Islam
bali

12. Yusuf

durung ana terjemahan ing basa sampeyan — nuduhake basa Inggris

1Ingsun Allah, Ingkang amir- sani.a Iki ayat-ayating Kitab, kang anyethakaké

2Sayekti anggon-Ingsun anu- runaké iki – Quran basa Arab – iku supaya sira padha mangerti

3Ingsun anerangaké marang sira kalawan becik-beciking katra- ngan asarana anggon-Ingsun amedharaké marang sira Quran iki, sanajan ta ing sadurungé iki sira iku temen éwoné wong kang padha ora anggraita

4Nalikané Yusuf calathu ma- rang bapakné: O, bapak! saèstu kula sumerep lintang sawelas sarta surya tuwin rembulan – paningal kula, punika sami sujud dhateng kula

5Calathuné: O, anakku! aja kok caritakaké impènmu iku marang sadulur-sadulurmu, mundhak padha agawé paéka marang kowé; sayekti sétan iku tumraping manusa mung- suh kang cetha

6Lan kaya mangkono, Pangé- ranmu bakal amiji kowé lan mulang kowé prakara anerangaké wicara, sarta bakal anyampurnak- aké nugraha-Né marang kowé lan marang tedhaké Ya’qub, kaya ang- goné Panjenengané wus anyam- purnakaké marang bapa-bapamu ing biyèn, Ibrahim lan Ishaq; sayekti Pangéranmu iku Anguda- nèni, Wicaksana

7Sayekti temen ana ing Yusuf lan para saduluré iku ana tandha- tandha tumrap wong kang padha takon

8Nalika padha calathu: Temen Yusuf lan saduluré iku luwih kasihan marang bapak tinimbang aku kabèh, mangka aku kabèh iki papanthan : sayekti bapak iki temen dumunung ing sasar kang tétéla

9Padha patènana Yusuf, utawa buwangen marang tanah-tanah supaya idhepé bapakmu mligi ma- rang kowé kabéh, lan ing sawisé iku kowé bakal padha dadi wong tulus

10Dhèwèké ana siji kang cala- thu: Aja padha kopatèni Yusuf, balik cemplungna ing dhasaring luweng, yèn kowé kudu-kudu ang- laksanani , cikbèn diju- puk sawenèhing wong kang padha lalaku

11Dhèwèké padha calathu: Dhuh bapak, punapa ta karana- nipun, déné ingatasipun Yusuf Panjenengan boten pitajeng dha- teng kula? Mangka kula punika saèstu sami mitra darma tumrap dhateng piyambakipun

12Mugi piyambakipun kadha- wuhana, tumut kula bénjing énjing, supados bingah-bingah saha dodo- lanan, saha saèstu kula ingkang sami badhé rumeksa dhateng piyambakipun

13Calathuné: Sayekti anda- dèkaké susahku manawa dhèwèké kogawaa, sarta aku kuwatir, mana- wa dhèwèké dimangsa ing asu ajag, déning kowé padha anglir- wakaké marang dhèwèké

14Dhèwèké padha calathu: sa- èstu, manawi sagawon ajag mang- sa piyambakipun, ing mangka kula punika sami papanthan ingkang prakosa, lah saèstu kula punika sami tiyang ingkang kapitunan

15Lah bareng padha lunga, kalawan dhèwèké, sarta padha go- long arep anyemplungaké dhèwèké marang dhasaring luweng, banjur Ingsun aparing sabda marang dhè- wèké: Sayekti sira bakal anjlèn- trèhaké marang dhèwèké ing pra- karané iki, sarta dhèwèké padha ora anggraita

16Lan dhèwèké ing wayah ngisa padha tumeka marang bapak- né karo nangis

17Padha calathu: Dhuh bapak kawula, saèstu kawula sami késah, sami aririkatan, sarta Yusuf kula tilar wonten ing panggénan barang-barang kawula, wusana piyambakipun kamangsa ing saga- won ajag, tamtu boten badhé panjenengan pitados sanajan kula sami temen

18Sarta padha angaturaké ku- lambiné kalawan ana getihé gogo- rohan. Dhèwèké calathu: O, lah, tumrapé kowé jiwamu padha ang- gagampang prakara iku, ananging sabar iku utama, lan Allah iku Ingkang sinuwunan pitulung panu- laké apa kang padha kocaritak- aké

19Lan ana wong lalaku padha teka, banjur ngakon juru ngang- suné, tumuli iku angudhunaké timbané. Dhèwèké calathu: O, kabar becik, iki ana bocah; lan iki padha disingidaké kaya barang dagangan, lan Allah iku anguda- nèni apa kang padha dilakoni

20Lan padha angedol dhèwèké kalawan rega murah, dhuwit salaka sathithik, sarta padha ora seneng ing dhèwèké

21Lan wong Mesir kang nuku dhèwèké acalathu marang rabi- né: Wènèhana padunungan kang mulya, ambokmanawa dhèwèké bakal migunani marang kéné utawa padha dak epèk anak. Lan kaya mangkono Ingsun anyanto- sakaké Yusuf ana ing nagara lan supaya Ingsun amulang dhèwèké kateranganing wicara-wicara; lan Allah iku anglindhihaké asarana paréntah-É, ananging akèh-akèh- ing manusa padha ora weruh

22Lan bareng dhèwèké wus tumeka ing diwasané, Ingsun pari- ngi kawicaksanan sarta kawruh: lan kaya mangkono anggon-Ingsun amituwasi wong kang padha atindak becik

23Wong wadon, kang omahé dienggoni déning dhèwèké, nga- rah, supaya dhèwèké tumiyunga , sarta angan- cingi lawang-lawangé, tuwin aca- lathu: Majua mréné. Calathu- né: Kula nyuwun pangayomanipun Allah, saèstu Pangéran kula sam- pun andamel saé ing padunungan kula; saèstu boten badhé begja titiyang ingkang atindak dédé

24Lan sayekti si wadon sir marang dhèwèké, sarta dhèwèké sir marang si wadon, lamun dhè- wèké oraa andeleng tandha yekti- ning Pangéran kang terang; kaya mangkono iku, supaya Ingsun angedohaké ala lan nistha saka dhèwèké; sayekti dhèwèké iku golongané para kawula-Ningsun kang padha tulus

25Lan sakaroné arebut dhisik menyang lawang, sarta kulambiné dhèwèké suwèk déning si wadon saka ing buri, lan ana sacedhaking lawang padha papagan karo lakiné. Si wadon calathu: Punapa wawa- lesipun tiyang ingkang sedya awon dhateng sémah sampéyan kajawi dipun kunjara utawi siksa ingkang nyakiti

26calathu: Piyam- bakipun si wadon punika ingkang angangkah supados kula tumiyung dhateng awakipun. Lan ana sawiji- ning saksi kalebu kulawargané kang anglahiraké pasaksi: Manawi rasukanipun suwèk saking ngajeng lah pun èstri ingkang temen, sarta pun jaler golongan- ipun para doracara

27Lan manawi rasukanipun suwèk saking wingking, lah pun èstri ingkang dora sarta pun jaler golonganipun para tiyang temen

28Mulané bareng weruh kulam- biné suwèké saka ing buri, acalathu: Sayekti iku kalebu kajuli- ganmu para wadon; sanyata kajuliganmu iku gedhé

29O, Yusuf, birata saka ing iki; déné kowé anyuwuna pangapura ing dosamu, sanyata kowé iku golongané para wong atindak luput

30Lan para wadon ing sajroning kutha padha calathu: Garwaning Sang Adipati angarah abdiné supaya tumiyunga marang awaké; sayekti dhèwèké banget kapranan ing sih marang awaké; sayekti, panyawangku kabèh, si wadon iku dumunung ana ing sasar kang tétéla

31Lah bareng si wadon ngrungu pangrancanané banjur padha disuruhi sarta padha disadhiyani bojana, apa déné siji-sijiné padha diwènèhi lading, sarta calathu : Padha wetonana. Lah bareng padha nyawang dhèwèké, padha angegungaké sarta tangané padha kiris , tuwin padha calathu: Adoh Allah iku ; dudu manusa iki; ora liya iki kajaba malaikat kang minulya

32cala- thu: Lah yaiki wongé kang dadi karanané kowé padha nyatur aku, lan temen aku ngarah tumiyung dhèwèké , ananging dhèwèké anyegah : lan lamun dhèwèké ora anglaksani apa paréntahku marang dhèwèké mas- thi bakal dikunjara sarta masthi bakal dadi golongané wong rucah- rucah

33Dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! kunjara punika tumrap- ipun kawula langkung kawula remeni tinimbang nuruti pangajak- ipun titiyang punika dhateng kawula; sarta manawi Tuwan bo- ten anebihaken pangrancananipun saking kawula, kawula badhé kapéncut dhateng piyambakipun sarta badhé dados golonganipun para titiyang bodho

34Tumuli Pangérané anyem- badani panyuwuné banjur ange- dohaké pangrancanané saka ing dhéwéké; sayekti Panjenengané Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Nguda- nèni

35Tumuli, ing sawisé padha weruh pratandha-pratandha, padha duwé panemu, dhèwèké kudu dikunjara nganti sawatara mang- sa

36Lan ana nonoman loro lume- bu kunjara ambarengi dhèwèké. Kang siji calathu: Pandelengku aku meres anggur. Lan sijiné calathu: Pandelengku aku nyunggi roti, iku padha dipangan manuk. Aku padha terangna marang pradikané; sayek- ti, panyawangku, kowé iku golo- ngané wong-wong kang atindak becik

37Wangsulané: Pangan kang di- ingokaké marang kowé ora bakal tumeka ing kowé sakaroné, ana- nging aku bakal anerangaké ing kowé sakaroné marang pradikané, sadurungé iku tumeka marang kowé sakaroné: iki saka pamu- langé Pangéranku marang aku: sayekti aku iki ninggal agamané wong kang ora padha angèstu ing Allah sarta marang akhirat dhè- wèké padha maido

38Sarta aku manut agamané bapak-bapakku, Ibrahim lan Ishaq lan Ya’qub; ora mungguh tumrapé aku yèn anyakuthokna sawiji-wiji kalawan Allah: Iki saka lubèring paparingé Allah marang aku lan marang kamanusan, ananging akèh-akèhing manusa ora padha atur panuwun

39Dhuh kancaku sapakunjaran sakaroné, apa sesembahan mawar- na-warna iki kang luwih becik, apa ta Allah, Ingkang-Maha-tunggal, Ingkang-Winenang

40Kowé padha ngawulani sali- yané Panjenengané iku ora liya kajaba mung jeneng-jeneng kang padha koarani, kowé lan bapak- bapakmu, Allah ora anurunaké wisésa tumrap iku; pancasan iku mung kagunganing Allah; Panje- nengané wus andhawuhaké kowé aja padha ngawula kajaba marang Panjenengané; iki agama kang jejeg, ananging akèh-akèhé ma- nusa padha ora weruh

41Dhuh kancaku sapakunjaran sakaroné! mungguh kowé, kang siji, iku bakal angladèni unjukan sajeng gustiné; déné mungguh sijiné, iku bakal dipenthèng, banjur manuk padha nucuki sirahé; wus diputus prakara kang padha kotakokaké iku

42Dhèwèké acalathu marang kang siji, kang dhèwèké weruh, yèn iku bakal diluwari: Élinga marang aku ana ngarsané gustimu; ananging sétan anglalèkaké dhè- wèké angaturaké marang gustiné; dadi dhèwèké olèhé ana ing pakunjaran sawatara taun

43Lan Sang Nata ngandika: Sayekti aku weruh ana sapi pitu lemu-lemu, iku dipangan sapi pitu kuru-kuru; sarta ana wuwulèn pitu ijo-ijo tuwin liyané manèh kang garing; O, para panggedhé, aku werdènana impènku, manawa kowé padha bisa mradikani impèn

44Padha matur: Supenan wor- suh, saha kula dhateng pradikaning supenan sami boten sumerep

45Lan salah sijiné loro kang diluwari sarta sawisé lawas lagi kèlingan Yusuf, acala- thu: Cobi panjenengan kula terang- aken pradikanipun, milanipun cobi kula kaparenga mundur rumiyin

46O, Yusuf, o, wong temen! Aku pradikanana, sapi pitu lemu- lemu kang padha dipangan sapi pitu kuru-kuru, sarta wuwulèn pitu ijo-ijo tuwin liyané manèh kang padha garing, supaya baliku menyang para wong-wong kaé dhèwèké bakal padha weruh

47Wangsulané: Pitung taun kowé padha nandura kaya sabené; banjur apa panènanmu cikbèn ana ing wuwulèn baé, kajaba sathithik kang arep padha kopangan

48Sawisé mangkono banjur tu- meka mangsa kesrakat pitung taun, kang bakal angentèkaké tandhon- mu pasadiyan kang dhisik, kajaba sathithik kang bakal padha ko- ngèngèhaké

49Sawisé mangkono banjur tu- muli tumeka sawijining taun, kang ing kono wong-wong padha kapa- ringan udan, sarta ing kono bakal padha meres

50Lan sang Nata angandika: Dhèwèké gawanen mréné. Bareng utusan wis teka dhèwèké, dhèwèké calathu: Balia marang gustimu sarta nyuwuna priksa panjenengané, kapriyé ka- anané para wadon kang padha kiris tangané; sayekti Pangéranku angu- danèni pangrencanané

51Pangandikané: Kapriyé kara- nané nalikané kowé angarah amrih Yusuf tumiyung marang awak- mu? Aturé: Tebih Allah punika , kula sami boten sumerep piyambakipun kadunu- ngan awon. Bojoning Sénapati matur: Ing sapunika kanyataan sampun tetep: Kula angangkah, supados piyambakipun tumiyung dhateng badan kula, anamung saèstu piyambakipun punika golo- nganipun titiyang ingkang sami temen

52Mangkéné iki supaya pan- jenengané weruha, manawa ana ing pasepèn aku ora cidra sarta manawa Allah iku ora aparing tuntunan pangrencanané para wong cidra

53Lan ora pisan aku angaku suci; sayekti ati iku lumrahé masthi angajani marang ala, kajaba sapa-sapa kang sinihan ing Pangé- ranku; sayekti Pangéranku iku Aparamarta, Mahaasih

54Lan Sang Nata ngandika: Dhèwèké tekakna mréné, arep dak pilih dadi pipijènku. Bareng panje- nengané wis wawansabda karo dhèwèké, pangandikané: Sayekti, ing dina iki kowé ana ing ngarsaku dadi wong kang kinurmatan, pinracaya

55Aturé: Mugi kula kinula- wisuda anguwasani bandha nagari; saèstu kula punika juru-rumeksa ingkang saé, sumerep saèstu

56Lan kaya mangkono iku ang- gon-Ingsun aparing pangawasa ing bumi marang Yusuf – dhèwèké anyekel wewenang ing kono, ing ngendi sakarepé; Ingsun anurunaké wilasa-Ningsun marang sapa kang dadi kapareng-Ingsun, lan Ingsun ora angilangaké ganjarané wong kang padha alaku becik

57Lan sayekti ganjaran akhirat iku luwih becik tumrap para kang padha angestu sarta kang padha prayitna

58Lan saduluré Yusuf padha teka, banjur padha marek marang dhèwèké, lan dhèwèké weruh marang para saduluré nanging iki marang dhèwèké padha pangling

59Lan bareng anggoné dhèwèké anyadhiyani gawané-pangan wis sumadhiya, acalathu: Tekakna mréné sadulurmu siji kang saka bapakmu; apa kowé padha ora weruh, yèn aku iki aga- nep ing taker sarta aku iki becik- beciké wong kang padha nampani dhayoh

60Lah manawa kowé ora padha anekakaké dhèwèké marang aku kéné, kowé ya ora bakal padha olèh taker saka ing aku sarta ora bakal padha olèh marek aku

61Padha matur: Kula sami badhé angangkah, amurih bapak- ipun tumiyunga manahipun angu- lungaken piyambakipun, lan saèstu kula sami badhé nindakaken

62Lan dhèwèké angandika ma- rang batur-baturé: Dhuwité padha lebokna marang karungé, supaya yèn wis padha bali marang batihé, iku mengko padha diwe- ruhana, supaya padha balia

63Bareng wis padha bali marang bapakné padha matur: Dhuh bapak, taker, kula boten dipun kéngingaken, milanipun sadhèrèk kula mugi kadhawuhan tumut kula, kula sami angsal taker, saha kula saèstu ingkang badhé angreksa dhateng piyambakipun

64Calathuné: Aku ora bisa pitaya marang kowé kabèh inga- tasé prakara dhèwèké, mundhak kaya anggonku pitaya marang kowé kabèh ingatasé prakara saduluré dhèk biyèn; ananging Allah iku becik-beciké Juru- rumeksa, sarta Panjenengané iku luwih asih-asihé para kang padha asih

65Lan bareng padha andhudhah barangé, tinemu, duwité padha dibalèkaké marang dhèwèké. Pa- dha calathu: Dhuh Bapak! punapa ingkang kula sami ajeng- ajeng? Punika bandha kula ngriki kawangsulaken dhateng kula ma- lih, sarta kula sami badhé angang- salaken gandum kulawarga kula, tuwin rumeksa sadhèrèk kula, saha badhé angsal wewah malih taker samomotaning unta; punika take- ran mayar

66Calathuné: Ora pisan dhè- wèké bakal dak kon milu kowé, nganti kowé padha awèh prasetya marang aku kalawan asmaning Allah, yèn dhèwèké masthi bakal kogawa bali marang aku mréné, kajaba manawa kowé padha kine- pung-wakul. Lah bareng wis padha awèh prasetyané marang dhèwèké, dhèwèké acalathu: Allah iku kang pinasrahan sabarang kang padha dakucapaké

67Lan dhèwèké calathu: Dhuh, anak-anakku! aja kowé padha lumebu metu lawang siji, lan padha lumebua metu lawang séjé-séjé, tur tumraping Allah aku iki tanpa daya apa-apa marang kowé kabèh; pancasan iku mung kagunganing Allah: marang Panje- nengané sumarahku, lan marang Panjenengané sumarahé para kang padha sumarah

68Lan bareng wis padha male- bu, kaya paréntahé bapakné ing dhèwèké, tumraping Allah iku tan- pa daya apa-apa babar pisan ma- rang dhèwèké kabèh, ananging pangajab ing jeroning jiwané Ya’qub kang katindakaké; lan sayekti dhèwèké iku temen wus duwé kawruh, amarga dhèwèké Ingsun paringi weruh, ananging akèh-akèhing manusa padha ora weruh

69Lan bareng wis padha lume- bu marang panggonané Yusuf, sa- duluré dipondhokaké ing panggo- nané dhéwé kono, calathuné: Aku iki sadulurmu, mulané aja susah marang sabarang kang padha di- lakoni

70Lah bareng anggoné dhèwèké anyadhiyani gawané-pangan wis sumadhiya, tuwung pangunjukan diseselaké ing karu- ngé saduluré. Tumuli ana wong anguwuh-uwuh, panguwuhé: É, wong untan-untan satemené kowé kabèh iku maling

71Padha calathu kalawan anga- dhepaké dhèwèké kabéh: Sam- péyan kécalan punapa

72Padha mangsuli: Aku padha kélangan gelas pangunjukané Sang Prabu, lan sapa sing nemokaké mréné bakal olèh samomotaning unta, lan aku kang tanggung marang prakara iku

73Padha acalathu: Dhemi Allah, saèstu panjenengan temen sami sumerep, manawi anggèn kula sami dhateng mriki punika boten karana badhé adamel wisuna ing bumi, saha kula punika sami sanès pandung

74Calathuné: Lah apa bakal wa- walesé prakara iki, manawa kowé padha wong goroh

75Aturé: Wewalesipun prakawis punika, inggih ing karungipun sin- ten pinanggihipun, punika ingkang badhé anyanggi wawalesipun; ka- dos makaten manawi kula amidana titiyang atindak dèdè

76Banjur wiwit karung-karungé sadurungé karungé saduluré; tumuli barangé diwe- tokaké saka karungé saduluré. Kaya mangkono anggon-Ingsun angrancang kanggo kaperluané Yusuf; ing dalem angger- anggeré Sang Prabu ora yèn ta dhèwèké anjupuka saduluré, kajaba manawa dadi kaparenging karsané Allah; Ingsun angung- gahaké darajaté sapa kang dadi kaparenging karsa-Ningsun, sarta sadhuwuré sakèhé kang duwé ka- wruh iku Ingkang-Angudanèni

77Padha calathu: Yèn dhèwèké nyolong , lah saduluré biyèn iya nyolong; ananging iku sinidhem déning Yusuf ana ing sajroning atiné, lan ora diwedharaké marang dhèwèké. Calathuné: Kowé iku dumunung ing kahanan kang ala, lan Allah iku luwih anguningani marang barang kang padha sira ngucapaké

78Padha matur: Dhuh Sang Adipati! piyambakipun gadhah bapak, tiyang sepuh sanget, mila- nipun mugi kaparenga mundhut kula salah satunggal minangka lilintunipun; saèstu, panyawang kula, panjenengan punika golonga- nipun titiyang ingkang adamel kasaénan

79Calathuné: Muga Allah apa- ring pangayoman marang aku, aja nganti aku anyekel sapa-sapa, kajaba kang tinemu kanggonan barangku, mundhak aku dadi wong anganiaya temenan

80Lah bareng wis padha ilang pangarep-arepé ing dhèwèké, padha mundur, padha apirembugan dhè-dhèwèkan. Kang tuwa dhéwé acalathu: Apa kowé padha ora weruh, yèn bapak wis mundhut prasetya kalawan asmaning Allah marang kowé kabèh, lan yèn ing biyèn kowé wis padha pépéka tumrap prakara Yusuf? Mulané ora pisan aku bakal ninggal nagara iki, nganti tumekané bapak aparing idin marang aku, utawa manawa Allah amancasi marang aku, lan Panjenengané iku Becik-beciké para kang padha amancasi

81Padha balia marang dalemé bapak, banjur padha matura: Dhuh bapak! saèstu ingkang putra , saha boten liya kula kajawi namung sami aneksèni punapa ingkang sami kula sume- rep, saha boten saged kula sami angawat-awati dhateng ingkang boten katingal

82Saha mugi Panjenengan an- dangu ing salebetipun nagari ing pundi ingkang sami kula ambah tuwin untan-untan sarengan kula lumampah, sarta saèstu kula puni- ka sami temen

83Dhèwèké acalathu: Ora, jiwa- mu anganggep sawijining prakara ènthèng tumrapé kowé, mulané sabar iku becik; manawa-manawa Allah anekakaké dhèwèké kabèh marang aku; sayekti Panjenengané iku Ingkang-Angudanèni, Ingkang- Wicaksana

84Lan dhèwèké maléngos saka anak-anaké sarta acalathu: Dhuh kasusahanku tumrap si Yusuf! Sarta mripaté angembeng amarga saka susahé lan dhèwèké angempet

85Padha acalathu: Dhemi Allah! panjenengan boten badhé kèndel angènget-ènget Yusuf, ngantos panjenengan dhumawah dipun lud ing sakit, utawi pan- jenengan kalebet golonganipun titiyang ingkang tiwas

86Calathuné: Aku mung asa- sambat kasusahanku lan prihatinku marang Allah, lan aku weruh saka ing Allah barang kang kowé padha ora weruh

87O, anak-anakku! padha mang- kata lan angupayaa katrangan pra- kara Yusuf lan saduluré, sarta aja padha pedhot pangarep-arepmu marang wilasaning Allah; sayekti, ora ana wong pedhot pangarep- arepé marang wilasaning Allah kajaba wong kang padha kafir

88Bareng wis padha marek dhèwèké, padha matur: Dhuh Sang Adipati! kasrakat andhawahi kula saha kulawarga kula, sarta dhateng kula ambeta arta sakedhik; mila- nipun mugi kula kaparingan taker ingkang jangkep saha ingkang loma dhateng kula; saèstu Allah punika amales para titiyang ing- kang loma

89Calathuné: Apa kowé padha aweruh, kapriyé panggawému marang Yusuf lan saduluré nalika kowé padha bodho

90Padha matur: Punapa panje- nengan punika saèstu Yusuf? Cala- thuné: Aku Yusuf, lan iki sadulur- ku; temen Allah welas marang aku; sayekti, sapa sing prayitna sarta sabar – lah sayekti, Allah iku ora angilangaké ganjarané para wong kang atindak becik

91Padha calathu: Dhemi Allah! sayekti temen saiki Allah wus amilih kowé angungkuli aku ka- bèh, lan sayekti aku iki padha wong dosa

92Calathuné: Ing dina iki wis ora panutuh marang kowé kabèh; muga Allah anga- pura marang kowé kabèh, lan Panjenengané iku luwih Welas- welasé kang padha welas

93Padha mangkata, klambiku iki gawanen, banjur sèlèhna ing ngarsané bapak, panjenengané bakal pirsa sarta tekaa marang aku mréné karo kulawargamu kabèh

94Bareng untan-untan wis mangkat, bapakné calathu: Sayek- ti, aku weruh kaagungané Yusuf, lamun kowé ora angarani aku kendho ing akal

95Padha calathu: Dhemi Allah, saèstu panjenengan punika dumu- nung wonten ing sasar panje- nengan kala rumiyin

96Lah bareng kang anggawa kabar bungah teka, disèlèhaké ing ngarepé,a lah dhèwèké dadi yakin.b Calathuné: Apa aku ora kandha marang kowé, yèn aku weruh saka ing Allah barang kang kowé padha ora weruh

97Padha calathu: Dhuh bapak, mugi panjenengan nyuwunaken pangapunten kula ing kalepatan kula; saèstu kula punika sami tiyang dosa

98Calathuné: Aku bakal nyu- wunaké pangapura kowé marang Pangéranku; sayekti, Panjenengané iku Ingkang-Aparamarta, Ingkang- Mahaasih

99Lah bareng wis padha marek marang Yusuf, para wong tuwané padha dipapanaké ing panggonané karo calathu: Sumangga sami lumebet ing Mesir kalayan aman, manawi dados kaparengipun Allah

100Lan dhèwèké angunggah- aké wong tuwané loro marang dhampar lan padha tumundhuk sujud marang dhèwèké, sarta calathu: Dhuh bapak! punika wahananipun supenan kula kala rumiyin punika; saèstu punika kadadosaken kanyataan déning Pangéran kula; saèstu Panjene- nganipun sampun adamel saé dha- teng kula, nalika Panjenenganipun angedalaken kula saking kunjara saha angedalaken panjenengan sa- daya saking saganten wedhi ing sasampunipun sétan anyebar co- congkrahan antawisipun kula kali- yan para sadhèrèk kula; saèstu Pangéran kula punika alus tumrap sinten ingkang dados kaparenging karsa-Nipun; saèstu, Panjenengan- ipun punika Ingkang-Angudanéni, Ingkang-Wicaksana

101Pangéran kawula! Tuwan sampun amaringi karaton dhateng kawula saha sampun amulang kawula prakawis pradikaning wi- cara; Ingkang-Anitahaken langit- langit lan bumi! Tuwan punika Pangayoman kawula ing donya tuwin akhirat; mugi keparengaken pejah kawula pejahipun Muslim saha mugi kawula Tuwan kempal- aken kaliyan para tiyang tulus

102Iki kalebu pawarta-pawarta prakara kang ora katon, Ingsun wedhar marang kowé, lan kowé ora nungkuli dhèwèké nali- kané padha amutusi prakarané lan padha angrancang paékan

103Lan akèh-akèhé manusa ora bakal padha pracaya sanajan ba- nget kapénginira

104Lan ingatasé iki sira ora anjaluk pituwas marang dhèwèké padha; iku ora liya kajaba pépéling tumrap saindhenging kamanusan

105Lan wis sapira kèhé tandha- tandha ing langit-langit lan bumi, kang dhèwèké wis padha ang- liwati; éwadéné padha maléngos saka ing kono

106Lan dhèwèké iku akèh- akèhé padha ora angèstu ing Allah tanpa anyakuthokaké liyané

107Lah apa ta dhèwèké padha rumasa aman, manawa ana sik- saning Allah kang anglimputi anekani marang dhèwèké, utawa mangsané tanpa cacala anekani dhèwèké kang sarta dhè- wèké padha ora anggraita

108Calathua: Iki dalanku, aku anguwuh marang Allah kalawan yakin,a aku lan para kang padha manut aku, lan Mahasuci Allah, sarta ora pisan aku iki golongané para mangro tingal

109Lan Ingsun wus utusan ing sadurungira ora liya kajaba wong- wong lanang wong- ing kutha-kutha, padha Ingsun wedhari sabda. Lah apa ta padha ora lalaku ing bumi sarta padha andeleng kapriyé kawusa- nané para wong ing sadurungé? Lan sayekti, padunungan akhirat para kang padha bekti luwih becik; lah apa ta kowé padha ora mangerti

110Nganti tumeka samangsané para utusan pedhot pangarep-arepé sarta para kang milawani rumasa yakin yèn awaké nyata padha digorohi, pitulung-Ingsun tumeka marang dhèwèké, sarta sinalamet- aké sapa kang dadi kaparenging karsa-Ningsun; lan siksa-Ningsun ora kena ditulak saka wong-wong kang duraka

111Sayekti temen, ing sajro- ning carita lalakoné, ana wuwu- langé tumrap wong-wong kang duwé akal. Iku dudu carita kang dianggit-anggit, ananging minang- ka ambeneraké apa kang ana ing ngarepéa sarta panerang-awijang marang samubarang, apa déné tun- tunan tuwin wilasa tumrap wong- wong kang padha angèstu

sumber: Unknown

WEBREATH · 11:11

«If you are thankful, I will give you more» — Quran 14:7

Breath is one for all: everyone lives by it, whoever they are and whatever they believe. Every day at 11:11 local time people stop for sixty seconds, breathe, and thank GOD for the breath — each in their own words, each within themselves. In that minute we are One Breath.

WEBREATH — the Minute at 11:11, your own local time — we are One Breath