Islam
bali

25. Al-Furqaan

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Maha luhur (Suci Allah Pangeran) kang wis nurunake al-Furqan (al-QUran) kang mbedakake antarane barang kang bener lan barang kang keleru, didhawuhake marang kawulane (Muhammad), minangka kanggo pepeling an pengancam marang kabeh alam (jin lan manungsa)

2Pangeran kang kagungan kratone langit lan bumi, sarta ora peputra, lan ora ana kang ngembari (nyekuthoni) jumeneng ratu, apadene Allah iku kang nitahake kabeh barang kang dumadi, nuli nindakake lelakone kaya papesthen kang wis tinemtokake

3Lan wong - wong kafir (musyrik) iku padha ngedegake (ngalap) Pangeran akeh liyane Alah, iya iku brahala kang ora bisa gawe apa - apa, malah dadine brahala mau sarana digawe dening manungsa. Lan ora bisa nulak bebaya kang bakal tumiba ing awake, apadene ora bisa aweh manga'at marang awake, lan ora bisa gawe urip lan gawe pati, lan ora bisa nangekake wong saka ing pati

4Lan wong - wong kafir mau padha celathu, "Qur'an iki ora liya mung gegorohan (pangamandaka). gaweyane (Muhammad) dhewe, sarta dibantu dening wong - wong liyane". (Pangendikane Allah), "Wong - wong kafir kang padha wani celathu mengkono mau, goroh (panganiaya) lan duraka

5Lan wong - wong (kafir) mau padha celathu maneh, "Qur'an iku dedongengan kuna kang goroh. (Muhammad) akon nulisi cerita goroh mau, banjur diwacakake saben esuk lan sore, nganti Muhammad dadi apal

6(Muhammad) sira dhawuha, "Qur'an iku diturunake (didhawuhake) dening Allah kang nguningani barang kang winadi ing langit - langit lan bumi. Satemene Panjenengane Allah iku Maha Pangapura sarta maha asih

7Lan wong - wong (kafir) mau padha ngucap, "Yagene wong kang ngaku utusane Allah iki teka mangan pepanganan lan lunga menyang pasar - pasar perlu angupa jiwa? padha wae karo aku? Yo gene ora dikandhani malaikat, supaya dadi kancane aweh pepeling (pangancam) manungsa sarta nekseni manawa temen dadi utusane Allah

8Utawa amarga apa ora diparingi gedhong saka ing langit kang isi mas picis raja-brana, utawa sebab apa ora duwe palemahan (pakebonan) kang pemetune nyukupi pipangan (dadi ora susah menyang pasar). Wong - wong kafir padha ngucap marang wong mukmin, "Sira iku ora liya mung manut marang wong kang kena ing sihir

9(Muhammad) mara sira andelenga wong kanfir anggone gawe upama (gegambaran) tumraping sira (ora paitis iya nekad wae). Awit saka iku wong - wong kafir iku padha kesasar, mulane padha ora pikantuk dalan marang keselametan

10Maha Luhur Pangeran kang menawa ana kepareng kersane andamel kanggo sira (Muhammad) kang luwih becik tinimbang kang diucapake dening wong kafir mau gedong isi mas picis raja-brana, palemahan kang pemetune nyukupi. Allah bakal maringi suwarga marang sira, kang ana bengawane mili ana sangisore wit - witan, sarta bakal maringi gedhong lan panggung pirang - pirang marang sira ana ing suwarga

11Wong - wong kafir mau malah padha maido bakal anane dina Qiyamat. Ingsun ngancam siksa neraka sa'ir marang wong kang or apercaya bakal anane dina Qiyamat

12Menawa (Malaikat Zabaniyah) penjaga neraka iku sumurup wong - wong mau saka kadoha, wong - wong mau padha krungu gembrubug suwarane lan jeritan

13Lan nalikane wong - wong mau dicemplungake ing panggona kang ciyut ing neraka sarta padha dibelenggu lan dirante tangane lan gulune, ana ing kono padha sesambat, "Adhuh cilaka

14(Ing kono banjur ana malaikat kang mangsuli), "Ing dina iki kowe padha tumiba ing cilaka kang ora mung siji bae, cilakamu akeh lan tumpa - tumpa

15(Muhammad) sira dhawuha, "Apa neraka kang kaya mengkono iku luwih becik, apa luwih becik suwarga kang langgeng, kang dianggo ngebang - ngebang wong kang padha taqwa marang Allah? Allah wis nguningani menawa suwarga iku dadi ganjarane lan panggonane wong kang padha bekti ing Allah

16Para wong mukmin ana ing suwarga bakal katurutan apa kang dikarepake, sarta padha langgeng ana ing kono. Dene pangebang - ebange (janji) kang mengkono mau, mesthi dituhoni dening Allah, apadene tansah disuwun dening para wong mukmin

17(Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat, nalikane Allah angempalake para wong kafir dalah barang - barang kang disembah dening wong - wong kafir mau (yaiku brahala). Allah banur andangu, "He brahala, apa sira kang nasarake kawulaningsun samono iku, utawa apa kawulaningsun padha nasar saka dalan kang bener

18Brahala - brahala banjur padha munjuk ing ALlah, "Maha suci Paduka, kawula boten pisan - pisan mangeran dhateng sanesipun panjenengan (kados pundi menawi kawula kamipuruna ngaken tiyang manembah dhumateng kawula)", nanging tiyang - tiyang kafir punika dalah para leluhuripun sami mboten perduli ngengeti anggenipun dados kawula Panjenengan, kalimput dening peparing Panjenengan kebingahan dhumateng pun kafir wau. Mila sapunika sami dados tiyang ingkang cilaka sanget

19Pangandikane Allah, "Brahala kang sira sembah iku padha ngelaki (ora ngakoni) aturira (ora rumangsa ngaku Pangeran), dadi ora bisa murungake siksa lan ora bisa nulungi marang sira". Dene kabeh, kang mangro tingal (nganiaya), mesthi Ingsun weruhake rasane siksa kang abot ana ing akherat

20Para Rasul ing jaman kuna sadurungira, kang padha Ingsun utus, kabeh mesthi padha mangan pepanganan sarta padha lumaku ana ing pasar - pasar. Dene sira iku siji - sijining wong padha Ingsun anggo nyoba marang liyane (kabegjane siji - sijining wong, nukulake kameren marang liyane). He Manungsa, apa sira padha teguh sabar nerima? Lan Pangeranmu anggatekake sakabehe

21Lan wong - wong kang ora duwe pangarep - arep bakal sowan ing ngarsaningsun kanthi nggawa kebegjan (yaiku para wong kafir) padha celathu mengkene, "Ya gene aku ora dituruni utusan malaikat utawa diparingi weruh dzat Pangeranku klawan kasat-mata? (kang paring sumurup yen Muhammad iku utusane Allah temenan, dadi aku banjur percaya)". Wong - wong kafir mau padha gumedhe, ngluhur - luhurake awake dhewe lan padha kebangeten anggone nasar

22(Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat, yaiku nalika wong - wong padha ndeleng malaikat padha nguwuh - uwuh, "Ing dina iki wong kafir lan wong duraka ora pisan - pisan duwe kebungahan. Malaikat mau nguwuh - uwuh maneh: Kabungahan iu ora diparingake marang wong kafir

23Keparenging kersaningsun, kabecikan kang wis ditindakake dening para wong kafir nalika ana ing donya, iku Ingsun dadekake endhog amun - amun kang mabul - mabul. Ora pisan - pisan migunani

24Ing dina QIyaat iu panggonan peleranan wong ing suwarga luwih dening becik, ngungkuli panggonane wong - wong kafir nalika ana ing donya

25(Muhammad) sira nyritakna kahanane dina Qiyamat, nalikane langit pitu padha sigar dening mega kang ana ing sadhuwuring langit pitu, sarta para malaikat padha diturunake marang bumi

26Ing dina Qiyamat iku kraton kang sejati tetela kagungane Allah kang Maha Murah (ora ana kang jejeri lan madhani jumeneng raja). Ing dina iku kabeh wong kafir padha sarwa rekasa

27Ing dina Qiyamt wong - wong kang nganiaya (musyrik) padha nyokoti rangane dhewe, saking banget getune, sarta padha ngucap, "Bok iya aku dhek ana ing donya biyen dhewek ing Rasulullah, nindakake dalan kang bener (yaiku agama Islam)

28Adhuh cilaka temen aku, mbok iya biyen nalika aku ana ing donya ora memitran karo si Fulan lan Fulan

29Mitraku si Fulan mau tetela nasarake marang aku. Aku wis didhawuhi surasane al-Qur'an dening Rasulullah, wusanane dibujuk diajak nyimpang saka dhawuhing al-Qur'an. (Pangandikane Allah), "Syetan (mitra kang knyasarake) iku banget anggone kipa - kipa (ora gelem nulung) lan nyelaki marang wong kafir kang disasarake

30(Muhammad Rasulullah) munjuk, "Dhuh Pangeran kawula. Ummat kawula (tiyang turun Quraisy) sami nampik al-Qur'an punika". (boten dipun imanaken tuwin boten dipun amalaken)

31Mengkono uga para Nabi ing jaman biyen iya padha Ingsun anani mungsuh (satru) wong musyrik, ora beda sira (Muhammad) mulane diteteg atinira. Cukup sira percaya ing Pangeranira bakal paring pitedah lan paring pitulung marang sira

32Wong - wong kafir padha ngucap mengkene, "Ya gene al-Quran iku anggone diparingake marang (Muhammad) ora babar pisan (wujud buku wutuh), ora kaya kitab Taurat lan Injil?". Pangandikane Allah, "Wis mengkono kersaningsun, al-Qur'an iku Ingsun turunake saka sethithik sarta sranti, supaya atinira tetep lan mantep, lan gampang anggonira ngeling - ngeling lan ngapalake

33Lan wong - wong kafir mau ora pisan - pisan sowan marang sira (Muhammad) anggawa alesan (kanggo mbatalake kenabiyanira) kajaba Ingsun mesthi maringi wewaton marang sira kang luwih becik lan bener, kanggo ngalahake alesane wong kafir mau

34Kang ing besuk ana ing kaherat padha dijungkirake lan dilarak, radhine ngambah lemah, sabanjure dicemplungake ing neraka Jahannam. Wong kafir mau panggonane ala banget lan kesasar saka dalan kang bener

35Lan temen Ingsun wis maringi kitab (Taurat) marang Musa lan Harun sadulure, Ingsun dadekake pembantu bebarengan karo dheweke

36Dhawuh Ingsun (Marang Musa lan Harun), "Sira padha mangkata marang (tanah Qibthi) panggonane wong kang padha maido ayatingsun", (musa lan Harun padha ngestokake dhawuh, naning Fir'aun sabalane padha maido) mulane padha Ingsun sirnakake kabeh

37<Lan sira nyritakna sejaraha para Ummate Nuh bareng wis tita lan cetha padha maido marang Rasul, banjur Ingsung sirnakake sarana Ingsun kelem> Para Ummate Nuh mau Ingsun dadekake bukti, kanggo lupiya marang para manungsa. Para Ummate Nuh padha duraka (nganiaya) mau padha Ingsun sedhiyani siksa kang nglarani

38Mengkono uga wong (Kaum) 'Aad lan Tsamud, apa dene As-habur-Rass, (tegese kaum kang duwe sumur) sarta wong akeh maneh antarane wong Tsamud lan ash-habur-rass iku uga padha Ingsun rusak

39Kabeh mau padha INgsun dadekake sarana gelari upama lupiya para wong kuna kang elok - elok. bareng wis tita padha wangkot. kabeh mau padha Ingsun rusak

40Wong - wong (kafir) wis akeh kang tekan ing negarane wong Tsamud, sarta wis padha nyumurupi patilasan para umate Luth biyen kang dirusak sarana diudani watu (sarta diawlik bumine). apa wong - wong mau (nalikane lumaku marang ing Syam) padha ora andeleng patilasane ? Naning sarehning padha kafir, ora wedi dina Qiyamat

41Wong - wong kafir mau menawa andeleng sira, ora liya mung padha anggeguyu kanthi pangucape, "Apa iki wong kang dipuji dening Allah dadi utusane

42Meh bae aku kabeh kena disasarake (dening Muhammad), dikon mareni anggon kita manembah Pangeran brahala. Ajaha teguh - teguh ati kita sida kelulan katut". (pangandikane Allah), "Ing besuk yen wis padha andeleng siksa neraka, wong kafir iku lagi padha weruh sapa kang kesasar saka ing dalan marang keslametan

43(Muhammad) apa sira sumurup (kepriye panemunira) mungguh wong kang mangeran marang hawa nafsune (kekarepane dhewe)? Apa sira bisa rumeksa marang wong - wong mau, murih aja nganti kebanjur - banjur anggone mangeran marang hawa nafsune (Kekarepane) dhewe ? (mesthi ora bisa)

44Lan apa sira gira yen won gmau akeh kang ngrungokake pituturira klawan mangerti utawa gelem mikir - mikir? (Tangeh yen mengkonoa). Wong mau ora liwat mung kaya raja-kaya, malah luwih dening nasar saka dalan marang keslametane

45Apa sira ora sumerep (ndeleng) pendamelane Allah Pangeranira, anggone anggelar ayang - ayangan (eyub warata salumahing bumi, ing wayah bangun esuk nganti tekan mletheking srengenge). Lan upama kersane Pangeranira, eyub - eyub mau dilestarekake, mesthi kelakon). Pangandikane Allah, "Soroting srengenge Ingsun anggo paring pituduh kang mbedakake eyub lan panas

46Ayang - ayangan mau nuli Ingsun pundut saka sethithik (sarana soroting srengenge)

47Panjenengane Allah iku nitahake wengi mugunani marang sira, akanggo aling - aling, dadi memper sandhangan, sarta nganakake turu kang ngepenakake awak, apadene nganakake awan, kanggo gumelare wong ngupa jiwa

48Panjenengane Allah iku kang ngutus (ngiditake) angin minangka bebungah marang para manungsa, dadi cecala tumurune rahmate Allah kang arupa banyu udan. (Pangandikane Allah), "Ingsung nurunake banyu udan saka ing langit kena digawe sesuci

49Banyu udan mau Ingsun anggo nguripake palemahan kang bera (mati), lan Ingsun anggo ngombeni titah Ingsun raja-kaya apa dene manungsa akeh

50Banyu udan mau Ingsun siramake ing palemahan pirang - pirang, supaya manungsa padha ngrasak - ngrasakake, sabanjure padha weruha benere wong kang diparingi kebungahan dening Allah, ewadene akeh bae manungsa kang padha wangkot, ora gelem ngrasak - ngrasake peparinge Allah kabungahan dening Allah, ewadene akeh bae manungsa kang padha wangkot, ora gelem ngarasak - ngrasakake peparinge Allah kabungahan mau digawe ilang

51Upama ana keparinging kersaningsun, temen Ingsun Utusan (juru pepeling) marang saben - saben negara

52Mulane sira aja pisan - pisan manut marang wong - wong kafir, malah wong kafir iku sira padonana klawan padudon kang pratitis, miturut surasaning al-Quran

53Iya panjenengane Allah iku kang (ngemorake segara loro sisihan, banyu tawa kang) nyegeri, lan banyu asin kang letih, sarta andokoki aling - aling antarane banyu segara loro mau kanthi kuwasane Allah. Dadi banyu tawa lan banyu asin mau ora bisa carub

54Lan iya Panjenengan Allah iku kang gawe manungsa saka banyu (mani). Muulane manungsa mau dititahake duwe sanak lan duwe maratuwa. Panjenengane Allah iku Kuwasa, samu barang kang dikersakake mesthi dadi

55Lan wong - wong kafir padha manembah liyane Allah. Iya brahala kang menawa disembah ora bisa aweh piguna (mikolehi), utawa menawa ora disembah ora bisa mlarati, Wong kafir iku dadi kancane syetan anggone duraka

56Lan Ingsun ora ngutus sira (Muhammad) kajaba supaya ambebungah lan aweh pepeling, aweh bebungah marang wong kang ngestokake prentah pikatuk ganjaran suwarga, sarta midana wong kafir bakal nandhang siksa ana ing neraka

57(Muhammad), sira dhawuha, "He wong kafir, anggoningsun ngundangake dhawuhe Allah iki, Ingsun ora anjaluk pituwas apa - apa. ewadene sing sapa kudu gawe dalan murih keparening Pangerane, sarana anggunakake bandha saka karepe dhewe, iya ora ana pekewuhe

58(Muhammad) sira pasraha marang Allah kang kagungan sifat Sugeng ora kena seda, lan nyebuta Maha Suci marang ALlah, apadene memujiya mangalembana marang Panjenengane. Dene peprkara wangkote wong - wong kafir, wis cukup Allah piyambak anggone Waspada marang dosane para kawulane

59Panjenengane Allah iku kang nitahake langit bumi lan kabeh barang kang ana ing antarane langit lan bumi laawse nem masa rampung. Panjenengane Allah kang Maha Murah nuli murba wasesa ing Kratone. He manungsa mungguh kahanane Pangeran kang Maha murah iku sira takona marang Kang wasapada

60Wong - wong kafir iku menawa diprentahi, "Sira padha sujuda marang Pangeran kang Maha Murah", banjur padha mangsuli, "Pangeran ingkang Maha Murah punapa ta? Punapa kula sujud dhumateng brang dumeh panjenengan prentahaken? La mangsa puruna" . Dadi prentah mengkono mau tumrap wong kafir malah nambahi anggone wangkot, ora gelem percaya ing Allah

61Maha Luhur Allah Pangeran kang wis nitahake lintang - lintang (buruj ) ana ing langit gegrombolan, lan Panjenengane wis ndamel srengene kang minangka damaring jagad, apadene rembulan kang uga madhangi jagad

62Iya panjenengane Allah kang nitahake wengi lan rina gilir gumanti, minangka tandha yekti tumrap wong kang gelem golek pepeling, utawa gelem syukur (ing Allah)

63Dene para kawulane Allah kang Maha murah, iya iku kang padha mlaku ana ing bumi kanthi jatmika lan andhan asor, lan menawa dicelathoni ala dening wong bodho, banjur sumahur klawan aris (salam)

64Lan kang padha sujud lan sembahyang ing wayah bengi (shalat tahajud)

65Lan kang padha nyuwun ing Allah, unjuke, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi Panjenengan nebihaken siksa neraka jahanam saking kawula, awit siksa neraka jahanam punika tetep awon

66Sarta neraka Jahanam punika awon - awoning panggenan. Lan dheweke wong - wong kang menawa nanjakake bandhane or aleluwihan lan ora bethithil, nanging ana ing antarane sifat loro mau

67Lan para kang samangsa angetokaké bandha ora keladuk lan ora seret, ananging dumunung ana ing saantarané mangkono iku

68Lan kang ora mangro tingal (manembah) saliyane Allah, lan ora mateni jiwa kang diharamake dening Allah, kajaba anggone mateni mau nglungguhi bener sarta ora zina. Dene sing sapa nerak pepacuh mau, yekti bakal nemoni piwalesing dosane

69Besuk dina Qiyamat, siksane wong kang marngro tingal (musyrik) mau ditikelake sarta langgeng anaing sajeroning siksa tur diremehake

70Kajaba wong kang wis tobat sarta banjur percaya ing Allah sarta nindakake tindak kang becik. Wong kang mengkono mau amale kang ala bakal diganti dening Allah kanti kebecikan. Panjenengane Allah iku Maha pangapura sarata Maha Asih

71Dene sing sapa tobat, sarta ketara konjem nindakake kabecikan, iku tetap wong kang bali marang ngarsane Allah, bakal pikantuk ganjaran suwarga

72Lan wong kang ora dadi saksi goroh (palsu), apadene menawa mrangguli caturan kang ala, ora gelem ngopeni kaya tindake wong mulya

73Lan wong kang nalika dipituturi (dielengake) kanthi ayat - ayate Pangerane, kabeh diopeni, ora ana kang kecer, ora persasat wong kang budeg lan wuta

74Lan wong munjuk andedonga marang ALlah mengkene, "Dhuh Pangran kwula, mugi Panjenengan paring dhating kawula rabi kawula saha anak putu kawula sedaya dadosa sarana asrepipung paningal kawula (margi anggenipun ajrih ing Panjenengan kanthi netepi tindak kelakuwan ingkang sae) punapa dene kawula mugi Panjenengan dadosaken ngajengipun tiyang ingkang taqwa dhateng Panjenengan

75Ingkang mengkono mau bakal padha diganjar pangkat kang luruh ana ing suwarga, amarga anggone padha teguh atine. Wong - wong mau ana ing suwarga padh adibalekake dening Malaikat. Klawan jumurung selamet lan urip langgeng

76Anggone ana ing suwarga padha langgeng. Suwarga iku becik - beciking panggonan kang tetap

77(Muhammad) sira dhawuha marang para wong mau, "Upama kowe ora nyuwun ing Allah nalikane nampa keribedan, Allah ora perduli marang kowe". Kepriye anggone perduli, awit kowe kabeh wis maido marang Utusane Allah lan marang al-Qur'an. B esuk an aing akherat, siksane Allah iku tetep lestari tumrap wong kafir

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath