurup - nyurupake
25Menawa wong kafir padha maido (ing Muhammad) iku ora handheweki. Para ummat sadurunge wong kafir iku biyen, uga padha maido marang rasule. Tur para Rasule anggone handhawuhake kitab, kanthi terang lan mu'jizat (kahelokan)
26Ingsun banjur nyiksa marang wong kafir kang padha maido mau. Marata (weruha) kapriye bebenduningsun marang wong kafir mau
27Apa sira ora handeleng Allah anggone nurunake banyu udan saka ing langit banjur Ingsun anggo metokake woh - wohan kang warnane beda - beda. Dene dalan pating jelereh ana gungung uga warna - warna ana kang putih lan ana kang abang ireng banget
28Mangkono uga manungsa lan gegremetan, apa dene raja kaya hiya warna - warna. Dene kawulaning Allah kang mesthi padha bekti ing Allah iku mung para "Ulama". Satemene Allah iku Maha Mulya, ngapura dosa
29Sarupane wong kang taberi maca al-Qur'an kitabe Allah lan hangelakoni sholat apa dene mewehake paparing Ingsun rizki marang wong mahu, kelawan weruh wong akeh utawa ora, padha ngarep - arep mungguh lakune kang mangkon mahu dadiya dagangan kang ora kena tuna
30Supaya Allah maringana ganjaran marang owng mahu lan muwuhana sih kanugerahan. Satemene Allah iku ngapura dosa tur paring syukur
31Kitab al-Qur'an kang wis Ingsun dhawuhake marang sira (Muhammad), iku nyata bener cocok surasane karo kitab kuna cecekelane (wong Yahudi). Satemene Allah mirsani tur waspada marang para kawulane
32Ingsun banjur handhawuhake kitab al-Qur'an marang kawulaningsun kang pilihan (ummate Muhammad) hewadene ana kang nganiaya marang hawake dhewe hiya iku kang sembrono anggone ngistokake dhawuh. Lana ana uga kang akeh setiya tuhune, apadene ana kang kaduk kabecikane (ora pisan ngelakoni hala) kelawan idzining Allah kang mangono mahu kanugrahan gedhe
33Wong telung warna mahu besuk padha mlebu suwarga 'Adn ana kono padha dianggoni gelang emas lan mutiara, dene sandangan sarwa sutra
34Wong ing suwarga padha memuji Allah, "Sakabehing puji kagungane Allah kang wis ngilangake kasusahan. Satemene Allah Pangeranku ngapura dosa tur paring Syukur
35Kang wis mernahake aku marang panggonan ana suwarga panggonan kang tetep, ana suwarga aku ora tahu kangelan lan ora tahu sayah
36Dene para wong kafir padha dipatrapi siksa neraka jahannam, ora dipungkasi sarana mati lan ora diparingi gambaran siksane. Sarupane wong kafir hiya padha Ingsun patrapi
37Wong kafir ana ing neraka padha ngadhuh - adhuh sambate, "Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi panjenengan hentasaken saking neraka, kawula sagah ngelampahi pandamel sahe, boten maleh badhe ngelampahi pendhamel hawon, kados ingkang sampun kawula lampahi rumiyin." (Allah banjur melehake) Ingsun apa ora wis maringi ngumur dawa marang sira kang cukup dianggo eling. Sarta sira wis tampa dhawuhing Nabi. Mulane sahiki padha ngrasakna siksa. Wong kafir mangsa duwe handel - handel, kang bisa murungake siksaningsun
38Satemene Allah iku nguningani kang samar - sama ana ing bumi lan langit, Satemene Allah iku nguningani sakrenteging ati
39Allah iku kang paring panggonan marang sira ana bumi hanggenteni wong kang wis padha mati. Sing sapa kafir patrapane bakal disongga dhewe, kafire mau mung arep nambahi siksa marang awake lan ngarsane Pangerane, lan bakal nambahi kapitunan marang awake dhewe
40(Muhammad) Dhawuha marang wong kafir, "Apa kowe wis padha ndeleng brahala kang dianggep Pangeran saliyane Allah. Tuduhna isen - isening bumi iki kang gawehane brahala sing endi? Apa brahala mau melu gawe langit? Apa brahala mau diapringi cekelan kitab kang mratelakake yen brahala mau melu jumenenge Pangeran" (mukal yen mangono). Wong kafir padha golong karo kancane. Yen brahala iku bakal bisa hambumbung prakara ana ngarsane Allah iku luput
41Allah ngukuhake hadeging bumi lan langit kelawan panguasane, ora pisa bisa rubuh utawa jomplang. Upama bumi langit rubuh utawa jomplang mesthi ora ana sing bisa ngukuhake liyane Allah. Satemene ALlah welas - asih lan ngapura dosa
42Wong kafir padha supata pethenthengan nyebut asmaning Allah, sanggem menawa ana Rasul teka mulang marang wong mahu. Mesthi bakal netepi pituduh bener (ngungkuli marang wong Yahudi lan Nasrani bareng wis ditekani Rasul/Muhammad) wong - wong malah padha mundhak munyal - munyal
43Padha gumedhe ana bumi sartapadha nglakoni panggawe hala maeka marang utusane Allah, nanging ora pisan melarati pahekane mau, malah melarati marang awake dhewe lan amrang wangsane. wong kafir mung ngenteni siksane Allah. Kaya kang wis ditindakake marang ummat zaman kuna. Awit sira wis weruh yen pranataning Allah ora kena diowahi, uga siksane Allah ora kena diowahi
44Dheweke apa ora hanjajah ing bumi supaya weruh patilasane wong kuna biyen sadurunge. (kang padha ditumpes dening Allah marga anggone madio rasule). Tur wong kuna mau gagah prakosane ngungkuli dheweke? Hisen - hisening bumi lan langit ora ana kang bisa ngapesake Allah, murungake anggone nyiksa wong kang dadi parenging kersane. Satemene Allah iku nguningani samu barang tur kuasa
45Upama Allah matrapi manungsa kelawan sabenering kaluputan kang wis padha dilakoni , mesthi ora ana gegremetan ana lumahing bumi kang keliwatan kabeh sira. Hewa dene kersaning Allah ora mangkono. Penyiksaning manungsa disrantekake tekaning wewangen kang tinemtokake (Hiya iku besuk dina qiyamat). Besuk yen wis tekan wewangene Allah mesthi mirsani para kawulane
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath