29. Al-Ankabut
durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris
1Alif Laam Miim
2Apa para manungsa duwe pangira menawa wis ngucap, "Ingsun percaya ing Allah lan marang rasul", iku banjur ditogake bae, tanpa diparingi coba, (dinyatakake keimanane kang wis diucapake mau)
3Para ummat ing jaman kuna sadurunge umat MUhammad iki wis padha Ingsun paringi coba. Allah banjur wuningo marang wong kang padha temen anggone iman lan wong kang padha goroh anggone iman
4Wong kang padha nindakake barang ala, musyrik utawa duraka liyane, apa padha duwe kira, bakal anglancangi marang Ingsun. (tegese ora bisa nglarani marang dheweke). Ala temen panemune wong - wong mau
5Sing sapa percaya sarta ngarep - arep menawa ing tembe bakal sowan ana ing ngarsane Allah, iku padha sedhiyaha bae awit satemene wewangene Allah mesthi bakal kaleksanan. Allah iku midhanget sarta Nguningani
6Lan sing sapa kang temen - temen (perang lan berjuang) ana ing agamane Allah, ganjarane anggone tumindak kaa mangkono mau tumrap marang awake dhewe. Satemene Allah iku yekti Dzat Kang Maha Sugih (ora mbutuhake) marang 'alam saisine iki
7Dene wong - wong mukmin lan padha nindakake kebecikan, iku tindake kang ala padha Ingsun paringi pangapura, lan bakal Ingsun paringi ganjaran kang luwih becik tinimbang amal kang ditindakake
8Parintah Ingsun marang para manungsa, padha ngajenana (gaweya kabecikan) lan ngabektiya marang wong tuwane loro. Dene menawa wong tuwanira loro mau meksa marang sira ngakon supaya sira musyrik anggonira Mangeran marang Ingsun, kang sira ora sumurup tandha yektine iku sira aja manut. Sira iku ora wurung bakal padha bali sowan marang ngarsaningsun. Ing kono Ingsun maringi keterangan kabeh barang kang wis padha sira tindakake
9Dene wong kang padha mukmin lan padha nindakake kebecikan, iku padha Ingsun lebokake (golongane) para wong becik
10Sawenehe manungsa ana kang ngucap: "Kitra pracaya ing Allah". Nanging menawa dialani dening wong kafir, wedine marang brahalaning manungsa digawe padha karo wedine marang siksane Allah. Dene menawa ana pitulungane Pangeranira marang wong mukmin, banjur celathu, "Temen aku iki salawase bareng sira kabeh". "Allah iku apa ora wuninga marang sakrenteging atine sa-alam kabeh
11Lan yekti Allah mesthi wuninga wong kang temen - temen anggone nglakoni agma, sarta ngudaneni para wong lamis
12Wong - wong kafir padha ngucap marang para wong mukmin, "Sira padha manuta marang dalan (agama) ningsun iki, menawa sira keluputan anggonira manut marang Ingsun, Ingsun kang nanggung patrapane. Pangucape wong kafir kaduga nanggung iku goroh. Wong kafir ora bisa nanggung kaluputane wong kang manut ing dheweke sethithik - thithika
13Lan yekti wong kafir bakal mikul dosa kang ditindakake dhewe anggone kafir, lan dosa anggone nasarake dosa. Ing besuk dina Qiyamat, bakal padha didangu anggone padha gawe - gawe
14Lan yekti temen Ingsun wis ngutus Nuh, nuduhake manungsa para umate. Nuh anggone nerang - nerangake para ummate mau tansah dipadone bae. Bareng wis cetha para umate padha maido, banjur tinumpes sarana dikeleming banyu banjir Thufan, kabeh padha mati kafir
15Nuh sakancane kang padha ana perahu, padha Ingsun paringi selamet, ora melu tumpes. Perahune Nuh Ingsun dadekake lupira lan tandha yekti dening wong sangalam kabeh. (Perahu mahu ngangrang ana pucuking gungung nganti pirang - pirang tahun lawase)
16Lan maneh Ingsun ngutus Ibrahim, nalika samana Ibrahim maringi pitutur marang umate, "Sira padha manembaha ing Allah lan bektia ing Panjenengane. Kang kaya mengkono iku luwih becik tumrap ing sira menawa sira padha mangerti
17Sejatine sira iku padha manembah saliyane Allah, yaiku brahala, sarta padha gawe - gawe, ngucap goroh, ngarani menawa brahala iku Pangeran ngembari Allah. Bareng liyane Allah kang sira sembah iku ora kagungan rejeki kaya kang sira pangan iku (rejeki iku kagungane Allah). Mulane sira padha nyuwuna rejeki marang Allah, sarta gelema syukur ing Allah. Lan ing tembe sira bakal disowanake bali ana ing ngarsane Allah
18(Pangandikane Allah), "WOng kafir apa ora sumurup anggone Allah miwitit nitahake barang kang dumadi. Besuk ana ing akherat banjur disowanake marang ngarsane Allah kang mengkono iku mungguhing Allah gampang bae
19Lan manawa kowé padha anggorohaké (kasunyatan), lah para umat ing sadurungmu wus padha anggorohaké (kasunyatan); lan tanggunganing utusan iku ora liya kajaba mung anekakaké (ayahan) kalawan terang
20(Muhammad) Sira dhawuha marang wong kang padha maido bakal tangine wong kang wis padha mati, mara padha anjajaha ing bumi, andelenga kabeh patilasan, lan mikira. Allah anggone nganakake kabeh kang dumadi kang semono akeheh, sawise padha dirusak, ing tembe Allah nguripake barang kang wis padha mati, Satemene Allah iku kuwasa nganakake kabeh barang
21Panjenengane Allah paring siksa marang wong kang dadi kepareng kersane, lan sih marang wong kang dadi kepareng kersane, Kabeh mau padha dibalekake marang ngersane Allah
22Sira kebh senadyan ana ing bumi utawa ing langit, padha ora bisa nguwasani pangadilane Allah, lan ora ana kang nguwasani marang sira utawa kang bisa menehi pitulungan marang sira, kajaba mung Allah
23(Pangandikane Allah) "Kabeh wong kang maido ing ayate Allah lan maido bakal tangine wong kang wis mati, iku kabeh padha adoh saka rahmatingsun, sarta padha diparingi patrapan siksa kang nglarani
24Para ummate Ibrahim tanpa mangsuli apa - apa, mung padha ngucap mangkene, "Ibrahim iku patenana bae, utawa obongen (wusana Ibrahim kelakon diobong)", nanging dheweke Ingsun paringi selamet saka ing geni, (geni mau tumrape Ibrahim dadi adhem), kang mangkono mau mesthi dadi tandha yekti tumrap wong kang padha mukmin
25(Ibrahim) ngendika, "Sira padha mangeran marang brahala, kanggo lantaran anggonira sih sinisihan karo kancanira ana ing donya iki, nanging sira padha sumurupa besuk ing dina Qiyamat, wong kang dadi penuntun manembah braha iku bakal mungkin (nyelaki) marang kang dituntun, dheweke, iya bakal nyelaki marang wong kang menuntun. Ora wurung panggonanira bakal ana ing nereka, sarta ora ana kang bakal bisa nulungi marang sira
26Luth banjur percaya marang Ibrahim, Pangucape, "Ingsun iki nglungani, ninggal para ummatingsun, dherek marang Allah Pangeraningsun. Satemene Allah iku Maha Mulya tur Maha Wicaksana
27Ibrahim (sawise duwe putra Isma'il) Ingsun paringi putra maneh aran Ishaq, lan Ya'qub. Ingsun temtokake padha turune Ibrahim dhadhi Utusan lan padha Ingsun paringi kitab. Ibrahing Ingsun paringi ganjaran ana ing donya, (yaiku diaji - aji lan dialembana dening para wong agama). Dene ana ing akherat Ingsun golongake wong kang becik - becik
28(Muhammad) Sira nyritakna lelakone Luth, nalikane paring pangandika marang para ummate, "Sira iku padha nindakake penggawe ala, (cumbana padha wong lanang). Wong - wong kuna ing jama iki durung nate kang nglakoni ala kaya mengkono iku
29Ja gene sira teka cumbana padha wong lanang, sarta padha ambegal ana ing dalan, apa dene padha tumindak ala ana ing pakumpulanira". Para umate Luth wangsulane ora ana mung mengkene,"Dhuh Luth, manawi pangandika panjenengan punika leres, cobi panjenengan andhadhatengaken siksaning ALlah kajengipun dipun dhawahaken dhateng kita
30Luth munjuk ing Allah, "Dhuh Allah Pangeran kawula, Panjenengan mugi maringi pitulungan dhumateng kawula, ngawonaken para tiyang ingkang sami damel kerisakan punika". (Para umate Nabi Luth banjur dituruni udan watu sarta diwalik bumine)
31Para malaikat utusaningsun (sadurunge numpes para umate Nabi Luth) teka ing daleme Ibrahim, paring khabar marang panjenengane, (menawa bakal kaparingan putra lanang). Kajaba iku para Malaikat matur mengkene, "Kita punika badhe numpes para tiyang ing Sadzum (Sodom), umatipun Luth, awit piyambake sami nganiaya, duraka kafir
32Ibrahim matur marang Malaikat utusan mau, "Ing Sadzum(Sodom) punika wonten tiyangipun sae, inggih punika Luth". Malaikat mangsuli, "Kita sampun sumerap para tiyang sae ingkang sami wonten ing Sodom (Sadzum). Luth dalah para pendherekipun temtu kita wilujengaken, namung semahipun Luth, sarehne piyambakipun ngrojongi tiyang awon, mila pinasthi tumut katumpes
33Para Malaikat utusaningsun mau bareng wis teka ing daleme Luth, dheweke sedhih lan bingung (amarga katemunan wong - wong bagus, kuwatir ora wurung digrejeg dicumbaana ing para umate). Ature, "Dhuhu Luth, panjenengan dalah pandherek panjenengan, kita wilujengaken, namung garwa panjenengan, punika pinasthi kantun, tumut katumpes". (awit piyambakipun ngrodjongi tiyang awon)
34(Sapunika panjenengan kula aturi sumingkir tebih saking mriki), kita lajeng nurunaken siksa (jawah sela) saking langit, dhateng para tiyang Sadzum (Sodom) punika (sarta lajeng kita walik buminipun), amargi anggenipun sami duraka
35Dene patilasane (wong ing sadzum/sodom kang tinumpes mau), Ingsun lestarekake anane, minangka tandha yekti kang cetha tumrap wong kang padha gelem migunakake akale
36Ingsun wis ngutus Syu'aib, Ingsun kersakake nekakake lan nerang - nerangake marang para sedulure, yaiku wong - wong ing Madyan, Syu'aib ngendika mengkene, "Para seduluringsun kabeh, sira padha manembaha ing Allah, wediya bakal tekane dina Qiyamat. Lan aja padha gawe kerusakan ana ing bumi
37Wong ing Madyan anggorohake marang Syu'aib, wusana padha tumpes dening lindu gedhe anempuh ingkono padha mati ing ngenggon, ana ing padunungane
38Lan maneh Ingsun wis numpes wong 'Aad lan Tsamud, sira wis padha sumurup cetha patilasan panggonane. Syetan anggodha marang wong 'Aad lan Tsamud mau, padha dhemen marang tindake dhewe, anggone duraka lan nasarake banjur nyimpang sadalan keselametan, tur dheweke mau padha duwe akal kang waskitha
39Lan maneh Ingsun wis numpes Qarun lan Fir'aun sarta Haman, kabeh mau sadurunge ingsun tumpes, wis ditekake dening Musa, kanthi tandha yekti pirang - pirang nanging meksa padha gumedhe ana ing bumi. Kabeh mau ora bisa ngoncati saka siksaningsun
40Siji - sijine wong kafir kasebut mau kabeh, padha Ingsun paringi patrapan siksa, amarga dosane. Saweneh ana Ingsun udani watu, lan ana kang diuntal ing bumi, lan ana kang Ingsun kelem ing banyu banjir. Lan Allah iku ora pisan - pisan nganiaya marang para wong kafir mau, nanging wong kafir mau sing nganiaya marang awake dhewe
41Sanepane wong kang padha mangeran marang liyane Allah, iku kaya upamane khewan kemangga gawa omah. Sumurupa, omah kang kemangga, lamun-ta dheweke padha weruha
42Satemene Allah iku nguningani brahala kang padha disembah dening wong kafir. Dene Allah iku Maha Mulya tur Maha Wicaksana
43Lupiya utawa gegambaran kang padha kasebut ing al-QUr'an iki Ingsun terang - terangake marang para manungsa kabeh. Nanging ora ana kang bisa mangerti kajaba wong kang anduweni kaweruh saka Allah
44Panjenengane Allah wis nitahake langit lan bumi iku klawan bener lan nyata, satemene kang mengkono iku, mesthi dadi tandha yekti kasampurnane Allah tumrap wong - wong mukmin
45(Muhammad) Sira macaa kang wis didhawuhake marang sira yaiku kitab sarta nglakonana shalat, awit sholat iku ngalang - alangi laku hala lan duraka. Eling ing Allah iku (luwih gedhe ganjarane) ngungkuli kabecikan liyane. Allah nguningani semu barang kang padha sira lakoni
46Sira aja pasulayan (rembug) karo wong kang duwe cecekelan kitab, kajaba yen luwih becik, lan kitab, kajaba yen luwih becik, (hiya iku nganggo wewatin Al-Qur'an) kajoba ana kang ngelawan perang (banjur sira layanana). Lan ucapna mengkene, "Aku percaya marang al-Qur'an kang wis didhawuhake marang aku, lan uga percaya marang kitab kuna kang wis didhawuhake marang kowe, Pangeranku tunggal karo Pangeranmu, hiya iku Allah kang Esa. Aku kabeh padha ngabekti marang Allah
47Mangkono uga Ingsun nurunake Kitab Al-Quran marang sira (Muhammad) dene wong kang padha Ingsun paringi cecekelan Kitab Taurat padha ngestokake Al-Quran. Sawenehe wong Mekkah hiya ana kang ngestokake. Dene maido ayatingsun iku ora ana maneh kajaba wong kafir
48Sira ora pisan maca Kitab kuna sadurunge Al-QUr'an, lan uga ora nulis al-Qur'an kelawan tanganira. Upama sira bisa maca lan nulis, patut wong yahudi kang padha maido iku mamang
49Al-Qur'an iku tondha yekti kang terang, tumrap ana ing atine para wong. Mukmin kang padha pinaringan goroh. Dene wong kang maido al-Qur'an iku ora ana maneh kajaba wong kafir. Dheweke nganiaya awake dhewe
50Wong kafir padha ngucap, "Ya gene dheweke ora diparingi tandha yekti kahelokan dening Pangerane kaya Nabi kang kuna?". Sira dhawuha, "Kahelokan iku ana ngastane Allah. Diturunake miturut saka parenging Allah. Wajibku mung ngelingake
51Apa wis cukup Ingsun nurunake Kitab al-Qur'an marang sira sabanjure wong padha diwacakake. Satemene al-Qur'an mahu isi rohmat lan wulangan marang para wong mukmin
52(Muhammad) Sira dhawuha mangkene, "Anggonku pasulayan marang kowe, cukup disekseni dening Allah piyambak". Allah nguningani isining barang ing langit lan bumi. Dene sarupane wong kang percaya marang barang kang luput, nyembah liyane Allah sarta maido, iku tetep wong kang kapitunan
53Wong kafir padha nantang marang sira (Muhammad) anggege tekane siksa. Upama ora wis tetep wewangene kang pinasthi, wong kafir mesthi katekan siksa, Sanalika sarta ngagetake. Nganti padha ora ngerti
54Wong kafir padha nantang marang sira (Muhammad) anggege siksa ana ing donya, satemene besuk dina Qiyamat, neraka Jahanam nungkebi marang wong kafir
55Ing dina Qiyamat iku, siksa neraka nempuh marang wong kafir saka dhuwur lan ngisore sikile. Allah ngandika, "Padha ngrasakna wewalese barang kang wis padha sira lakone biyen
56Para kawulaningsun kang padha mukmin, bumi iku jembar, mulane padha nembaha marang Ingsun
57Sarupane awak kang urip mesthi ngrasakake mati, tumuli banjur padha dibalekake marang ngarsaningsun
58Wong mukmin kang padha ngelakoni penggawe becik, mesthi Ingsun panggonake ana ing panggonan kang luhur ing suwarga, kang ana banyune mili ana sangisore kekayon kang langgeng. Becik temen ganjaren wong kang padha ngelakoni bekti
59Hiya iku wong kang teguh atine anggone ketaman pihalane wong kafir, sarta padha pasrah ing Allah
60Pira bahe hewan kang ora anggawa rizkine, nanging Allah paring rizki marang hewan mahu. Apa maneh marang sira. Allah Mirsa tur Nguningani
61Menawa sira takon marang wong kafir, "Sapa kang gawe bumi lan langit. Kang marentah srengenge lan rembulan. Padha mangsuli, "Inggih Allah". Yen mangkono apa kang makewuhi anggone arep percaya ing Allah
62Allah paringi rizki marang para kawulane kang dadi parenging kersane, lan ana uga kang diparingi rizki kurang, satemene Allah Nguningani samu barang
63Menawa sira takon marang dheweke sapa kang nurunake banyu udan saka langit, banjur dianggo nguripake bumi kang wis mati? Padha mangsuli, "Inggih Allah". DHawuha, "Sakabehing puji iku konjuk Allah. (Aku bungah dene kowe padha weruh kuwasaning Allah). Hewa dene wong akeh padha ora duwe pikir
64Kahuripan donya iki kena dibasakake dholanan lan tanpa guna. Menawa padha weruh menawa pomahan akherat iku panguripan kang sejati, menawa padha ngerti
65Nalikane nunggang kapal (ana satengahing segara), banjur kuwatir kelem, banjur padha sumungkem nyuwun selamet ing Alah kaya wong kang suci atine, anggone ngelakoni agama konjen ing Allah. bareng wis selamet tekan dharatan, banjur bali kafir maneh
66Wusana wong kafir mahu tanpa panarima anggone diparingi kabungahan, Pahd bungah - bungah anggone pakumpulan nyembah brahala. Ing tembe bakal weruh kawusanane
67Apa padha ora weruh yen Ingsun dhadekake Tanah Suci Mekkah negara santosa lan tata tentrem. Lan negara kiwatengenen padha ngrebut ngrampas ? Apa dheweke percaya perkara kang batal lan maido marang kabungahan paringe Allah
68Ora ana wong kang luwih duraka katimbang wong kang gawe - gawe celathu goroh dikandhakake dhawuhing Allah. Lan maido marang kang bener sawuse didhawuhe (dening Muhammad) ? Apa ora ana panggonan neraka jahannam kanggo wong sing ora percaya
69Sarupane wong kang padha berjuang karana ngelakoni parintah Ingsun, mesthi padha dituduhake dalan marang keselametan. Satemene Allah iku hanjungkung wong kang padha ngelakoni kabecikan
sumber: Unknown
WEBREATH · 11:11
«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7
Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.
WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath