Islam
bali

15. Al-Hijr

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Ingsun Allah, Ingkang-Amir- sani.a Iki ayat-ayating Kitabb sarta Quranc kang agawé terang

2Kerep baé para kang padha kafir angajab lamuna mauné padha dadi Muslimin

3Padha togna baé, cikbèn padha mangan lan seneng-seneng sarta dhèwèké padha ébra pangarep-arep, amarga dhèwèké bakal énggal padha weruh

4Lan ora pisan Ingsun angle- bur sawijining kutha kajaba masthi mangsa wus diweruhaké marang iki

5Ora ana umat bisa anggégé mangsané kang wus tinamtokaké lan ora bisa nyumenèkaké

6Dhèwèké padha calathu: É, wong kang tinurunan Pépéling, sayekti kowé iku édan temen

7Yagéné kowé ora anekakaké para malaikat marang aku kéné manawa kowé golongané para wong temen

8Ingsun anurunaké para mala- ikat iku ora liya kajaba kalawan yakti, lan tumuli dhèwèké padha ora disumenèkaké

9Sayekti, Ingsun wus anurun- aké Pépéling, lan sayekti iku temen Ingsun kang rumeksa

10Lan sayekti temen Ingsun wus angutus ing saduru- ngira ing bangsa kang dhisik- dhisik

11Lan ora kena ora saben ana sawijining utusan tumeka marang dhèwèké, iku masthi padha di- guguyu

12Kaya mangkono iku Ingsun lebokaké ing ati-atiné para wong duraka

13Marang iku dhèwèké padha ora angèstu, lan temen wus katatalan lakuné para wong kang dhisik-dhisik

14Lan sanajan ta dhèwèké padha Ingsun wenganana lawang ing langit, tumuli nganti suwé padha munggah ing kono

15Amasthi bakal padha calathu: Mripatku mung padha kesérup, malah aku kabèh iki sawijining bangsa kang kena ing kemayan

16Lan sayekti temen, Ingsun wus andadèkaké pikuwat-pikuwat ana ing langit sarta iku Ingsun katonaké asri tumrap para kang andeleng

17Sarta iku Ingsun reksa saka sarupané sétan kang sinikokaké

18Ananging sapa sing nyolong pangrungu, iku urub kang padhang banjur anututi dhèwèké

19Lan bumi – iku Ingsun gelar, sarta Ingsun andokoki gunung kukuh ing kono apa déné ana ing kono Ingsun anuwuhaké samu- barang kalawan timbangan kang trep

20Lan ana ing kono Ingsun wus andadèkaké sarana-sarananing pa- nguripan tumrap marang sira lan tumrap sapa-sapa kang dudu sira kang angrejekèni

21Lan ora ana sawijining barang baé kang gedhong pasim- penané ora ana ing Ingsun, sarta iku ora Ingsun turunaké kajaba kalawan pamurwat kang wus kawruhan

22Lan Ingsun angutus angin kang anyuburaké tumuli Ingsun anurunaké banyu saka ing men- dhung, banjur iku Ingsun gawé ombènira, sarta iku dudu sira kang anyimpen

23Lan sayekti, temen Ingsun kang agawé urip lan agawé pati sarta Ingsun kang dadi Waris

24Lan temen Ingsun anguda- nèni sira kang padha ndhisiki sarta temen Ingsun angudanèni kang angèrèni

25Lan sayekti, Pangéranira, iku bakal angimpun dhèwèké; sayekti Panjenengané iku Wicaksana, Angudanéni

26Lan sayekti, temen Ingsun wus andadèkaké manusa saka lempung garing, saka endhut ireng kang winangun

27Lan jin, iku ing sadurungé, wus Ingsun dadèkaké saka geni kang banget panasé

28Lan nalikané Pangéranira angandika marang para malaikat:a Sayekti, Ingsun andadèkaké ma- nusa saka lempung garing, saka endhut ireng, kang winangun

29Bareng iku wus Ingsun gawé ganep langkep sarta ing jeroné wus Ingsun tiyup sarana ruh-Ingsun, padha tumundhuka marang dhè- wèké, sumujud.a

30Tumuli padha sujud sakèhing malaikat kabèh

31Ananging Iblis ora;b emoh dadi golongané kang padha sujud

32Panjenengané angandika: É, Iblis! apa karanané, déné kowé padha ora dadi golongané kang padha sujud

33Unjuké: Boten badhé kula punika sumujuda dhateng manusa, ingkang Tuwan dadosaken saking lempung garing, saking endhut cemeng ingkang winangun

34Pangandikané: lah metua saka ing kono, awit sayekti, sira iku katundhung

35Lan sayekti, wewelak tumiba marang sira tumeka ing dina pancasan

36Unjuké: Pangéran kawula! mila mugi aparing sumené ing kawula dumugi ing dintenipun piyambakipun sami tinangèk- aken

37Pangandikanipun: Lah sayek- ti, sira iku kagolong para kang pinaringan sumené

38Tumeka dinaa wayah kang wus kawruhan

39Unjuké: Pangéran kawula! sarèhning Tuwan sampun mancasi kawula dhumawah ing sasar, saèstu, awon badhé kawula damel anengsemaken tumrap piyambak- ipun wonten ing bumi, sarta saèstu kawula badhé anasaraken piyam- bakipun sadaya

40Kajawi para kawula Tuwan saking golonganipun, ingkang sami sinuci

41Pangandikané: Iki dalan jejeg ingatasé Ingsun

42Sayekti, para kawula-Ningsun, iku sira ora duwé kawasa tumrap marang dhèwèké, kajaba para sasar kang padha manut ing sira

43Lan sayekti, naraka iku eng- gon kang dijanjèkaké ing dhèwèké kabèh

44Iku ana koriné pitu; siji- sijining kori kabubuhan dhèwèké sabagéan kang pinantha

45Sayekti para wong bekti iku bakal padha ana ing sajroning patamanan sarta susumberan

46Padha lumebua mrono kala- wan rahayu, tentrem

47Lan Ingsun bakal ambirat apa kang ana ing dhadhané kang arupa pangunek-unek __ kaya sadulur, ana ing dhampar padha arep-arepan

48Ana ing kono sayah ora bakal angenani dhèwèké sarta ora bakal padha diwetokaké saka ing ko- no

49Wartanana para kawula-Ning- sun manawa Ingsun iku Ingkang- Aparamarta, Ingkang-Mahaasih

50Lan manawa siksa-Ningsun iku siksa kang anglarani

51Lan padha wartanana prakara dhayoh-dhayohé Ibrahim

52Nalika padha malebu marang panggonané banjur padha acala- thu: Rahayu. Wangsulané: Saèstu, kula ajrih dhateng panjenengan

53Padha calathu: Sampun sam- péyan ajrih, saèstu, kula suka wartos bibingah dhateng sampé- yan, sampéyan badhé sinungan putra jaler, sugih kawruh

54Calathuné: Kados pundi pan- jenengan aparing wartos bibingah ing kalanipun kula sampun dumugi umur sepuh? __ Lah, punapa ta baya wartos bibi- ngah ingkang panjenengan paring- aken kula

55Padha calathu: Kula suka wartos bibingah dhateng sampéyan punika kalayan yektos, mila- nipun sampun sampéyan dados èwoning tiyang ingkang putung ing pangajeng-ajeng

56Calathuné: Lan sinten ing- kang putung pangajeng-ajengipun dhateng wilasaning Pangéranipun kajawi para tiyang sasar

57Calathuné: lajeng punapa perlu panjenengan, dhuh para utusan

58Padha calathu: Saèstu, kula sami dipun utus dhateng ing umat ingkang sami duraka

59Kajawi para pandhèrèkipuna Luth:b Saèstu, punika sami badhé kula wilujengaken sadaya

60Kajawi rabinipun; sampun kula tamtokaken, saèstu piyambak- ipun kalebet golonganipun para ingkang sami kantun

61Bareng para utusan tumeka marang pandhèrèké Luth,c

62Dhèwèké calathu: Saèstu, panjenengan punika titiyang ing- kang boten kasumerepan

63Padha calathu: O, dhateng kula ing ngriki kalayan barang ingkang ing ngriku piyambakipun sami amabeni

64Sarta anggèn kula andhatengi sampéyan punika kalayan yakti tuwin kula punika saèstu sami temen

65Milanipun sampéyan késah kaliyan pandhèrèkd sampéyan ing péranganing dalu sarta sampéyan kinthil wingkingipun, punapa déné sampéyan sadaya sampun ngantos wonten satunggal kémawon ing- kang tumolih, sarta sampéyan terus dhateng pundi ingkang kaparén- tahaken dhateng sampéyan

66Lan Ingsun wedharaké ma- rang dhèwèké pancasan iki, yaiku oyodé iki bakal dikethok ing wayah bangun

67Lan wong-wong kutha padha teka, abungah-bungah

68Dhèwèké calathu: Sayekti iki dhayoh-dhayohku, mulané aja kowé padha agawé nisthaku

69Sarta padha diprayitna ma- rang Allah tuwin aja padha amirangaké aku

70Padha calathu: Apa aku ora wis padha anglarangi kowé tumrap wong-wong

71Dhèwèké calathu: Iki lho anak-anakku wadon, manawa kowé padha arep agawé

72Dhemi umurira! sayekti dhè- wèké iku padha bingung mak- makan ing dalem mendemé

73Tumuli swara gumludhuga angregem dhèwèké ing wayah mlethèking sréngéngé

74Tumuli Ingsun walik, lumahé dadi dhasaré sarta Ingsun udani watu kaya kang wus dadi pan- casan.b

75Sayekti, ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha aniti-niti

76Lan iku sayekti ana ing dadalan kang isih ana

77Sayekti, ing kono iku temen ana tandha tumrap para angèstu

78Lan wong kang padha dudu- nung ing gagrumbulan, temen iya padha atindak dudu

79Mulané Ingsun anibakaké wawales ing dhèwèké, sarta sayekti, sakaroné temen ana ing dalan umum kang di- turut

80Lan sayekti, para wong ing Al-Hijr temen padha anggorohaké para utusan

81Lan Ingsun wus anekakaké timbalan-timbalan-Ingsun, ananging iku dhèwèké padha mléngosi

82Lan dhèwèké padha natahi gunung minangka omah, kalawan padha aman

83Tumuli swara gumludhuga angregem dhèwèké ing wayah bangun-ésuk

84Lah apa kang pinakolih ora makolihi marang dhèwèké

85Lan anggon-Ingsun anitahaké langit-langit lan bumi sarta apa kang ana ing antarané iku ora liya kajaba kalayan yakti. Lan sayekti, wayahé temen tumeka; mulané sira sumingkira kalawan paramarta utama

86Sayekti Pangéranira iku Ing- kang-Anitahaké sagung dumadi, Ingkang-Angudanèni

87Sayekti, temen Ingsun wus amaringaké marang sira pitung kang tansah dibolan-balè- ni sarta Quran kang agung

88Sira aja banget mandengaké mripatira marang apa kang wus Ingsun paringaké marang golongan sawenéhé minangka bubungah, sarta aja sira susah tumrap prakara dhèwèké apa déné dilembah ma- nah marang para angèstu

89Lan calathua: Sayekti, aku iki juru-pépéling kang terang

90Kaya déné anggon-Ingsun anurunaké marang para kang angalang-alangi

91Yaiku para kang padha anga- rani Quran iku panggorohan

92Lah, dhemi Pangéranira, tem- en Ingsun bakal andangu dhèwèké kabèh

93Ing sabarang kang wus padha dilakoni

94Mulané terangna kalawan ngeblak apa kang diparéntahaké marang sira sarta sumingkira saka kang manembah pangéran akèh

95Sayekti, Ingsun bakal anyu- kup ing sira saka panglawané para kang padha angguguyu

96Yaiku para kang padha agawé sisihaning Allah sesembahan liya; lah dhèwèké bakal tumuli weruh

97Lan sayekti Ingsun temen angudanèni, yèn sira dadi bebeg dhadhanira amarga saka pangu- capé

98Mulané, mahasucèkna kala- wan pangalembananing Pangéra- nira, sarta dadia golongané para kang padha sumungkem

99Apa déné ngawulanana Pangéranira nganti barang yakin iku anekani sira

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath